Pangentasan 25:1-40

25  Yéhuwah kandha karo Musa,  ”Kowé kudu ngandhani wong Israèl bèn nggawa sumbangan kanggo Aku. Kumpulna sumbangan saka wong-wong sing ikhlas mènèhi.+  Iki sumbangan sing kudu mbok kumpulké saka wong-wong kuwi: emas,+ pérak,+ tembaga,+  benang biru, wol ungu, benang abang, benang linèn sing alus, wulu kambing,  kulit domba lanang sing diwerna abang, kulit anjing laut, kayu akasia,+  minyak kanggo lampu,+ balsam* kanggo bahan minyak suci*+ lan dupa wangi,+  watu oniks lan watu liyané sing dipasang ing éfod*+ lan tutup dhadha.+  Kowé kudu nggawé panggonan kanggo ngibadah marang Aku, lan Aku bakal manggon ing antarané wong-wong kuwi.+  Kowé kudu nggawé tabernakel* lan kabèh perlengkapané, persis karo rancangan sing Tak duduhké marang kowé.+ 10  ”Kowé kudu nggawé pethi saka kayu akasia, dawané loro setengah hasta,* ambané siji setengah hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 11  Bagéan njaba lan njeroné kudu dilapisi emas murni.+ Pinggirané ya kudu mbok wènèhi bingkai saka emas.+ 12  Kowé kudu nggawé gelang emas papat, terus kudu mbok pasang ing ndhuwuré sikilé Pethi kuwi. Saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. 13  Kowé ya kudu nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, terus kudu mbok lapisi emas.+ 14  Tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing sisih kiwa lan tengené Pethi, bèn Pethi kuwi isa mbok usung. 15  Tongkat-tongkat kuwi kudu tetep ana ing njeroné gelang-gelangé Pethi kuwi, ora éntuk dicopot.+ 16  Kesaksian* sing bakal Tak wènèhké marang kowé kudu mbok dèlèhké ing njeroné Pethi kuwi.+ 17  ”Kowé kudu nggawé tutup Pethi saka emas murni, dawané loro setengah hasta* lan ambané siji setengah hasta.+ 18  Kowé kudu nggawé patung kerub loro saka emas ing pinggiré tutup Pethi kuwi, yaiku ing sisih kiwa lan tengené tutup pethi kuwi.+ Carané nggawé kudu dibentuk nganggo palu. 19  Patung kerub sing siji ing bagéan pinggir sisih kiwa, lan patung kerub sijiné ing bagéan pinggir sisih tengen. 20  Patung kerub kuwi kudu adhep-adhepan lan mbungkuk. Wajahé madhep tutupé Pethi kuwi. Sayapé+ kudu diegarké mendhuwur bèn isa nutupi tutupé Pethi kuwi. 21  Tutup kuwi+ kudu mbok pasang ing Pethi kuwi, lan Kesaksian* sing bakal Tak wènèhké marang kowé kudu mbok dèlèhké ing njeroné Pethi kuwi. 22  Aku bakal nemoni kowé lan ngomong karo kowé ing ndhuwuré tutup Pethi kuwi.+ Saka tengah-tengahé kerub sing ana ing ndhuwuré Pethi Kesaksian,* Aku bakal ngandhani kowé soal kabèh préntah-Ku sing kudu mbok omongké marang wong Israèl. 23  ”Kowé ya kudu nggawé méja+ saka kayu akasia, dawané rong hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré siji setengah hasta.+ 24  Méja kuwi kudu mbok lapisi emas murni. Pinggirané ya kudu mbok wènèhi bingkai saka emas. 25  Pinggiran ing sak ubengé méja kuwi ambané sak tlapak tangan,* terus ing sak ubengé pinggiran kuwi ya kudu diwènèhi hiasan saka emas. 26  Kowé kudu nggawé gelang emas papat, terus kudu mbok pasang ing pojokané meja kuwi, ing sikilé méja sing bagéan ndhuwur. 27  Gelang-gelang kuwi kudu ana ing cedhaké pinggiran méja. Gelang-gelang kuwi bakal dileboni tongkat-tongkat sing dienggo ngusung méja kuwi. 28  Kowé kudu nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan kuwi kudu mbok lapisi emas. Tongkat-tongkat kuwi digunakké kanggo ngusung méja mau. 29  ”Kowé kudu nggawé piring lan cangkir, kendhi lan mangkok sing digunakké kanggo ngesokké persembahan minuman. Kuwi kabèh kudu digawé saka emas murni.+ 30  Roti persembahan kudu terus mbok dèlèhké ing ndhuwuré meja, ing ngarep-Ku.+ 31  ”Kowé kudu nggawé wadhah lampu+ saka emas murni. Carané nggawé kudu dibentuk nganggo palu. Wadhah lampu kuwi kudu ana alasé, gagangé, cabang-cabangé, kelopaké, kuncupé, lan kembangé. Kabèh kuwi kudu digawé saka emas sak batang. Nggawéné ora éntuk dipisah-pisah.+ 32  Wadhah lampu kuwi cabangé enem, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. 33  Ing saben cabang sing ana ing sisih kiwa kudu ana kelopak telu sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. Saben cabang sing ana ing sisih tengen ya kudu digawé kaya ngono. Dadi, enem cabangé wadhah lampu kuwi kudu digawé kaya ngono. 34  Ing gagangé wadhah lampu kuwi ana kelopak papat sing bentuké kaya kembang almond, disusun selang-seling karo kuncup lan kembangé. 35  Ing ngisoré sak pasang cabang sing pertama kudu ana kuncup siji. Terus, ing ngisoré sak pasang cabang sing keloro kudu ana kuncup siji. Lan, ing ngisoré sak pasang cabang sing ketelu kudu ana kuncup siji. Enem cabang sing ana ing gagang kuwi kudu digawé kaya ngono. 36  Kuncup, cabang, lan kabèh bagéan saka wadhah lampu kuwi kudu digawé saka emas murni sak batang sing dibentuk nganggo palu.+ Nggawéné ora éntuk dipisah-pisah. 37  Kowé kudu nggawé mangkok cilik pitu saka emas lan kudu mbok pasang ing ndhuwuré wadhah lampu kuwi. Nèk diurubké, lampu-lampu kuwi bakal madhangi ngarepé.+ 38  Alat kanggo njepit sumbu lan wadhah bara kudu digawé saka emas murni.+ 39  Wadhah lampu kuwi lan kabèh perlengkapané kudu digawé saka sak talènta* emas murni. 40  Kowé kudu nggawé kabèh kuwi persis karo rancangan sing diduduhké marang kowé ing gunung iki.+

Katrangan Tambahan

Minyak sing dienggo nglantik wong.
Kémah kanggo ngibadah wong Israèl sing isa dipindhah-pindhah. Kadhang-kadhang disebut ”kémah pertemuan”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné préntahé Gusti Allah.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Maksudé, lèmpèngan-lèmpèngan watu sing isiné préntahé Gusti Allah.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.