Pangentasan 26:1-37

  • Tabernakel (1-37)

    • Kain kémah (1-14)

    • Papan kayu sing bentuké bingkai lan alas kanggo nancepké cagak (15-30)

    • Kordhèn (31-37)

26  Kowé kudu nenun kain kémah sepuluh saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang kanggo tabernakel kuwi.+ Kowé kudu nyulam gambar kerub+ ing kain-kain kuwi.+  Saben kain ukurané kudu padha,+ yaiku dawané 28 hasta lan ambané 4 hasta.*  Kowé kudu nyambung kain lima dadi kain gedhé siji, lan kain lima liyané ya disambung dadi kain gedhé siji. Dadi, bakal ana kain gedhé loro.  Ing pinggirané kain gedhé sing siji, gawéa gelang saka benang biru. Kain gedhé sing sijiné ya kudu mbok gawé kaya ngono, bèn kain-kain kuwi isa disambungké.  Kowé kudu nggawé 50 gelang saka benang ing kain gedhé sing siji, lan 50 gelang saka benang ing kain gedhé sing sijiné, bèn wektu disambungké, gelang saka benang kuwi ana pasangané.  Kowé kudu nggawé 50 canthèlan saka emas, lan kuwi kudu digunakké kanggo nyambungké kain loro sing gedhé kuwi bèn dadi kain gedhé siji ing tabernakel.+  ”Kowé ya kudu nggawé 11 kain+ saka wulu kambing+ kanggo nutupi tabernakel.  Saben kain ukurané kudu padha, yaiku dawané 30 hasta lan ambané 4 hasta.*  Kowé kudu nyambungké kain lima dadi kain siji sing gedhé. Enem kain liyané ya kudu mbok sambung dadi kain siji sing gedhé. Kain keenem sing nutupi bagéan ngarep kémah kuwi kudu mbok tekuk. 10  Kowé kudu nggawé 50 gelang saka benang ing pinggirané kain gedhé sing siji lan 50 gelang saka benang ing pinggirané kain gedhé sijiné bèn isa disambungké. 11  Kowé kudu nggawé 50 canthèlan saka tembaga, terus kudu mbok lebokké ing gelang saka benang kuwi kanggo nyambungké kain-kain kuwi dadi siji. 12  Bakal ana setengah bagéan kain kémah sing turah ing bagéan mburi tabernakel. Kain kuwi bèn nggantung ing kono. 13  Ing sisih tengen lan sisih kiwané tabernakel, kain kémah kuwi kudu sak hasta luwih dawa saka kain linèn, bèn isa nutupi tabernakel. 14  ”Kowé kudu nggawé tutup tabernakel saka kulit domba lanang sing diwerna abang. Kowé ya kudu nggawé tutup tabernakel saka kulit anjing laut,+ terus dèlèhna ing ndhuwuré kain saka kulit domba lanang mau. 15  ”Kanggo témboké tabernakel, kowé kudu nggawé rangka+ saka kayu akasia. Kayu-kayu kuwi kudu dipasang ngadeg jejeg.+ 16  Saben rangka kayu dhuwuré sepuluh hasta lan ambané siji setengah hasta. 17  Ing ngisoré rangka kayu kuwi, kudu ana bagéan kanggo nancepké, sing jumlahé loro lan posisiné jèjèran. Kabèh rangka kayu kuwi kudu digawé kaya ngono. 18  Kowé kudu nggawé 20 rangka kayu kanggo bagéan tabernakel sing madhep kidul. 19  ”Kowé kudu nggawé 40 alasé cagak saka pérak+ kanggo nancepké 20 rangka kayu mau. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu mbok wènèhi alas loro. Bagéan ngisoré rangka kayu mau kudu ditancepké ing alas loro kuwi. Kabèh rangka kayu mau kudu digawé kaya ngono.+ 20  Kanggo bagéan tabernakel sing madhep lor, kowé kudu nggawé 20 rangka kayu 21  lan 40 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu mbok wènèhi alas loro. Kabèh rangka kayu mau kudu digawé kaya ngono. 22  Kowé kudu nggawé enem rangka kayu+ kanggo bagéan mburiné tabernakel, yaiku sing madhep kulon. 23  Kowé kudu nggawé rangka kayu loro kanggo nyangga bagéan mburi tabernakel, ing rong pojokané. 24  Rangka kayu loro kuwi kudu didadèkké siji saka ngisor tekan ndhuwur, yaiku ing gelang sing pertama. Kabèh rangka kayu kuwi kudu digawé kaya ngono. Rangka kayu mau bakal nyangga pojokan-pojokané tabernakel bagéan mburi. 25  Dadi, kabèhé ana 8 rangka kayu lan 16 alas cagak saka pérak. Ing ngisoré saben rangka kayu kudu ana alas loro. 26  ”Kowé kudu nggawé palang lima saka kayu akasia kanggo nyambungké rangka kayu ing bagéan tabernakel sisih kidul,+ 27  terus palang lima manèh ing bagéan tabernakel sisih lor, lan palang lima ing bagéan tabernakel sisih kulon, yaiku bagéan mburi. 28  Palang kanggo bagéan tengahé rangka kayu kudu dipasang saka pojok tekan pojok. 29  ”Rangka kayu lan palang-palangé kudu mbok lapisi emas.+ Kowé ya kudu nggawé gelang-gelang saka emas. Terus, palangé kudu mbok lebokké ing gelang-gelang emas kuwi. 30  Tabernakel kuwi kudu mbok gawé persis karo rancangan sing wis diduduhké marang kowé ing gunung iki.+ 31  ”Kowé kudu nenun kordhèn+ saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Kowé kudu nyulam gambar kerub ing kordhèn kuwi. 32  Kordhèn kuwi kudu mbok gantung ing cagak papat saka kayu akasia sing dilapisi emas. Gantungané kordhèn kudu mbok gawé saka emas. Cagak-cagak kuwi kudu mbok tancepké ing alas cagak saka pérak sing cacahé papat. 33  Kordhèn mau kudu mbok gantung ing canthèlan, lan dèlèhna Pethi Kesaksian*+ ing mburiné kordhèn kuwi. Kordhèn kuwi kanggo misahké Ruang Suci+ lan Ruang Mahasuci.+ 34  Tutupé Pethi Kesaksian kudu mbok pasang, lan dèlèhna Pethi kuwi ing Ruang Mahasuci. 35  ”Méja kudu mbok dèlèhké ing njabané Ruang Mahasuci,* yaiku ing njero tabernakel sisih lor. Wadhah lampu kudu mbok dèlèhké ing ngarep méja,+ yaiku ing njero tabernakel sisih kidul. 36  Kowé kudu nggawé kordhèn kanggo lawangé tabernakel. Kordhèn kuwi kudu ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ 37  Kowé kudu nggawé cagak lima saka kayu akasia lan kudu mbok lapisi emas. Cagak kuwi kanggo nggantung kordhèné. Canthèlané kudu mbok gawé saka emas. Kowé ya kudu nggawé alas cagak saka tembaga kanggo nancepké cagak-cagak kuwi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”dawané kira-kira 12,5 mèter lan ambané kira-kira 1,8 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”dawané kira-kira 13,4 mèter lan ambané kira-kira 1,8 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”ing njabané kordhèn”.