Pangentasan 27:1-21

  • Mézbah kanggo ngobong persembahan (1-8)

  • Halaman (9-19)

  • Minyak kanggo lampu (20, 21)

27  ”Kowé kudu nggawé mézbah saka kayu akasia.+ Bentuké kudu kothak. Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta.+  Kowé kudu nggawé sungu+ papat ing pojokané mézbah kuwi, lan sungu-sungu kuwi kudu dadi siji karo mézbahé. Mézbah kuwi kudu mbok lapisi tembaga.+  Kowé kudu nggawé èmbèr kanggo mbuwang awuné. Kowé ya kudu nggawé sekop, mangkok, garpu, lan wadhah bara. Kabèh perlengkapané mézbah kudu mbok gawé saka tembaga.+  Kowé kudu nggawé palang-palang tembaga, terus mbok susun kaya jaring. Kuwi kanggo ndèlèhké persembahan ing mézbah. Kowé ya kudu nggawé gelang papat saka tembaga kanggo dipasang ing pojok-pojoké.  Palang-palang kuwi kudu mbok dèlèhké ing ngisoré bingkainé mézbah, yaiku ing tengah-tengahé mézbah.  Kowé kudu nggawé tongkat saka kayu akasia kanggo mézbah kuwi lan kudu mbok lapisi tembaga.  Wektu mézbah kuwi arep diusung, tongkat-tongkat kuwi kudu mbok lebokké ing gelang-gelang sing ana ing kiwa lan tengené mézbah.+  Kowé kudu nggawé mézbah kuwi saka papan kayu lan kudu mbok bentuk dadi kothak sing njeroné kosong. Kuwi kudu mbok gawé persis karo rancangan sing Tak duduhké marang kowé ing gunung iki.+  ”Kowé kudu nggawé halaman tabernakel. Ing halaman sing sisih kidul,+ kudu ana kordhèn saka benang linèn sing alus sing digantung ing kono, dawané 100 hasta.*+ 10  Kowé kudu nggawé 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* kudu digawé saka pérak. 11  Ing sisih lor, kudu ana kordhèn sing dawané 100 hasta* sing digantung ing kono. Kowé ya kudu nggawé 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* kudu digawé saka pérak. 12  Ing sisih kulon, kudu ana kordhèn sing dawané 50 hasta,* kaya ambané halaman kuwi. Kowé ya kudu nggawé sepuluh cagak lan sepuluh alasé cagak. 13  Ambané halaman sisih wétan, sing madhep arah matahari terbit, yaiku 50 hasta.* 14  Ing sisih tengené gerbang, kudu ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan kudu ana cagak telu lan alas cagak+ cacahé telu. 15  Ing sisih kiwané gerbang, kudu ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan kudu ana cagak telu lan alasé cagak cacahé telu. 16  ”Ing gerbang halaman, kudu ana kordhèn sing dawané 20 hasta* sing ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+ Ing kono ya kudu ana cagak papat lan alas cagak cacahé papat.+ 17  Kabèh cagak ing sekitaré halaman kudu diwènèhi gantungan lan sambungan* saka pérak. Tapi alasé cagak kudu digawé saka tembaga.+ 18  Halaman kuwi dawané kudu 100 hasta*+ lan ambané 50 hasta, lan kordhèn ing sak ubengé halaman kuwi dhuwuré kudu 5 hasta. Kordhèn kuwi kudu digawé saka benang linèn sing alus. Terus, kowé kudu nggawé alas cagak saka tembaga. 19  Kabèh perlengkapan sing digunakké ing tabernakel, termasuk pathoké tabernakel lan pathok kanggo halaman, kudu digawé saka tembaga.+ 20  ”Kowé kudu mréntahké wong Israèl bèn padha nggawa minyak zaitun murni. Kuwi kanggo lampu-lampuné bèn tetep murub.+ 21  Ing kémah pertemuan, yaiku ing njabané Ruang Mahasuci,* sing ana ing cedhak Pethi Kesaksian,+ Harun lan anak-anaké kudu ngatur bèn lampu-lampu ing kémah kuwi tetep murub saka bengi tekan ésuk kanggo ngibadah marang Yéhuwah.*+ Wong Israèl lan keturunané kudu manut karo peraturan iki nganti sakterusé.+

Katrangan Tambahan

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelangé”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelangé”.
Utawa ”dawané kira-kira 22 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kira-kira 22 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”kira-kira 9 mèter”. 1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelang”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”ing njabané kordhèn”.
Lit.: ”ing ngarepé Yéhuwah”.