Pangentasan 29:1-46

  • Nglantik imam (1-37)

  • Persembahan saben dina (38-46)

29  ”Iki sing kudu mbok tindakké bèn Harun lan anak-anaké suci, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku: Kowé kudu njupuk sapi lanang enom siji, domba lanang loro sing séhat,+  roti tanpa ragi, roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang sing dicampur minyak,+ lan roti tipis sing diolèsi minyak. Kabèh roti kuwi kudu mbok gawé saka tepung gandum sing alus.  Kowé kudu ndèlèhké roti-roti kuwi ing kranjang,+ terus roti kuwi kudu mbok wènèhké dadi persembahan. Kowé ya kudu mènèhké sapi lan domba loro mau dadi persembahan.  ”Kowé kudu ngongkon Harun lan anak-anaké mara ing lawangé kémah pertemuan,+ terus kowé kudu ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+  Terus, klambi imam mau+ kudu mbok anggokké marang Harun, yaiku jubah, jubah tanpa lengen,* éfod,* lan tutup dhadha. Sabuk éfod mau ya kudu mbok pasang kenceng ing pinggangé.+  Kowé kudu nganggokké serban* ing sirahé Harun, terus kowé kudu masang tandha sing suci* ing serban kuwi.+  Bar kuwi, jupuken minyak suci,*+ lan minyak kuwi kudu mbok esokké ing sirahé Harun kanggo nglantik dhèwèké.+  ”Gawanen anak-anaké lanang Harun ing ngarep-Ku, lan kowé kudu nganggokké jubah marang wong-wong kuwi.+  Kowé kudu masangké sabuk ing pinggangé wong-wong kuwi. Kowé ya kudu nganggokké serban* ing sirahé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi lan keturunané bakal dadi imam. Kuwi hukum kanggo saklawasé.+ Kuwi carané kowé nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam.+ 10  ”Kowé kudu nggawa sapi lanang mau ing ngarepé kémah pertemuan. Harun lan anak-anaké lanang kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi.+ 11  Belèhen sapi kuwi ing ngarepé Yéhuwah, ing lawangé kémah pertemuan.+ 12  Jupuken getihé sithik waé nganggo drijimu, terus olèsna ing sungu-sunguné mézbah.+ Turahané getih kuwi kudu mbok esokké ing mézbah bagéan ngisor.+ 13  Terus, jupuken kabèh gajih+ sing nutupi ususé sapi kuwi, gajih sing ana ing atiné, lan ginjalé loro sak gajihé. Kuwi kabèh kudu mbok obong ing mézbah bèn asapé munggah.+ 14  Ning, daging, kulit, lan telèké sapi kuwi kudu mbok obong ing njaba perkémahan. Kuwi persembahan dosa. 15  ”Terus, kowé kudu njupuk salah siji domba lanang mau. Harun lan anak-anaké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 16  Belèhen domba kuwi, lan cipratna getihé ing sak ubengé mézbah.+ 17  Domba kuwi kudu mbok potong-potong, terus usus lan sikilé* kudu mbok kumbah.+ Potongan-potongan lan endhasé domba kuwi kudu mbok jèjèrké ing ndhuwur mézbah. 18  Kabèh bagéan domba kuwi kudu mbok obong ing ndhuwur mézbah bèn asapé munggah. Kuwi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah, persembahan sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng.+ Kuwi persembahan bakaran sing diobong kanggo Yéhuwah. 19  ”Terus, kowé kudu njupuk domba lanang sing sijiné. Harun lan anak-anaké kudu ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+ 20  Belèhen domba kuwi, lan jupuken getihé sithik waé, terus olèsna ing kuping tengen, ing jempol tangan tengen, lan ing jempol sikil tengené Harun lan anak-anaké. Cipratna getih kuwi ing sak ubengé mézbah. 21  Terus, jupuken getih ing mézbah sithik waé lan minyak suci+ sithik waé. Cipratna kuwi marang Harun, anak-anaké, lan jubahé wong-wong kuwi bèn dhèwèké, anak-anaké, lan jubahé wong-wong kuwi dadi suci.+ 22  ”Terus, kowé kudu njupuk gajihé domba kuwi, yaiku gajih sing ana ing buntuté, gajih sing nutupi ususé, gajih sing ana ing atiné,+ ginjalé loro sak gajihé, lan sikilé tengen. Kuwi domba sing dikorbanké wektu nglantik imam.+ 23  Kowé ya kudu njupuk roti-roti tanpa ragi saka kranjang sing ana ing ngarepé Yéhuwah, yaiku roti bunder siji, roti sing bentuké kaya gelang sing diolèsi minyak cacahé siji, lan roti tipis siji. 24  Dèlèhna kabèh roti kuwi ing tangané Harun lan anak-anaké, terus kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah. 25  Terus, kowé kudu njupuk kabèh kuwi saka tangané Harun lan ngobong kuwi ing mézbah, ing ndhuwuré persembahan bakaran. Kuwi persembahan sing diobong kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng. 26  ”Bar kuwi, jupuken bagéan dhadhané domba sing dikorbanké wektu Harun dilantik dadi imam.+ Kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah, lan kuwi bakal dadi bagéanmu. 27  Bagéan-bagéan saka domba lanang sing dikorbanké kanggo nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam+ kudu mbok gawé suci, yaiku bagéan dhadha saka domba sing dikorbanké dadi persembahan sing diayun-ayun lan sikilé domba sing dadi persembahan suci kuwi. 28  Kuwi bagéan sing suci lan kudu dadi duwèké Harun lan anak-anaké. Wong Israèl kudu manut karo peraturan kuwi nganti sakterusé. Kuwi bakal dadi bagéan sing suci saka korban kerukunan+ sing kudu diwènèhké wong Israèl+ marang Yéhuwah. 29  ”Klambi imam*+ duwèké Harun bakal dienggo keturunané+ sing dadi penerusé wektu penerusé kuwi diesoki minyak lan dilantik dadi imam. 30  Keturunané Harun sing dadi penerusé lan sing mlebu ing kémah pertemuan kanggo nindakké tugas ing panggonan suci kudu nganggo klambi kuwi nganti pitung dina.+ 31  ”Daging domba sing dikorbanké kanggo nglantik imam kudu mbok godhog ing panggonan sing suci.*+ 32  Harun lan anak-anaké kudu mangan+ daging domba kuwi lan roti ing kranjang sing ana ing lawangé kémah pertemuan. 33  Wong-wong kuwi kudu mangan kabèh sing wis dikorbanké kanggo ngapura dosa wektu wong-wong kuwi didadèkké imam lan digawé suci. Ning, kuwi ora éntuk dipangan wong sing dudu imam* merga kuwi suci.+ 34  Nèk roti utawa daging sing dikorbanké kanggo nglantik imam kuwi turah tekan ésuk, turahané kudu diobong.+ Kuwi ora éntuk dipangan merga kuwi suci. 35  ”Kowé kudu nindakké kabèh kuwi marang Harun lan keturunané, kaya sing wis Tak préntahké marang kowé. Kowé kudu nglantik wong-wong kuwi dadi imam pitung dina suwéné.+ 36  Saben dina kowé kudu ngorbanké sapi lanang dadi persembahan dosa. Kuwi kanggo njaluk ngapura marang Gusti Allah lan kanggo nggawé mézbah kuwi suci. Kowé ya kudu nyipratké minyak ing mézbah. Kuwi dadi tandha nèk mézbah kuwi dipisahké kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ 37  Pitung dina suwéné kowé kudu mènèhké persembahan kanggo ngapura dosa bèn mézbah kuwi suci. Mézbah kuwi kudu mbok gawé suci bèn mézbah kuwi dadi suci banget.+ Sapa waé sing nindakké tugas ing mézbah kudu suci. 38  ”Saben dina, kowé kudu ngorbanké domba lanang loro sing umuré setaun dadi persembahan ing mézbah.+ 39  Domba lanang sing siji kudu mbok korbanké ésuk-ésuk, lan domba lanang sijiné kudu mbok korbanké pas wis arep bengi.*+ 40  Wektu kowé ngorbanké domba lanang sing pertama, kowé kudu mènèhi persembahan sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak zaitun, lan kowé ya kudu mènèhi persembahan minuman, yaiku seprapat hin anggur. 41  Pas wis arep bengi,* kowé kudu ngorbanké domba lanang sing sijiné lan persembahan minuman lan tepung saka biji-bijian, padha karo persembahan pas ésuk. Kabèh kuwi kudu mbok obong dadi persembahan kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng. 42  Keturunanmu kudu terus mènèhké persembahan bakaran ing ngarepé Yéhuwah, ing lawangé kémah pertemuan. Aku bakal nemoni lan omongan karo kowé ing kana.+ 43  ”Aku bakal nemoni wong Israèl ing kana, lan panggonan kuwi bakal dadi suci merga kekuwatan-Ku.+ 44  Aku bakal nggawé kémah pertemuan lan mézbah dadi suci, lan Aku bakal nggawé Harun lan anak-anaké+ dadi suci bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku. 45  Aku bakal manggon ing antarané wong Israèl, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 46  Wong-wong kuwi mesthi bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi, sing nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir bèn Aku isa manggon ing antarané wong-wong kuwi.+ Aku Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi.

Katrangan Tambahan

Mungkin Musa ngongkon wong-wong kuwi ngresiki awaké nganggo banyu.
Utawa ”jubah tanpa lengen sing dienggo ing njeroné éfod”.
Lit.: ”lambang sing suci nèk Harun ngabekti marang Gusti Allah”.
Utawa ”tandha suci sing nduduhké nèk Harun ngabdi marang Gusti Allah; mahkota sing suci”.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.
Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
Lit.: ”Klambi suci”.
Mungkin maksudé ing halaman kémah suci.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.
1/10 éfa = 2,2 L. Deloken Lamp. B14.
1 hin = 3,67 L. Deloken Lamp. B14.
Mungkin maksudé sakwisé matahari terbenam, ning sakdurungé peteng.