Pangentasan 31:1-18

  • Tukang sing diwènèhi roh suciné Gusti Allah (1-11)

  • Sabat, sing dadi tandha perjanjiané Gusti Allah lan wong Israèl (12-17)

  • Lèmpèngan watu loro (18)

31  Yéhuwah ngomong karo Musa,  ”Aku wis milih Bézalèl+ saka suku Yéhuda. Dhèwèké kuwi anaké Uri lan putuné Hur.+  Aku bakal mènèhi dhèwèké roh suciné Gusti Allah bèn dhèwèké nduwé kawicaksanan,* pemahaman, lan pengetahuan supaya dhèwèké dadi tukang sing nduwé akèh ketrampilan.  Dadi, dhèwèké isa nggawé rancangan, nggawé barang saka emas, pérak, lan tembaga,  motong lan masang watu berharga,+ lan nggawé barang-barang saka kayu.+  Aku milih Oholiab+ anaké Ahisamakh saka suku Dan kanggo mbantu dhèwèké. Wong-wong sing wis trampil bakal Tak dadékké saya trampil bèn isa nggawé apa waé sing Tak préntahké marang kowé,+ yaiku  kémah pertemuan,+ Pethi Kesaksian*+ lan tutupé,+ kabèh perlengkapan sing ana ing kémah kuwi,  méja+ lan perlengkapané, wadhah lampu saka emas murni lan kabèh perlengkapané,+ mézbah dupa,+  mézbah kanggo persembahan bakaran+ lan kabèh perlengkapané, baskom lan sing nyangga baskom kuwi,+ 10  kain tenun sing alus, klambi imam* kanggo Harun, klambi kanggo anak-anaké Harun bèn isa nindakké tugas dadi imam,+ 11  minyak suci,* lan dupa wangi kanggo panggonan suci.+ Wong-wong kuwi kudu nggawé kabèh sing Tak préntahké marang kowé.” 12  Yéhuwah kandha karo Musa, 13  ”Kowé kudu ngomong ngéné karo wong Israèl, ’Sing paling penting, kowé kudu terus ngrayakké Sabat,+ merga kuwi dadi tandha saka perjanjian-Ku karo kowé. Nganti turun-temurun, tandha iki bakal ngélingké kowé nèk Aku, Yéhuwah, sing nggawé kowé suci. 14  Kowé kudu ngrayakké Sabat, merga dina kuwi suci kanggo kowé.+ Sapa waé sing nglanggar hukum soal dina Sabat kudu dipatèni. Wong sing kerja pas dina Sabat ya kudu dipatèni.+ 15  Kowé éntuk kerja enem dina, tapi dina kepitu kuwi sabat, yaiku dina kanggo istirahat.+ Dina kuwi suci kanggo Yéhuwah. Sapa waé sing kerja ing dina Sabat kudu dipatèni. 16  Wong Israèl kudu terus ngrayakké Sabat. Wong Israèl kudu ngrayakké kuwi nganti turun-temurun. Kuwi perjanjian kanggo saklawasé. 17  Kuwi tandha saka perjanjian-Ku karo wong Israèl+ nganti saklawasé, merga enem dina Yéhuwah nggawé langit lan bumi, tapi ing dina kepitu Aku istirahat.’”+ 18  Sakwisé ngomong karo Musa ing Gunung Sinai, Gusti Allah mènèhi Musa loro lèmpèngan watu Kesaksian,+ yaiku lèmpèngan watu sing ditulisi nganggo tangané* Gusti Allah.+

Katrangan Tambahan

Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”klambi suci”.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Lit.: ”drijiné”.