Pangentasan 35:1-35

  • Aturan soal Sabat (1-3)

  • Sumbangan kanggo tabernakel (4-29)

  • Bézalèl lan Oholiab diwènèhi roh suci (30-35)

35  Terus Musa ngumpulké kabèh wong Israèl lan kandha, ”Iki préntahé Yéhuwah sing kudu mbok tindakké:+  Kowé éntuk kerja enem dina, tapi dina kepitu kuwi dina sing suci kanggo kowé. Dina kuwi sabat kanggo Yéhuwah+ lan dina kanggo istirahat. Sapa waé sing kerja ing dina kuwi kudu dipatèni.+  Pas dina Sabat, kowé ora éntuk ngurubké geni ing omahmu.”  Musa kandha karo kabèh wong Israèl, ”Iki sing dipréntahké Yéhuwah,  ’Kumpulna sumbangan kanggo Yéhuwah.+ Wong-wong sing atiné ikhlas+ bèn nggawa sumbangan iki kanggo Yéhuwah, yaiku emas, pérak, tembaga,  benang biru, wol ungu, benang abang, benang linèn sing alus, wulu kambing,+  kulit domba lanang sing diwerna abang, kulit anjing laut, kayu akasia,  minyak kanggo lampu, balsam* kanggo bahan minyak suci* lan dupa wangi,+  watu oniks lan watu liyané sing dipasang ing éfod*+ lan tutup dhadha.+ 10  ”Wong-wong sing trampil+ kudu teka lan nggawé kabèh sing dipréntahké Yéhuwah, 11  yaiku tabernakel karo kain kémahé* lan tutupé, canthèlan lan rangka kayu, palang, cagak, lan alasé cagak; 12  Pethi,+ tongkaté,+ tutupé,+ lan kordhèn+ sing digantungké ing ngarepé; 13  méja+ karo tongkaté lan kabèh perlengkapané, lan roti persembahan;+ 14  wadhah lampu,+ perlengkapané, lampuné, lan minyaké;+ 15  mézbah dupa+ lan tongkaté; minyak suci lan dupa wangi;+ kordhèn kanggo lawangé tabernakel; 16  mézbah bakaran,+ palang-palang tembaga sing disusun kaya jaring, tongkat, lan kabèh perlengkapané; baskom lan sing dienggo nyangga baskom kuwi;+ 17  kordhèn kanggo halamané,+ cagak lan alasé cagak; kordhèn kanggo gerbangé halaman; 18  pathoké tabernakel, pathok ing halaman, lan taliné;+ 19  kain tenun sing alus+ sing dienggo wektu nindakké tugas ing tabernakel, klambi imam* kanggo Harun,+ lan klambi kanggo anak-anaké Harun bèn isa nindakké tugas dadi imam.’” 20  Terus, wong Israèl lunga saka ngarepé Musa. 21  Wong-wong sing péngin mbantu+ padha teka* lan nggawa sumbangan kanggo Yéhuwah. Sumbangan kuwi isa digunakké kanggo nggawé kémah pertemuan, klambi imam,* lan kabèh sing dibutuhké kanggo ngibadah. 22  Kabèh wong sing atiné ikhlas arep mènèhi, termasuk lanang lan wédok, padha teka lan nggawa bros, anting-anting, cincin, perhiasan liyané, lan barang-barang saka emas. Wong-wong kuwi mènèhké barang-barang saka emas dadi persembahan* kanggo Yéhuwah.+ 23  Wong-wong padha nyumbangké sing diduwèni, yaiku benang biru, wol ungu, benang abang, benang linèn sing alus, wulu kambing, kulit domba lanang sing diwerna abang, lan kulit anjing laut. 24  Wong-wong sing péngin mènèhi pérak lan tembaga padha nyumbang kanggo Yéhuwah, lan kabèh sing nduwé kayu akasia padha nyumbangké kayuné kanggo gawéan kuwi. 25  Kabèh wong wédok sing trampil+ nggulung benang padha teka karo nggawa benang sing wis digulung, yaiku benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. 26  Wong-wong wédok sing trampil, sing péngin mbantu,* padha nggulung benang saka wulu kambing. 27  Para pemimpiné bangsa Israèl nggawa watu oniks lan watu liyané sing dipasang ing éfod lan tutup dhadha.+ 28  Wong-wong kuwi ya nggawa balsam lan minyak kanggo lampu, kanggo minyak suci,+ lan kanggo dupa wangi.+ 29  Kabèh wong lanang lan wédok sing péngin mbantu padha nggawa sumbangan kanggo gawéan sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa. Sumbangan kuwi dadi sumbangan sukaréla kanggo Yéhuwah.+ 30  Musa ngomong karo wong Israèl, ”Yéhuwah wis milih Bézalèl anaké Uri putuné Hur saka suku Yéhuda.+ 31  Gusti Allah mènèhi dhèwèké roh suciné bèn dhèwèké nduwé kawicaksanan,* pemahaman, lan pengetahuan supaya dhèwèké dadi tukang sing nduwé akèh ketrampilan. 32  Dadi, dhèwèké isa nggawé rancangan, nggawé barang saka emas, pérak, lan tembaga, 33  motong lan masang watu berharga, lan nggawé barang-barang saka kayu. 34  Gusti Allah wis mènèhi ketrampilan kanggo ngajari wong liya marang Bézalèl lan Oholiab+ anaké Ahisamakh saka suku Dan. 35  Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi keahlian+ bèn isa nggawé barang-barang sing apik, bèn isa nenun, nyulam nganggo benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Wong loro kuwi bakal nggarap kabèh gawéan kuwi lan nyiapké rancangané.

Katrangan Tambahan

Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Kétoké tutup saka wulu kambing.
Lit.: ”klambi suci”.
Utawa ”sing atiné nggerakké dhèwèké bèn teka”.
Lit.: ”klambi suci”.
Utawa ”persembahan sing diayun-ayun”.
Utawa ”sing atiné tergerak”.