Pangentasan 38:1-31

  • Mézbah kanggo ngobong persembahan (1-7)

  • Baskom tembaga (8)

  • Halaman (9-20)

  • Bahan-bahan kanggo nggawé tabernakel (21-31)

38  Bézalèl nggawé mézbah persembahan bakaran saka kayu akasia. Bentuké kothak. Dawané limang hasta,* ambané limang hasta, lan dhuwuré telung hasta.+  Terus dhèwèké nggawé sungu papat ing pojokané mézbah kuwi, lan sungu-sungu kuwi dadi siji karo mézbahé. Mézbah kuwi dilapisi tembaga.+  Dhèwèké nggawé kabèh perlengkapané mézbah kuwi, yaiku èmbèr, sekop, mangkok, garpu, lan wadhah bara. Kabèh perlengkapan kuwi digawé saka tembaga.  Dhèwèké nggawé palang-palang tembaga, terus disusun kaya jaring. Palang-palang kuwi didèlèhké ing ngisoré bingkainé mézbah, yaiku ing tengah-tengahé mézbah.  Dhèwèké nggawé gelang papat saka tembaga, terus dipasang ing pojok-pojoké mézbah. Gelang-gelang kuwi dileboni tongkat.  Terus, dhèwèké nggawé tongkat saka kayu akasia sing dilapisi tembaga.  Tongkat-tongkat kuwi dilebokké ing gelang-gelang sing ana ing kiwa lan tengené mézbah, bèn mézbah kuwi isa diusung. Dhèwèké nggawé mézbah kuwi saka papan kayu lan dibentuk dadi kothak sing njeroné kosong.  Terus, dhèwèké nggawé baskom saka tembaga,+ lan sing nyangga baskom kuwi ya digawé saka tembaga. Kanggo nggawé kuwi, dhèwèké nggunakké cermin* sumbangané wong-wong wédok sing nindakké tugas ing lawangé kémah pertemuan.  Dhèwèké nggawé kordhèn ing sak ubengé halaman.+ Ing halaman sisih kidul ana kordhèn saka benang linèn sing alus sing digantung ing kono, sing dawané 100 hasta.*+ 10  Ana 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. 11  Ing sisih lor, ana kordhèn sing dawané 100 hasta* sing digantung ing kono. Ing kono ya ana 20 cagak lan 20 alas cagak saka tembaga. Gantungan sing ana ing cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. 12  Ing sisih kulon, ana kordhèn sing dawané 50 hasta.* Ing kono ya ana sepuluh cagak lan sepuluh alas cagak. Gantungan ing cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. 13  Ambané halaman sisih wétan, sing madhep arah matahari terbit, yaiku 50 hasta.* 14  Ing sisih tengené gerbang, ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan ana cagak telu lan alasé cagak sing cacahé telu. 15  Ing sisih kiwané gerbang halaman kuwi, ana kordhèn sing dawané 15 hasta,* lan ana cagak telu lan alasé cagak sing cacahé telu. 16  Kabèh kordhèn sing ana ing sak ubengé halaman digawé saka benang linèn sing alus. 17  Alasé cagak kanggo nancepké cagak-cagak kuwi digawé saka tembaga. Gantungané cagak kuwi lan sambungané* digawé saka pérak. Bagéan ndhuwuré cagak kuwi dilapisi pérak. Sambungan ing saben cagak ing halaman kuwi digawé saka pérak.+ 18  Ing gerbang halaman, ana kordhèn sing ditenun saka benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus. Kordhèn kuwi dawané 20 hasta* lan dhuwuré 5 hasta, padha karo dhuwuré kordhèn sing ana ing sak ubengé halaman.+ 19  Cagak papat lan alasé cagak sing cacahé papat digawé saka tembaga. Gantungané digawé saka pérak. Bagéan ndhuwuré cagak kuwi lan sambungané* dilapisi pérak. 20  Pathoké tabernakel lan pathok sing ana ing sak ubengé halaman digawé saka tembaga.+ 21  Iki bahan-bahan sing digunakké kanggo nggawé tabernakel, yaiku tabernakel sing isiné Kesaksian.*+ Musa mréntahké wong Lèwi+ nggawé daftar kuwi. Sing mimpin wong Lèwi kanggo nggawé daftar kuwi yaiku Itamar+ anaké Imam Harun. 22  Bézalèl+ anaké Uri putuné Hur saka suku Yéhuda nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 23  Bézalèl dibantu karo Oholiab+ anaké Ahisamakh saka suku Dan. Oholiab kuwi tukang, lan dhèwèké isa nyulam lan nenun benang biru, wol ungu, benang abang, lan linèn sing alus. 24  Jumlahé emas sing digunakké kanggo panggonan suci padha karo jumlahé emas sing digunakké kanggo persembahan sing diayun-ayun.+ Jumlahé emas kuwi yaiku 29 talènta* lan 730 syèkel* nurut syèkel* panggonan suci. 25  Jumlahé pérak sing digawa karo wong-wong sing wis ndaftarké jenengé yaiku 100 talènta lan 1.775 syèkel nurut syèkel* panggonan suci. 26  Saben wong lanang sing umuré 20 taun munggah+ padha nggawa setengah syèkel, nurut syèkel* panggonan suci. Jumlahé wong-wong kuwi yaiku 603.550.+ 27  Pérak sing digunakké kanggo nggawé alasé cagak sing dienggo nancepké papan kayu ing tabernakel* lan kanggo nggawé alas cagak sing dienggo masang kordhèn jumlahé 100 talènta. Alas cagak sing cacahé 100 kuwi digawé saka 100 talènta. Sak talènta kanggo nggawé alas cagak siji.+ 28  Pérak sing digunakké kanggo nggawé gantungan cagak lan nglapisi bagéan ndhuwuré cagak jumlahé 1.775 syèkel. Terus, cagak-cagak kuwi disambungké. 29  Jumlahé tembaga sing disumbangké* yaiku 70 talènta lan 2.400 syèkel. 30  Tembaga kuwi digunakké kanggo nggawé alas cagak sing dienggo nancepké cagak ing lawangé kémah pertemuan. Tembaga kuwi ya dienggo nggawé mézbah tembaga, palang-palang sing disusun kaya jaring, kabèh perlengkapan mézbah, 31  alas cagak kanggo nancepké cagak ing sak ubengé halaman, alas cagak kanggo nancepké cagak ing gerbang halaman, kabèh pathok ing tabernakel, lan kabèh pathok+ ing sak ubengé halaman.

Katrangan Tambahan

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Cermin sing digawé saka logam sing digosok nganti mengkilap.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelangé”.
Utawa ”gelangé”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelangé”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelangé”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”gelangé”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”panggonan suci”.
Utawa ”tembaga saka persembahan sing diayun-ayun”.