Pangentasan 39:1-43

  • Nggawé klambi imam (1)

  • Éfod (2-7)

  • Tutup dhadha (8-21)

  • Jubah tanpa lengen (22-26)

  • Klambi imam liyané (27-29)

  • Lèmpèngan emas (30, 31)

  • Musa ndelok barang-barang sing arep dipasang dadi tabernakel (32-43)

39  Wong-wong sing trampil kuwi nggawé kain tenun sing alus+ saka benang biru, wol ungu, lan benang abang. Kain kuwi dienggo wektu nindakké tugas ing tabernakel.* Wong-wong kuwi ya nggawé klambi imam* kanggo Harun,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.  Wong-wong kuwi nggawé éfod*+ saka benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.  Wong-wong kuwi mbentuk lèmpèngan emas dadi lembaran tipis, terus Bézalèl motong-motong lembaran kuwi dadi benang. Terus, benang emas, benang biru, wol ungu, lan benang abang disulamké ing kain linèn.  Wong-wong kuwi nggawé bagéan ngarep lan bagéan mburi éfod sing disambungké ing pundhak.  Sabuk sing dipasang kenceng+ ing éfod ditenun nggunakké bahan sing padha, yaiku benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.  Wong-wong kuwi masang watu-watu oniks ing tatakan emas lan ngukir jenengé anak-anaké lanang Israèl ing watu-watu kuwi, kaya nèk wong-wong kuwi ngukir cincin.+  Watu-watu kuwi dipasang ing éfod bagéan pundhak, lan kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.  Terus, Bézalèl nggawé tutup dhadha.+ Tutup dhadha kuwi disulam, padha kaya éfod. Tutup dhadha kuwi digawé saka benang emas, benang biru, wol ungu, benang abang, lan benang linèn sing alus.+  Tutup dhadha kuwi bentuké kothak wektu dilempit loro, lan wektu dilempit loro, dawané lan ambané sak jengkal.* 10  Wong-wong kuwi masang watu-watu permata ing tutup dhadha kuwi lan disusun dadi patang baris. Baris sing pertama yaiku watu merah delima, topaz, lan zamrud. 11  Baris sing keloro yaiku watu pirus,* safir, lan yaspis. 12  Baris sing ketelu yaiku watu lesyem,* akik, lan kecubung. 13  Baris sing kepapat yaiku watu krisolit, oniks, lan giok. Kabèh watu kuwi dipasang nganggo tatakan emas. 14  Jenengé 12 anaké Israèl diukir ing watu-watu kuwi, kaya cincin sing diukir. Jeneng-jeneng kuwi nglambangké 12 suku Israèl. 15  Wong-wong kuwi nggawé ranté saka emas murni+ sing diplintir dadi siji kaya tali, terus dipasang ing tutup dhadha kuwi. 16  Wong-wong kuwi nggawé tatakan emas loro lan cincin emas loro, terus cincin emas loro kuwi dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ndhuwur. 17  Terus, wong-wong kuwi nglebokké ranté emas mau ing cincin sing dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha. 18  Pucuk sijiné saka tali loro kuwi dilebokké ing tatakan emas sing dipasang ing éfod bagéan pundhak. Dadi, tutup dhadha kuwi ana ing ngarepé éfod. 19  Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi nggawé cincin emas loro, terus dipasang ing pojokan-pojokané tutup dhadha bagéan ngisor, ing sisih njeroné, sing madhep éfod.+ 20  Wong-wong kuwi ya nggawé cincin emas loro, terus dipasang ing éfod bagéan pundhak, ing ndhuwuré sabuk éfod sing ditenun, cedhak bagéan sambungané. 21  Akhiré, tutup dhadha kuwi ditalèni nganggo tali biru. Tali kuwi dilebokké ing cincin sing ana ing tutup dhadha, terus disambungké ing cincin sing ana ing éfod bèn tutup dhadha sing ana ing ndhuwuré sabuk ora nggèsèr saka éfod kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 22  Terus, Bézalèl nggawé jubah tanpa lengen sing ditenun saka benang biru.+ Jubah kuwi dienggo ing njeroné éfod. 23  Pinggirané bolongan bagéan gulu ing jubah kuwi ditenun kaya bolongan bagéan gulu ing klambi perang bèn ora gampang suwèk. 24  Ing bagéan ngisor jubah kuwi, wong-wong kuwi nggawé hiasan sing bentuké buah delima saka benang biru, wol ungu, lan benang abang. 25  Terus, wong-wong kuwi nggawé loncèng saka emas murni ing antarané buah delima kuwi, ing sak ubengé jubah kuwi sing bagéan ngisor. 26  Buah delima lan loncèng kuwi dipasang selang-seling ing sak ubengé bagéan ngisor jubah tanpa lengen sing dienggo wektu nindakké tugas, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 27  Terus, wong-wong kuwi nggawé jubah sing ditenun saka benang linèn sing alus kanggo Harun lan anak-anaké lanang.+ 28  Wong-wong kuwi ya nggawé serban*+ saka benang linèn sing alus, serban kanggo anak-anaké lanang+ Harun saka benang linèn sing alus, celana cendhak saka benang linèn sing alus,+ 29  lan sabuk sing ditenun saka benang linèn sing alus, benang biru, wol ungu, lan benang abang, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 30  Wong-wong kuwi nggawé lèmpèngan sing mengkilap saka emas murni. Lèmpèngan kuwi dadi tandha sing suci.* Ing lèmpèngan kuwi ana ukiran iki, ”Yéhuwah kuwi suci.”+ Carané ngukir padha kaya nèk ngukir cincin. 31  Terus, wong-wong kuwi masang tali saka benang biru ing lèmpèngan kuwi, bèn lèmpèngan kuwi isa ditalèkké ing serban, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 32  Kabèh gawéan ing tabernakel, yaiku ing kémah pertemuan, akhiré rampung. Wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ Wong-wong kuwi nindakké persis kaya ngono. 33  Wong-wong kuwi nggawa kabèh bagéan saka tabernakel+ marang Musa, termasuk kain kémah+ lan kabèh perlengkapané, yaiku canthèlan,+ papan-papan kayu sing bentuké bingkai,+ palang,+ cagak, lan alasé cagak;+ 34  tutup saka kulit domba lanang sing diwerna abang,+ tutup saka kulit anjing laut, lan kordhèn sing digantungké ing ngarepé Pethi;+ 35  Pethi Kesaksian,* tongkaté,+ lan tutupé;+ 36  méja, kabèh perlengkapané,+ lan roti persembahan; 37  wadhah lampu saka emas murni, lampu-lampuné+ sing disusun sak baris, kabèh perlengkapané,+ lan minyak kanggo lampu-lampuné;+ 38  mézbah+ saka emas, minyak suci,*+ dupa wangi,+ lan kordhèn+ kanggo lawangé tabernakel; 39  mézbah saka tembaga,+ palang-palang tembaga sing disusun kaya jaring, tongkaté,+ kabèh perlengkapané;+ baskom lan sing nyangga baskom kuwi;+ 40  kordhèn kanggo halaman, cagak lan alasé cagak kuwi,+ kordhèn+ kanggo gerbangé halaman, tali lan pathoké halaman,+ lan kabèh perlengkapan sing dienggo ing tabernakel, yaiku ing kémah pertemuan; 41  kain tenun sing alus sing dienggo wektu nindakké tugas ing tabernakel, klambi imam*+ kanggo Harun, lan klambi kanggo anak-anaké Harun bèn isa nindakké tugas dadi imam. 42  Wong Israèl nindakké kabèh gawéan kuwi+ persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 43  Wektu Musa ndelok kabèh sing digawé wong-wong kuwi, kabèh wis persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Terus, Musa mberkahi wong-wong kuwi.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”klambi suci”.
Utawa ”panggonan suci”.
Maksudé, ambané tlapak tangan nèk diegarké, yaiku kira-kira 22,2 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”watu turquoise”.
Watu permata ning durung ngerti jenisé, mungkin maksudé watu ambar, hyacinth, opal, utawa turmalin.
Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.
Utawa ”mahkota sing suci”. Iki tandha nèk Harun ngabekti marang Gusti Allah.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Lit.: ”klambi suci”.