Pangentasan 4:1-31

  • Mukjijat telu sing digawé Musa (1-9)

  • Musa ngrasa ora sanggup (10-17)

  • Musa bali menyang Mesir (18-26)

  • Musa ketemu manèh karo Harun (27-31)

4  Ning Musa kandha, ”Piyé nèk wong-wong kuwi ora percaya lan ora ngrungokké aku,+ terus kandha, ’Ora mungkin Yéhuwah nemoni kowé?’”  Yéhuwah takon karo Musa, ”Sing mbok cekel kuwi apa?” Musa njawab, ”Tongkat.”  Gusti Allah kandha, ”Uncalna tongkat kuwi ing lemah.” Terus, Musa nguncalké tongkaté ing lemah, lan tongkat kuwi dadi ula.+ Musa langsung mlayu saka kono.  Yéhuwah kandha, ”Cekelen buntuté.” Terus Musa nyekel buntuté, lan ula kuwi dadi tongkat manèh ing tangané Musa.  Gusti Allah kandha, ”Kuwi bukti bèn wong-wong percaya nèk Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, yaiku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub,+ wis nemoni kowé.”+  Yéhuwah ngomong manèh karo Musa, ”Lebokna tanganmu ing njero klambimu.” Terus Musa nglebokké tangané ing njero klambiné. Wektu tangané ditokké manèh saka kono, tangané kena kusta lan wernané putih kaya salju.+  Terus Gusti Allah kandha, ”Tanganmu lebokna manèh ing njero klambimu.” Mula, Musa nglebokké manèh tangané ing njero klambiné. Wektu tangané ditokké saka kono, tangané mari lan pulih kaya sakdurungé.  Gusti Allah kandha, ”Nèk wong-wong kuwi ora percaya utawa ora perduli karo mukjijat sing pertama, wong-wong kuwi mesthi bakal percaya karo mukjijat sing keloro.+  Ning, nèk wong-wong kuwi isih durung percaya karo rong mukjijat mau lan ora gelem ngrungokké kowé, jupuken banyu saka Kali Nil, lan kuwi kudu mbok esokké ing lemah sing garing.+ Banyu kuwi bakal dadi getih.” 10  Musa kandha karo Yéhuwah, ”Aku njaluk ngapura, Yéhuwah, aku ora pinter ngomong.+ Kèt Njenengan ngomong karo aku nganti saiki, aku tetep ora lancar ngomong.” 11  Yéhuwah kandha, ”Sapa sing nggawé manungsa isa ngomong, utawa sapa sing nggawé manungsa dadi bisu, budheg, wuta, utawa isa ndelok? Kuwi Aku, Yéhuwah. 12  Aku bakal mbantu bèn kowé isa ngomong, lan Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok omongké.”+ 13  Ning Musa kandha, ”Aku njaluk ngapura, Yéhuwah. Mbok wong liya waé sing dikongkon, sapa waé sing Njenengan péngini.” 14  Yéhuwah nesu karo Musa lan kandha, ”Kowé nduwé kakang sing jenengé Harun+ wong Lèwi kuwi, ta? Dhèwèké pinter ngomong. Dhèwèké lagi mlaku mréné merga arep nemoni kowé. Nèk ketemu kowé, dhèwèké* mesthi seneng banget.+ 15  Kowé kudu omong-omongan karo dhèwèké lan ngandhani dhèwèké apa sing Tak omongké mau.+ Aku bakal mbantu kowé lan kakangmu ngomong,+ lan Aku bakal ngandhani apa sing kudu mbok lakoni. 16  Dhèwèké bakal dadi wakilmu sing ngomong karo wong-wong kuwi. Kowé kudu ngandhani Harun kabèh sing diomongké Gusti Allah.+ 17  Kowé kudu nggawa tongkat kuwi, lan gunakna kuwi kanggo nggawé mukjijat.”+ 18  Terus Musa ngomong karo Yitro maratuwané,+ ”Apa aku éntuk mulih menyang Mesir lan nemoni sedulur-sedulurku? Aku péngin ngerti apa wong-wong kuwi apik-apik waé.” Yitro njawab, ”Ya, ati-ati.” 19  Ing Midian, Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Balia ing Mesir merga kabèh wong sing péngin matèni kowé wis mati.”+ 20  Musa ngejak bojo lan anak-anaké lanang. Musa ngunggahké bojo lan anak-anaké ing ndhuwur keledai, terus wong-wong kuwi mangkat menyang Mesir. Musa nggawa tongkat sing dipréntahké Gusti Allah kudu digawa. 21  Terus Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Aku mènèhi kowé kuwasa kanggo nggawé mukjijat. Sakwisé kowé tekan Mesir, duduhna mukjijat-mukjijat kuwi marang Firaun.+ Bèn waé dhèwèké* ndableg+ lan ora ngéntukké umat-Ku lunga.+ 22  Iki sing kudu mbok omongké marang Firaun, ’Yéhuwah kandha, ”Israèl kuwi anak-Ku lanang, anak-Ku sing pertama.+ 23  Kowé Tak préntahké bèn ngéntukké anak-Ku lunga, bèn anak-Ku isa ngibadah marang Aku. Nèk ora mbok éntukké lunga, anakmu lanang sing pertama+ bakal Tak patèni.”’” 24  Ing tengah dalan, ing panggonan kanggo istirahat, Yéhuwah+ nemoni dhèwèké lan péngin matèni dhèwèké.*+ 25  Terus, Zipora+ njupuk watu sing landhep lan nyunat anaké. Zipora ndèlèhké kulit khitan bocah kuwi ing sikilé* lan kandha, ”Kowé dadi bojoku liwat getih iki.” 26  Gusti Allah ora sida matèni dhèwèké. Merga sunat mau, Zipora kandha, ”Kowé dadi bojoku liwat getih.” 27  Yéhuwah kandha karo Harun, ”Kowé kudu nemoni Musa+ ing padhang belantara.” Mula, Harun nemoni Musa ing gunungé Gusti Allah sing bener.+ Wektu ketemu karo Musa, Harun ngambung Musa. 28  Musa ngandhani Harun kabèh sing diomongké Yéhuwah. Musa ya ngandhani+ Harun kabèh mukjijat sing dipréntahké Gusti Allah sing kudu ditindakké.+ 29  Sakwisé kuwi, Musa lan Harun nemoni lan ngumpulké para pemimpin* Israèl.+ 30  Harun ngandhani para pemimpin kuwi soal kabèh sing diomongké Yéhuwah marang Musa. Terus, Musa nggawé mukjijat+ ing ngarepé wong Israèl. 31  Wong-wong kuwi akhiré percaya.+ Wektu ngerti nèk Yéhuwah bakal nulungi wong Israèl+ lan wis ndelok kesusahané wong Israèl,+ wong-wong kuwi langsung sujud.

Katrangan Tambahan

Lit: ”atiné”.
Lit.: ”atiné”.
Mungkin maksudé anaké Musa.
Mungkin maksudé sikilé malaékat kuwi.
Utawa ”para sesepuh”.