Pangentasan 40:1-38

  • Masang tabernakel (1-33)

  • Kemuliaané Yéhuwah kétok ing tabernakel (34-38)

40  Terus Yéhuwah kandha karo Musa,  ”Ing dina pertama sasi pertama, kowé kudu ngedegké tabernakel, yaiku kémah pertemuan.+  Kowé kudu nglebokké Pethi Kesaksian* ing njero tabernakel,+ lan kowé kudu masang kordhèn ing ngarepé Pethi kuwi.+  Méjané+ kudu mbok gawa mlebu lan perlengkapané kudu mbok tata ing ndhuwuré. Wadhah lampuné+ ya kudu mbok gawa mlebu, terus lampuné kudu mbok urubké.+  Bar kuwi, dèlèhna mézbah dupa+ saka emas ing ngarepé Pethi Kesaksian, lan pasangen kordhèn kanggo lawangé tabernakel.+  ”Kowé kudu ndèlèhké mézbah persembahan bakaran+ ing ngarepé lawangé tabernakel, yaiku ing ngarepé lawangé kémah pertemuan,  lan dèlèhna baskom ing antarané kémah pertemuan lan mézbah, terus baskom kuwi kudu mbok isi banyu.+  Terus, pasangen kordhèn ing sak ubengé halaman,+ lan pasangen kordhèn+ kanggo gerbangé halaman kuwi.  Jupuken minyak suci,*+ terus kowé kudu nyipratké minyak kuwi ing tabernakel lan kabèh isiné.+ Tabernakel lan kabèh perlengkapané kudu mbok gawé suci, bèn kuwi dadi suci. 10  Mézbah persembahan bakaran lan kabèh perlengkapané kudu mbok ciprati minyak suci, lan mézbah kuwi kudu mbok gawé suci, bèn mézbah kuwi dadi suci banget.+ 11  Baskom lan sing nyangga baskom kuwi kudu mbok ciprati minyak suci lan mbok gawé suci. 12  ”Kowé kudu ngongkon Harun lan anak-anaké lanang mara ing cedhaké lawang kémah pertemuan. Terus, kowé kudu ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+ 13  Kowé kudu nganggokké klambi imam*+ marang Harun lan nglantik dhèwèké.+ Kowé ya kudu nggawé dhèwèké suci, bèn dhèwèké isa dadi imam kanggo Aku. 14  Bar kuwi, kowé kudu ngongkon anak-anaké Harun bèn nyedhak, lan kowé kudu nganggokké jubah+ marang anak-anaké Harun. 15  Kowé kudu nglantik wong-wong kuwi, kaya kowé nglantik bapaké,+ bèn wong-wong kuwi dadi imam kanggo Aku. Merga dilantik, wong-wong kuwi bakal nduwé hak dadi imam nganti saklawasé, nganti turun-temurun.”+ 16  Musa nindakké kabèh préntahé Yéhuwah.+ Dhèwèké nindakké persis kaya ngono. 17  Tabernakel dipasang+ ing dina pertama, sasi pertama, taun keloro. 18  Wektu Musa ngedegké tabernakel, alas-alasé cagak+ sing dienggo nancepké rangka kayu+ dipasang karo rangka kayuné.+ Musa ya nglebokké palang-palangé lan masang cagak-cagaké. 19  Musa masang kain kémah+ ing ndhuwuré tabernakel lan ndèlèhké tutup+ sisih njaba ing ndhuwuré kain kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 20  Sakwisé kuwi, dhèwèké njupuk Kesaksian,*+ terus kuwi dilebokké ing njeroné Pethi.+ Dhèwèké ya nglebokké tongkat-tongkat+ ing gelang-gelangé Pethi lan masang tutupé+ Pethi kuwi.+ 21  Pethi kuwi dilebokké ing njeroné tabernakel. Dhèwèké ya masang kordhèn+ ing ngarepé Pethi Kesaksian,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 22  Terus, dhèwèké ndèlèhké méja+ ing njero kémah pertemuan, ing njero tabernakel sisih lor, ing njabané Ruang Mahasuci.* 23  Dhèwèké nata roti+ ing ngarepé Yéhuwah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 24  Dhèwèké nglebokké wadhah lampu+ ing njero kémah pertemuan, ing ngarepé méja, ing njero tabernakel sisih kidul. 25  Dhèwèké ngurubké lampu+ ing ngarepé Yéhuwah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 26  Terus, dhèwèké ndèlèhké mézbah saka emas+ ing njero kémah pertemuan, ing ngarepé kordhèn, 27  bèn dupa wangi+ isa dibakar ing kono,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 28  Terus, dhèwèké masang kordhèn+ kanggo lawangé tabernakel. 29  Dhèwèké ndèlèhké mézbah persembahan bakaran+ ing lawangé tabernakel, yaiku kémah pertemuan, bèn dhèwèké isa mènèhké persembahan bakaran+ lan persembahan biji-bijian ing ndhuwuré mézbah kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 30  Dhèwèké ndèlèhké baskom ing antarané kémah pertemuan lan mézbah, terus baskom kuwi diisi banyu kanggo wisuh.+ 31  Musa, Harun, lan anak-anaké Harun wisuh tangan lan sikil ing kono. 32  Wong-wong kuwi wisuh+ wektu mara ing kémah pertemuan utawa nyedhaki mézbah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 33  Dhèwèké masang kordhèn ing halaman+ sak ubengé tabernakel. Dhèwèké ya ngedegké mézbah lan masang kordhèn kanggo gerbang halaman.+ Akhiré, Musa ngrampungké kabèh gawéan kuwi. 34  Méga nutupi kémah pertemuan, lan kemuliaané Yéhuwah ana ing tabernakel.+ 35  Musa ora isa mlebu ing kémah pertemuan merga kémah kuwi ditutupi méga, lan kemuliaané Yéhuwah ana ing tabernakel.+ 36  Nèk méga kuwi munggah saka ndhuwuré tabernakel, wong Israèl bakal mindhah kémahé ing panggonan liya.+ 37  Ning, nèk méga kuwi ora munggah, wong Israèl ora bakal mindhah kémahé.+ 38  Saksuwéné perjalanan,+ kabèh wong Israèl isa ndelok méga saka Yéhuwah ana ing ndhuwuré tabernakel pas awan lan ndelok geni ing ndhuwuré tabernakel pas bengi.

Katrangan Tambahan

Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Deloken ctn. ing Pa 25:6.
Mungkin Musa ngongkon wong-wong kuwi ngresiki awaké nganggo banyu.
Lit.: ”klambi suci”.
Deloken ctn. ing Pa 25:16.
Lit.: ”ing njabané kordhèn”.