Pangentasan 7:1-25

  • Yéhuwah nguwatké Musa (1-7)

  • Tongkaté Harun dadi ula gedhé (8-13)

  • Bencana ke-1: banyu dadi getih (14-25)

7  Yéhuwah kandha karo Musa, ”Aku mènèhi kowé kuwasa bèn kowé dadi Gusti Allahé Firaun, lan Harun kakangmu bakal dadi nabimu.+  Kowé kudu ngomong marang Harun soal kabèh sing bakal Tak préntahké marang kowé. Harun sing bakal ngomong karo Firaun, lan mengko Firaun bakal ngéntukké wong Israèl lunga saka tanahé Firaun.  Bèn waé Firaun* ndableg,+ lan Aku bakal nggawé akèh mukjijat ing tanah Mesir.+  Ning, Firaun ora bakal ngrungokké kowé. Aku bakal nggunakké kuwasa-Ku* kanggo nglawan Mesir lan nggawa umat-Ku sing akèh,* yaiku wong Israèl, metu saka Mesir. Aku bakal mènèhi hukuman sing abot+ kanggo wong Mesir.  Wong Mesir bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah+ wektu Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo nglawan Mesir lan nggawa wong Israèl metu saka Mesir.”  Musa lan Harun nindakké kabèh préntahé Yéhuwah. Wong loro kuwi nindakké persis kaya ngono.  Wektu ngadhep Firaun, umuré Musa 80 taun lan umuré Harun 83 taun.+  Yéhuwah ngomong karo Musa lan Harun,  ”Nèk Firaun ngongkon kowé nggawé mukjijat, ngomonga karo Harun, ’Uncalna tongkatmu ing ngarepé Firaun.’ Tongkat kuwi bakal dadi ula sing gedhé.”+ 10  Mula, Musa lan Harun nemoni Firaun lan nindakké kabèh préntahé Yéhuwah. Harun nguncalké tongkaté ing ngarepé Firaun lan para abdiné. Tongkat kuwi dadi ula sing gedhé. 11  Firaun ngundang* wong-wong sing pinter lan para ahli ilmu gaib sing ana ing Mesir,+ lan wong-wong kuwi nggawé mukjijat sing padha nganggo ilmu gaibé.+ 12  Wong-wong kuwi padha nguncalké tongkaté, lan tongkaté dadi ula sing gedhé. Ning, ulané* Harun mangan ula-ulané wong-wong kuwi. 13  Senajan ngono, Firaun* tetep ndableg+ lan ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, kaya sing diomongké Yéhuwah. 14  Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Firaun kuwi ndableg.+ Dhèwèké ora ngéntukké umat-Ku lunga. 15  Sésuk ésuk kowé kudu nemoni Firaun. Dhèwèké bakal lunga menyang Kali Nil. Dadi, kowé kudu ngentèni ing pinggir Kali Nil bèn isa ketemu dhèwèké. Gawanen tongkat sing wis tau dadi ula kuwi.+ 16  Kowé kudu ngomong karo Firaun, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani ngongkon aku nemoni njenengan.+ Dhèwèké kandha, ”Wong Israèl bèn lunga supaya isa ngibadah marang Aku ing padhang belantara,” ning nganti saiki njenengan ora manut. 17  Mula Yéhuwah kandha ngéné, ”Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah+ saka apa sing bakal Tak tindakké. Banyu ing Kali Nil bakal Tak gebug nganggo tongkat-Ku, lan banyuné bakal dadi getih. 18  Iwak sing ana ing Kali Nil bakal mati, lan kaliné bakal mambu. Wong Mesir ora bakal isa ngombé banyu sing ana ing Kali Nil.”’” 19  Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Ngomonga karo Harun, ’Arahna tongkatmu ing banyu sing ana ing Mesir,+ yaiku ing kali-kaliné, ing saluran-saluran banyuné, ing rawa-rawané,+ lan ing danau-danauné. Banyu sing ana ing kono bakal dadi getih.’ Kabèh banyu sing ana ing Mesir bakal dadi getih, termasuk banyu sing ana ing wadhah kayu lan watu.” 20  Musa lan Harun langsung nindakké préntahé Yéhuwah. Harun ngethungké tongkaté lan nggebug banyu sing ana ing Kali Nil ing ngarepé Firaun lan para abdiné. Banyu kuwi langsung dadi getih.+ 21  Iwak sing ana ing Kali Nil mati kabèh,+ lan kaliné dadi mambu. Dadi, wong Mesir ora isa ngombé banyu Kali Nil.+ Banyu sing ana ing tanah Mesir dadi getih. 22  Ning, para ahli ilmu gaibé wong Mesir ya isa nggawé mukjijat sing padha.+ Mula, Firaun* tetep ndableg lan ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.+ 23  Firaun mulih ing istanané lan blas ora perduli soal kuwi. 24  Wong Mesir nggali lemah ing sekitaré Kali Nil bèn isa éntuk banyu kanggo ngombé merga banyuné Kali Nil ora isa diombé. 25  Yéhuwah nggawé Kali Nil dadi getih nganti pitung dina.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”atiné Firaun”.
Lit.: ”Aku bakal ndèlèhké tangan-Ku ing Mesir”.
Lit.: ”pasukan-Ku; umat-Ku”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”tongkaté”.
Lit.: ”atiné Firaun”.
Lit.: ”atiné Firaun”.