Pangentasan 9:1-35

  • Bencana ke-5: ternak mati (1-7)

  • Bencana ke-6: manungsa lan kéwan bisulen (8-12)

  • Bencana ke-7: udan ès (13-35)

    • Firaun kudu ndelok kuwasané Gusti Allah (16)

    • Jenengé Yéhuwah kudu diumumké (16)

9  Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Kowé kudu nemoni Firaun lan kandha, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani kandha, ”Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku.+  Ning, nèk kowé ngèyèl lan ora ngéntukké wong-wong kuwi lunga,  Aku, Yéhuwah,+ bakal matèni ternakmu. Jaranmu, keledaimu, untamu, sapimu, kambingmu, lan dombamu bakal mati merga kena penyakit.+  Aku, Yéhuwah, bakal misahké ternaké wong Israèl saka ternaké wong Mesir. Ora ana ternaké wong Israèl sing bakal mati.”’”+  Yéhuwah kuwi sing nentokké wektuné. Dhèwèké kandha, ”Sésuk, Aku, Yéhuwah, bakal nindakké kuwi ing tanah iki.”  Sésuké, Yéhuwah tumindak kaya sing diomongké mau. Kabèh ternaké wong Mesir mati,+ tapi ora ana ternaké wong Israèl sing mati.  Firaun ngongkon abdiné mriksa ternaké wong Israèl lan pancèn ora ana sing mati. Ning, Firaun* tetep ndableg lan ora ngéntukké wong Israèl lunga.+  Terus Yéhuwah kandha karo Musa lan Harun, ”Jupuka awu saka tungku nganggo tanganmu, lan Musa kudu nyebar awu kuwi ing ngarepé Firaun.  Awu kuwi bakal nyebar ing tanah Mesir. Nèk ana wong utawa kéwan sing kena awu kuwi, wong utawa kéwan kuwi bakal bisulen.” 10  Terus Musa lan Harun njupuk awu saka tungku, lan awu kuwi disebar ing ngarepé Firaun. Wong lan kéwan sing kena awu kuwi dadi bisulen. 11  Para ahli ilmu gaib ora isa nemoni Musa merga padha bisulen, kaya kabèh wong Mesir liyané.+ 12  Ning, Yéhuwah meneng waé senajan Firaun* tetep ndableg. Firaun ora gelem ngrungokké Musa lan Harun, persis kaya sing diomongké Yéhuwah marang Musa.+ 13  Yéhuwah kandha karo Musa, ”Sésuk kowé kudu tangi ésuk-ésuk, terus nemoni Firaun. Ngomonga karo dhèwèké, ’Yéhuwah Gusti Allahé wong Ibrani kandha, ”Kowé kudu ngéntukké umat-Ku lunga bèn isa ngibadah marang Aku. 14  Nèk ora, kowé, para abdimu, lan rakyatmu bakal Tak wènèhi bencana, bèn kowé ngerti nèk ora ana sing kaya Aku ing bumi iki.+ 15  Sakjané isa waé Aku nggunakké kuwasa-Ku kanggo ngukum kowé lan rakyatmu, lan kowé bakal disingkirké saka bumi iki. 16  Ning, Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku marang kowé, lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.+ 17  Ning, kowé isih waé sombong lan ora ngéntukké umat-Ku lunga. 18  Sésuk, kira-kira jam seméné iki, Aku bakal nggawé udan ès. Udané gedhé banget, lan durung tau kelakon ing Mesir. 19  Mula, kowé kudu ngongkon wong nglebokké kabèh ternakmu, para abdimu, lan kabèh duwèkmu. Kabèh wong lan kéwan sing ana ing njaba lan ora mlebu ing njero bakal mati wektu ana udan ès kuwi.”’” 20  Para abdiné Firaun sing wedi karo Yéhuwah cepet-cepet nglebokké para pembantu lan ternaké. 21  Tapi, wong-wong sing ora nggatèkké omongané Yéhuwah tetep ngejarké para pembantu lan ternaké ing njaba. 22  Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ethungna tongkatmu ing langit, bèn ana udan ès ing Mesir+ sing nibani kabèh wong, kéwan, lan tanduran sing ana ing njaba.”+ 23  Musa ngethungké tongkaté ing langit, lan Yéhuwah nggawé udan ès, bledhèg, lan geni* mudhun saka langit. Yéhuwah terus nggawé udan ès ing tanah Mesir. 24  Udan ès kuwi gedhé banget, lan ana kilat ing langit. Durung tau ana udan sing kaya ngono ing tanah Mesir.+ 25  Udan kuwi ngrusak kabèh sing ana ing tanah Mesir. Kabèh manungsa, kéwan, tanduran, lan wit sing ana ing njaba mati.+ 26  Mung ing tanah Gosyèn, tanah sing dienggoni wong Israèl, sing ora ana udan ès.+ 27  Terus, Firaun ngongkon wong ngundang* Musa lan Harun. Firaun kandha karo Musa lan Harun, ”Aku ngakoni nèk aku salah. Aku lan rakyatku sing salah. Yéhuwah sing bener. 28  Ndongaa marang Yéhuwah bèn udané mandheg. Mengko aku bakal ngéntukké kowé lunga. Kowé ora bakal manggon ing kéné manèh.” 29  Musa kandha, ”Sakwisé aku lunga saka kéné, aku bakal ndonga* marang Yéhuwah. Udan lan bledhèg bakal mandheg, bèn njenengan ngerti nèk bumi iki duwèké Yéhuwah.+ 30  Ning, aku ngerti nèk njenengan lan para abdiné njenengan ora bakal wedi karo Gusti Allah Yéhuwah.” 31  Wektu kuwi, tanduran rami* lan barli rusak, padahal barli wis siap dipanèn lan tanduran rami lagi metu kembangé. 32  Ning, wit gandum ora rusak merga durung wektuné dipanèn. 33  Bar kuwi, Musa lunga saka ngarepé Firaun. Terus, dhèwèké metu saka kutha kuwi lan ndonga marang Yéhuwah. Udan, udan ès, lan bledhègé mandheg.+ 34  Wektu Firaun ngerti nèk udan, udan ès, lan bledhègé mandheg, dhèwèké lan para abdiné tetep waé ndableg+ lan nggawé dosa. 35  Firaun* terus waé ndableg lan ora ngéntukké wong Israèl lunga, persis kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”atiné Firaun”.
Lit.: ”atiné Firaun”.
Mungkin maksudé kilat sing medèni.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”ngangkat tanganku”.
Tanduran sing ana ing Mesir, sing dadi bahan kanggo nggawé kain linèn.
Lit.: ”Atiné Firaun”.