Para Hakim 1:1-36

  • Penaklukan suku Yéhuda lan Siméon (1-20)

  • Wong Yébus terus manggon ing Yérusalèm (21)

  • Keturunané Yusuf ngrebut Bètel (22-26)

  • Ora kabèh wong Kanaan diusir (27-36)

1  Sakwisé Yosua mati,+ wong Israèl* takon marang Yéhuwah,+ ”Saka antarané bangsaku, sapa dhisik sing bakal maju nglawan wong Kanaan?”  Yéhuwah njawab, ”Suku Yéhuda dhisik.+ Aku bakal nyerahké* tanah kuwi marang dhèwèké.”  Terus, suku Yéhuda kandha marang seduluré, yaiku suku Siméon, ”Ayo mèlu aku menyang dhaérah sing wis ditentokké kanggo aku.+ Bantunen aku nglawan wong Kanaan. Bar kuwi, aku ya bakal mèlu kowé menyang dhaérah sing wis ditentokké kanggo kowé.” Mula, suku Siméon lunga bareng karo wong-wong kuwi.  Wektu suku Yéhuda perang, Yéhuwah nggawé suku Yéhuda menang nglawan wong Kanaan lan wong Pèriz.+ Suku Yéhuda ngalahké wong 10.000 ing Bèzèk.  Pas ngalahké wong Kanaan+ lan wong Pèriz,+ wong Yéhuda ketemu karo Adoni-bèzèk ing Bèzèk, terus Adoni-bèzèk diserang ing kono.  Wektu Adoni-bèzèk mlayu, wong Yéhuda ngoyak* lan nangkep dhèwèké, terus ngethok jempol tangan lan jempol sikilé.  Bar kuwi Adoni-bèzèk kandha, ”Ana 70 raja sing jempol tangan lan jempol sikilé tak kethok. Raja-raja kuwi njupuki panganan sing tiba ing ngisor méjaku. Saiki, Gusti Allah mbales aku sesuai karo tumindakku.” Bar kuwi, Adoni-bèzèk digawa menyang Yérusalèm,+ lan dhèwèké mati ing kana.  Terus, wong Yéhuda nyerang lan ngrebut kutha Yérusalèm.+ Wong Yéhuda matèni penduduké nganggo pedhang lan ngobong kutha kuwi.  Bar kuwi, wong Yéhuda nglawan wong Kanaan sing manggon ing dhaérah pegunungan lan sing manggon ing Nègèb lan Syéféla.+ 10  Wong Yéhuda nyerang wong Kanaan sing manggon ing Hébron (mbiyèn Hébron kuwi jenengé Kiriat-arba). Terus, wong Yéhuda ngalahké Syésyai, Ahiman, lan Talmai.+ 11  Saka kono, wong Yéhuda nyerang penduduk Débir.+ (Mbiyèn Débir kuwi jenengé Kiriat-sèfèr.)+ 12  Terus Kalèb+ kandha, ”Wong sing ngalahké lan ngrebut Kiriat-sèfèr bakal tak dadèkké bojoné Akhsa anakku wédok.”+ 13  Otnièl+ anaké Kénaz,+ adhiné Kalèb, ngrebut kutha kuwi. Mula, Kalèb mènèhké Akhsa anaké dadi bojoné Otnièl. 14  Wektu perjalanan mulih, Akhsa meksa Otnièl supaya njaluk ladhang saka bapaké.* Terus Akhsa mudhun saka keledainé.* Kalèb takon, ”Kowé péngin apa?” 15  Akhsa njawab, ”Tulung wènèhana aku hadiah kanggo tandha nèk njenengan mberkahi aku. Bapak wis mènèhi aku tanah ing sisih kidul.* Saiki mbok aku ya diwènèhi Gulot-maim.”* Mula, Kalèb mènèhké Gulot Ndhuwur lan Gulot Ngisor. 16  Keturunané wong Kèni,+ bapak maratuwané Musa,+ lunga saka kutha wit palem+ bareng karo wong Yéhuda menyang Padhang Belantara Yéhuda ing kidulé Arad.+ Terus, wong-wong kuwi manggon bareng karo penduduk ing kono.+ 17  Ning, suku Yéhuda lan suku Siméon seduluré mangkat lan nyerang wong Kanaan sing manggon ing Zéfat. Terus, kutha kuwi dihancurké+ lan dijenengi Horma.*+ 18  Bar kuwi, Yéhuda ngrebut Gaza,+ Askélon,+ Ékron,+ lan dhaérah ing sekitaré kutha-kutha kuwi. 19  Yéhuwah ndhukung Yéhuda. Wong Yéhuda ngrebut dhaérah pegunungan, ning ora isa ngusir penduduk ing dhaérah lembah merga penduduk ing kono nduwé kréta-kréta perang sing ana sabit wesiné.*+ 20  Kaya sing wis dijanjèkké Musa,+ Hébron diwènèhké marang Kalèb. Kalèb ngusir telu anaké lanang Anak+ saka kono. 21  Ning, wong Bènyamin ora ngusir wong Yébus sing manggon ing Yérusalèm. Mula nganti saiki, wong Yébus isih manggon karo wong Bènyamin ing Yérusalèm.+ 22  Keturunané Yusuf+ ya maju nyerang Bètel, lan Yéhuwah ndhukung wong-wong kuwi.+ 23  Keturunané Yusuf ngongkon wong ngamati Bètel (mbiyèn kutha kuwi jenengé Luz).+ 24  Mata-mata kuwi ndelok ana wong lanang metu saka kutha, terus kandha marang wong lanang kuwi, ”Tulung, duduhna dalan mlebu menyang kutha. Aku bakal apikan karo* kowé.” 25  Wong lanang mau nduduhké dalan mlebu menyang kutha. Terus, mata-mata kuwi matèni penduduk kutha kuwi nganggo pedhang, ning wong lanang mau lan kabèh keluargané ora dipatèni.+ 26  Wong lanang mau lunga menyang tanahé wong Hèt lan mbangun kutha sing dijenengi Luz. Kuwi jenengé kutha kuwi nganti saiki. 27  Manasyé ora ngrebut Bèt-syéan, Taanakh,+ Dor, Ibléam, Mégido, utawa kutha-kutha ing sekitaré.+ Wong Kanaan meksa tetep manggon ing kono. 28  Pas kuwasané wong Israèl saya gedhé, wong Israèl ngongkon wong Kanaan kerja paksa.+ Wong Israèl ora ngusir kabèh wong Kanaan.+ 29  Éfraim ya ora ngusir wong Kanaan sing manggon ing Gèzèr. Wong Kanaan tetep manggon bareng karo wong Éfraim ing Gèzèr.+ 30  Zébulon ora ngusir penduduk Kitron lan Nahalol.+ Wong Kanaan tetep manggon bareng karo wong Zébulon lan dikongkon kerja paksa.+ 31  Asyèr ora ngusir penduduk Ako, Sidon,+ Ahlab, Akhzib,+ Hèlba, Afik,+ lan Réhob.+ 32  Mula, wong Asyèr tetep manggon ing antarané wong Kanaan ing tanah kuwi merga wong Asyèr ora ngusir wong-wong kuwi. 33  Naftali ora ngusir penduduk Bèt-syèmès lan penduduk Bèt-anat.+ Wong Naftali tetep manggon bareng karo wong Kanaan ing tanah kuwi.+ Penduduk Bèt-syèmès lan Bèt-anat dikongkon kerja paksa kanggo wong Naftali. 34  Wong Amori nggawé wong Dan ora isa metu saka dhaérah pegunungan. Wong Amori ora ngéntukké wong Dan mudhun ing lembah.+ 35  Wong Amori tetep meksa arep manggon ing Gunung Hèrès, Aiyalon,+ lan Syaalbim.+ Ning, sakwisé keturunané Yusuf kuwasané saya gedhé, wong Amori dikongkon kerja paksa. 36  Dhaérahé wong Amori kuwi dimulai saka Tanjakan Akrabim,+ saka Séla terus munggah nganti tekan dhaérah pegunungan.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”anak-anaké lanang Israèl”.
Utawa ”wis nyerahké”.
Utawa ”nguber”.
Maksudé, Kalèb.
Utawa mungkin ”Akhsa keplok-keplok ing ndhuwur keledainé”.
Utawa ”dhaérah Nègèb”.
Artiné ”Tanah sing Akèh Banyuné”.
Artiné ”Panggonan sing Mesthi Bakal Dimusnahké”.
Lit.: ”kréta wesi”.
Utawa ”bakal nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.