Para Hakim 10:1-18

  • Hakim Tola lan Yair (1-5)

  • Israèl mbrontak lan mertobat (6-16)

  • Wong Ammon dadi ancaman kanggo wong Israèl (17, 18)

10  Sakwisé Abimèlèkh, ana Tola wong Isakhar sing nylametké Israèl.+ Tola manggon ing Syamir ing dhaérah pegunungan Éfraim. Dhèwèké kuwi anaké Pua anaké Dodo.  Tola dadi hakimé Israèl 23 taun suwéné. Terus, dhèwèké mati lan dikubur ing Syamir.  Sakwisé Tola, ana Yair wong Giléad sing dadi hakimé Israèl 22 taun suwéné.  Yair nduwé anak lanang 30. Saben anaké lanang nduwé keledai siji lan kutha siji. Nganti saiki, 30 kutha kuwi disebut Hawot-yair.+ Kutha-kutha kuwi ana ing Giléad.  Sakwisé kuwi, Yair mati lan dikubur ing Kamon.  Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah+ lan mulai nglayani déwa-déwa Baal,+ patung-patung Astorèt, allah-allahé Siria,* allah-allahé Sidon, allah-allahé Moab,+ allah-allahé wong Ammon,+ lan allah-allahé wong Filistin. Wong Israèl ninggalké Yéhuwah lan ora nglayani Dhèwèké.+  Mula, Yéhuwah nesu banget marang wong Israèl. Dhèwèké nggawé wong Filistin lan wong Ammon+ ngalahké wong Israèl.  Mula ing taun kuwi, wong Israèl sengsara lan ditindhes. Saksuwéné 18 taun, kabèh wong Israèl sing manggon ing dhaérahé wong Amori ing Giléad, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan, padha ditindhes.  Wong Ammon ya nyabrang Kali Yordan bèn isa perang nglawan suku Yéhuda, Bènyamin, lan Éfraim. Israèl dadi susah banget. 10  Terus, wong Israèl njaluk tulung marang Yéhuwah,+ kandhané, ”Aku wis dosa marang Njenengan merga wis ninggalké Gusti Allahku lan nglayani déwa-déwa Baal.”+ 11  Yéhuwah njawab, ”Aku kan wis nylametké kowé saka Mesir+ lan saka wong Amori,+ wong Ammon, wong Filistin,+ 12  wong Sidon, wong Amalèk, lan wong Midian wektu kabèh wong kuwi nindhes kowé, ta? Wektu kowé sambat karo Aku, Aku nylametké kowé saka wong-wong kuwi. 13  Ning, kowé ninggalké Aku lan nglayani allah-allah liyané.+ Kuwi sebabé Aku ora bakal nylametké kowé manèh.+ 14  Kana kowé njaluk tulung karo allah-allah sing wis mbok pilih kuwi.+ Bèn waé allah-allah kuwi sing nylametké kowé wektu kowé ditindhes.”+ 15  Wong Israèl kandha marang Yéhuwah, ”Aku wis dosa. Tindakna apa waé sing nurut Njenengan apik. Ning, tulung slametna aku dina iki.” 16  Terus, wong Israèl nyingkirké kabèh allah liya lan nglayani Yéhuwah.+ Mula, Gusti Allah ora téga ndelok kesusahané Israèl.+ 17  Wektu kuwi, wong Ammon+ ngumpul lan kémah ing Giléad. Wong Israèl ya ngumpul lan kémah ing Mizpa. 18  Wong Giléad lan para pemimpiné padha omong-omongan, ”Sapa sing arep maju dhisik nglawan wong Ammon?+ Wong sing maju dhisik kuwi bakal dadi pemimpiné kabèh penduduk Giléad.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”Aram”.