Para Hakim 11:1-40

  • Hakim Yéfta diusir, terus dadi pemimpin (1-11)

  • Yéfta mènèhi penjelasan marang wong Ammon (12-28)

  • Yéfta nggawé janji, lan anaké wédok Yéfta (29-40)

    • Anaké wédok Yéfta ora bakal nikah (38-40)

11  Yéfta+ wong Giléad kuwi pejuang sing hébat. Bapaké jenengé Giléad, lan ibuné Yéfta kuwi pelacur.  Ning, bojoné Giléad ya nglairké anak-anak lanang. Pas wis padha gedhé, anak-anak lanang kuwi ngusir Yéfta lan kandha, ”Kowé ora bakal éntuk warisan tanahé bapakku merga kowé anaké wong wédok liya.”  Mula, Yéfta mlayu saka sedulur-seduluré lan manggon ing dhaérah Tob. Terus, ana pengangguran sing nggabung karo Yéfta lan nyerang mungsuh bareng Yéfta.  Bar kuwi, wong Ammon nglawan Israèl.+  Wektu wong Ammon nglawan Israèl, para pemimpiné* Giléad cepet-cepet lunga arep nggawa Yéfta bali saka dhaérah Tob.  Para pemimpin kuwi kandha marang Yéfta, ”Dadia pemimpin pasukanku bèn aku isa nglawan wong Ammon.”  Ning, Yéfta njawab para pemimpiné Giléad, ”Kowé kan sengit banget karo aku nganti ngusir aku saka omahé bapakku, ta?+ Terus saiki, ngapa kowé nggolèki aku pas kowé lagi susah?”  Para pemimpin Giléad kandha marang Yéfta, ”Iya pancèn bener, ning saiki aku marani kowé. Nèk kowé gelem bali lan nglawan wong Ammon bareng karo aku, kowé bakal tak dadèkké pemimpiné penduduk Giléad.”+  Mula Yéfta njawab, ”Nèk kowé nggawa aku bali kanggo nglawan wong Ammon lan Yéhuwah ngalahké wong-wong kuwi kanggo aku, aku gelem dadi pemimpinmu!” 10  Para pemimpiné Giléad kandha, ”Yéhuwah sing bakal dadi seksi* ing antarané awaké dhéwé nèk nganti aku ora nindakké kaya sing mbok omongké kuwi.” 11  Mula, Yéfta mangkat bareng karo para pemimpin Giléad, lan wong-wong ndadèkké Yéfta pemimpin lan komandané. Terus, Yéfta mbalèni kabèh omongané mau ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa.+ 12  Bar kuwi, Yéfta ngirim utusan marang rajané wong Ammon,+ kandhané, ”Ngapa kok kowé tumindak kaya ngéné iki marang aku lan nyerang bangsaku?” 13  Rajané wong Ammon njawab utusané Yéfta, ”Pas metu saka Mesir,+ Israèl wis ngrebut wilayahku, saka Arnon+ nganti Yabok, malah tekan Kali Yordan.+ Saiki balèkna kuwi, terus awaké dhéwé damai.” 14  Ning, Yéfta ngirim utusan manèh marang rajané wong Ammon. 15  Utusan kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Yéfta: ’Wong Israèl ora njupuk wilayahé wong Moab+ lan wong Ammon,+ 16  merga wektu metu saka Mesir, wong Israèl mlaku liwat padhang belantara menyang Laut Merah+ lan tekan ing Kadès.+ 17  Terus, Israèl ngirim utusan marang raja Édom,+ kandhané, ”Tulung ijinké aku lan bangsaku ngliwati wilayahmu,” ning raja Édom ora ngrungokké. Wong Israèl ya ngirim pesen marang raja Moab,+ ning ya ora diijinké. Mula, wong Israèl tetep manggon ing Kadès.+ 18  Wektu mlaku ing padhang belantara, wong Israèl ora ngliwati tanah Édom+ lan Moab. Wong-wong kuwi mlaku ing sisih wétané Moab+ lan kémah ing dhaérah Arnon. Wong-wong kuwi ora mlebu ing dhaérahé Moab,+ merga Arnon kuwi perbatasané Moab. 19  ”’Sakwisé kuwi, Israèl ngirim utusan marang Sihon rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon. Israèl kandha, ”Tulung ijinké aku lan bangsaku ngliwati wilayahmu bèn tekan ing panggonanku.”+ 20  Ning, Sihon ora percaya lan ora ngijinké wong Israèl ngliwati dhaérahé. Mula, Sihon nglumpukké kabèh pasukané lan kémah ing Yahaz. Terus, Sihon nglawan Israèl.+ 21  Yéhuwah Gusti Allahé Israèl nggawé wong Israèl menang nglawan Sihon lan kabèh pasukané. Mula Israèl ngalahké Sihon lan pasukané, terus ngrebut kabèh wilayah sing dienggoni wong Amori.+ 22  Ya ngono kuwi wong Israèl ngrebut kabèh dhaérahé wong Amori saka Arnon nganti Yabok, lan saka padhang belantara nganti Kali Yordan.+ 23  ”’Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing wis ngusir wong Amori saka ngarepé umaté.+ Saiki, apa kowé arep ngusir Israèl? 24  Kowé mesthi bakal ngrebut wilayah sing diwènèhké Khémos+ allahmu, ta? Dadi aku ya bakal ngrebut wilayah endi waé sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahku.+ 25  Apa kowé luwih apik timbang Balak+ anaké Zipor, raja Moab? Apa dhèwèké tau nantang utawa nglawan Israèl? 26  Saksuwéné 300 taun, Israèl manggon ing Hésbon lan Aroèr lan kutha-kutha ing sekitaré.+ Israèl ya manggon ing kabèh kutha sing ana ing pinggir Kali Arnon. Ngapa kok saksuwéné kuwi kowé ora ngupaya ngrebut kutha-kutha kuwi?+ 27  Aku ora dosa marang kowé, ning kowé salah nèk nyerang aku. Bèn waé dina iki Yéhuwah sing dadi Hakim+ kanggo ngadili wong Israèl lan wong Ammon.’” 28  Ning, rajané wong Ammon ora gelem ngrungokké omongané Yéfta liwat utusan mau. 29  Yéfta+ éntuk roh suciné Yéhuwah. Terus, Yéfta lunga ngliwati Giléad+ lan Manasyé lan tekan ing Mizpé Giléad. Saka Mizpé Giléad, Yéfta lunga arep nemoni wong Ammon. 30  Terus, Yéfta sumpah+ marang Yéhuwah, kandhané, ”Nèk Njenengan nggawé aku isa ngalahké wong Ammon, 31  wong sing metu saka omahku kanggo nemoni aku bar aku menang nglawan wong Ammon bakal dadi duwèké Yéhuwah.+ Aku bakal mènèhké dhèwèké dadi persembahan bakaran.”+ 32  Yéfta maju nglawan wong Ammon. Yéhuwah mbantu Yéfta ngalahké wong Ammon. 33  Yéfta matèni akèh banget wong kuwi saka Aroèr nganti Minit. Yéfta ngrebut 20 kutha nganti tekan Abèl-kéramim. Ya ngono kuwi wong Ammon dikalahké ing ngarepé wong Israèl. 34  Akhiré, Yéfta bali menyang omahé ing Mizpa.+ Jebulé, anaké wédok sing metu nemoni Yéfta karo main rebana lan nari. Cah wédok kuwi anaké siji-sijiné. Sakliyané cah wédok kuwi, Yéfta ora nduwé anak lanang utawa anak wédok liyané. 35  Pas weruh anaké wédok, Yéfta nyuwèk klambiné lan kandha, ”Adhuh, Ndhuk! Remuk atiku merga kowé. Sebab kowé sing kudu tak kongkon lunga saka kéné. Aku wis sumpah* marang Yéhuwah lan ora isa tak batalké.”+ 36  Ning anaké kandha, ”Pak, nèk njenengan wis sumpah marang Yéhuwah, ya tindakna marang aku apa sing wis njenengan sumpahké+ kuwi merga Yéhuwah wis mbaleské dendam marang mungsuh-mungsuhmu, yaiku wong Ammon.” 37  Terus anaké kandha manèh, ”Aku mung njaluk iki, Pak: Tulung ijinké aku lunga menyang pegunungan rong sasi suwéné. Aku arep nangis bareng karo kanca-kancaku wédok merga aku ora bakal nikah.”* 38  Bapaké kandha, ”Ya, lungaa.” Mula, bapaké ngijinké cah wédok kuwi lunga rong sasi suwéné. Cah wédok kuwi lunga menyang pegunungan arep nangis bareng karo kanca-kancané merga dhèwèké ora bakal nikah. 39  Sakwisé rong sasi, cah wédok kuwi bali marang bapaké. Terus, bapaké nepati sumpahé soal anak kuwi.+ Cah wédok kuwi ora tau turu* karo wong lanang. Mulai wektu kuwi, ana kebiasaan* ing Israèl: 40  Saben taun, cah-cah wédok Israèl bakal lunga patang dina suwéné kanggo muji* anaké Yéfta wong Giléad kuwi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”sing bakal krungu”.
Lit.: ”mbukak cangkemku”.
Utawa ”merga aku bakal terus dadi prawan”.
Maksudé, nindakké hubungan sèks.
Utawa ”peraturan”.
Utawa ”nguwatké”.