Para Hakim 12:1-15

  • Masalah karo wong Éfraim (1-7)

    • Ngucapké ”Syibolèt” (6)

  • Hakim Ibzan, Élon, lan Abdon (8-15)

12  Terus, wong Éfraim ngumpul lan nyabrang menyang Zafon.* Wong-wong kuwi kandha marang Yéfta, ”Ngapa kok kowé ora ngejak aku wektu kowé nyabrang arep nglawan wong Ammon?+ Kowé lan omahmu bakal tak obong.”  Ning Yéfta njawab, ”Aku lan anak buahku ngadhepi perang gedhé nglawan wong Ammon. Aku wis njaluk tulung kowé, ning kowé ora nylametké aku saka wong-wong kuwi.  Wektu aku ngerti nèk kowé ora gelem nylametké aku, aku nglawan wong Ammon+ nganti toh nyawa. Yéhuwah mbantu aku menang nglawan wong Ammon. Mula, ngapa kowé saiki arep nglawan aku?”  Terus, Yéfta nglumpukké kabèh wong Giléad+ lan nglawan Éfraim. Wong Giléad ngalahké Éfraim. Wong Éfraim mbiyèn tau kandha, ”Hé wong Giléad ing Éfraim lan Manasyé, kowé kuwi mung wong sing minggat saka Éfraim.”  Wong Giléad ngrebut panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan+ lan nyegat wong Éfraim sing arep mlayu. Nèk wong Éfraim kandha, ”Nèk éntuk, aku tak nyabrang,” wong Giléad bakal takon, ”Apa kowé wong Éfraim?” Nèk wong kuwi njawab, ”Dudu,”  wong Giléad bakal kandha, ”Coba ngomong Syibolèt.” Ning wong kuwi mesthi ngomong ”Sibolèt,” merga wong Éfraim ora isa bener nèk ngomong kata kuwi. Terus, wong Giléad bakal nangkep lan matèni wong kuwi ing panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan mau. Mula, ana 42.000 wong Éfraim sing dipatèni wektu kuwi.  Yéfta dadi hakimé Israèl enem taun suwéné. Terus, Yéfta wong Giléad kuwi mati lan dikubur ing kuthané ing Giléad.  Sakwisé Yéfta, Ibzan saka Bètlehèm dadi hakimé Israèl.+  Ibzan nduwé anak lanang 30 lan anak wédok 30. Ibzan nikahké anak-anaké wédok karo wong lanang saka keluarga liya lan njupuk wong wédok 30 bèn isa dinikahké karo anak-anaké lanang. Ibzan dadi hakimé Israèl pitung taun suwéné. 10  Terus, Ibzan mati lan dikubur ing Bètlehèm. 11  Sakwisé Ibzan, Élon wong Zébulon dadi hakimé Israèl sepuluh taun suwéné. 12  Terus, Élon wong Zébulon kuwi mati lan dikubur ing Aiyalon, ing tanah Zébulon. 13  Sakwisé Élon, Abdon anaké Hilèl wong Piraton dadi hakimé Israèl. 14  Abdon nduwé anak lanang 40 lan putu lanang 30. Saben wong numpak keledai siji. Abdon dadi hakimé Israèl wolung taun suwéné. 15  Terus, Abdon anaké Hilèl wong Piraton kuwi mati lan dikubur ing Piraton, ing tanah Éfraim ing gunungé wong Amalèk.+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”nyabrang kali menyang arah lor”.