Para Hakim 15:1-20

  • Simson balas dendam marang wong Filistin (1-20)

15  Sakwisé kuwi, pas musim panèn gandum, Simson nemoni bojoné karo nggawa anak kambing siji. Simson kandha, ”Aku arep nemoni bojoku ing kamaré.”* Ning, bapak maratuwané Simson ora ngijinké.  Bapak maratuwané kandha, ”Tak kira kowé sengit karo dhèwèké.+ Mula, dhèwèké tak wènèhké marang salah siji wong lanang enom sing dadi pengiringmu.+ Kowé ngepèka adhiné waé. Adhiné kan luwih ayu timbang dhèwèké, ta?”  Ning Simson njawab, ”Saiki, wong Filistin ora isa nyalahké aku nèk aku nyerang wong-wong kuwi.”  Terus, Simson lunga lan nangkep rubah 300. Bar kuwi, Simson njupuk obor. Terus, dhèwèké nalèni buntut rubah loro dadi siji lan ndèlèhké obor siji ing saben pasang buntut mau.  Bar kuwi, Simson ngurubké obor-obor kuwi lan ngeculké rubah-rubah mau menyang ladhang gandumé wong Filistin. Kabèh diobong, termasuk gandum sing wis ditalèni, gandum sing isih ana ing ladhang, kebon anggur, lan kebon zaitun.  Wong Filistin takon, ”Sapa sing nindakké iki?” Terus ana sing kandha, ”Simson, mantuné wong Timnah kuwi pelakuné. Sebab, bapak maratuwané wis njupuk bojoné Simson terus diwènèhké marang pengiringé.”+ Mula, wong Filistin ngobong wong wédok kuwi lan bapaké.+  Terus, Simson kandha marang wong-wong Filistin kuwi, ”Merga kowé wis nindakké iki, aku ora bakal meneng waé. Kowé bakal tak bales.”+  Terus, Simson matèni kabèh wong kuwi. Simson matèni wong-wong kuwi siji-siji, bar kuwi dhèwèké lunga lan manggon ing guwa* ing Tebing Watu Étam.  Sakwisé kuwi, wong Filistin teka lan kémah ing Yéhuda. Terus, wong Filistin nyerbu Lèhi.+ 10  Wong Yéhuda takon, ”Ngapa kok kowé nyerang aku?” Wong Filistin njawab, ”Aku arep nangkep* Simson kanggo mbales tumindaké.” 11  Mula, wong Yéhuda sing jumlahé 3.000 lunga menyang guwa* ing Tebing Watu Étam terus kandha marang Simson, ”Kowé ngerti ta nèk wong Filistin nguwasani awaké dhéwé?+ Terus, ngapa kok kowé nindakké iki?” Simson njawab, ”Aku mung mbales tumindaké wong-wong kuwi.” 12  Ning wong Yéhuda kandha marang Simson, ”Aku mréné arep nangkep* lan nyerahké kowé marang wong Filistin.” Simson kandha, ”Sumpaha nèk kowé ora bakal matèni aku.” 13  Wong Yéhuda kandha, ”Ora, aku mung bakal nalèni lan nyerahké kowé marang wong-wong kuwi. Kowé ora bakal tak patèni.” Mula, Simson ditalèni nganggo tali loro sing isih anyar lan digawa metu saka tebing kuwi. 14  Wektu tekan Lèhi, wong Filistin padha bengok-bengok pas weruh Simson. Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan tali-tali ing tangané mau dadi kaya benang linèn sing gosong kena geni. Tali-tali mau pedhot saka tangané.+ 15  Bar kuwi, Simson nemu tulang rahang keledai lanang sing lagi waé mati. Tulang rahang keledai kuwi dijupuk Simson lan digunakké kanggo matèni wong 1.000.+ 16  Simson kandha,”Nganggo rahangé keledai, aku matèni mungsuh-mungsuh lan numpuk mayaté dadi pirang-pirang tumpukan. Nganggo rahangé keledai, wong 1.000 tak patèni.”+ 17  Sakwisé rampung ngomong, Simson mbuwang tulang rahang kuwi lan nyebut panggonan kuwi Ramat-lèhi.*+ 18  Terus, Simson krasa ngelak banget lan njaluk tulung marang Yéhuwah. Simson kandha, ”Njenengan wis mènèhi kemenangan sing gedhé marang abdi-Mu iki. Saiki, apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku mati merga ngelak? Apa Njenengan bakal meneng waé ndelok aku dikalahké wong-wong sing ora disunat iki?” 19  Mula, Gusti Allah nggawé lubang ing Lèhi, terus ana banyu mili saka kono.+ Pas Simson ngombé, tenagané* dadi pulih, lan dhèwèké dadi seger manèh. Kuwi sebabé Simson njenengi panggonan kuwi Èn-hakoré,* sing isih ana ing Lèhi nganti saiki. 20  Simson dadi hakimé Israèl 20 taun suwéné, yaiku wektu wong Israèl dikuwasani wong Filistin.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kamar njero”.
Utawa ”celah”.
Utawa ”nalèni”.
Utawa ”celah”.
Utawa ”nalèni”.
Artiné ”Bukit Tulang Rahang”.
Lit.: ”rohé”.
Artiné ”Mata Air Wong sing Njaluk Tulung”.