Para Hakim 17:1-13

  • Brahalané Mikha lan imamé (1-13)

17  Ana wong lanang ing dhaérah pegunungan Éfraim+ sing jenengé Mikha.  Mikha kandha marang ibuné, ”Mbiyèn pas njenengan kélangan 1.100 dhuwit pérak, aku krungu nèk njenengan ngutuki wong sing njupuk kuwi. Sakjané aku sing njupuk. Dhuwité saiki tak gawa.” Ibuné kandha, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi kowé, Lé.”  Mula, Mikha mbalèkké 1.100 dhuwit pérak kuwi marang ibuné. Ning, ibuné kandha, ”Aku mesthi bakal mènèhké* pérak kuwi kanggo Yéhuwah bèn anakku isa nggawé patung pahatan lan patung logam.*+ Mula, dhuwit pérak iki tak balèkké kowé.”  Sakwisé Mikha mbalèkké dhuwit pérak kuwi marang ibuné, ibuné njupuk 200 dhuwit péraké lan kuwi diwènèhké marang pengrajin pérak. Pengrajin kuwi nggawé patung pahatan lan patung logam,* terus patung-patung kuwi didèlèhké ing omahé Mikha.  Mikha nduwé panggonan kanggo déwa-déwané. Mikha nggawé éfod*+ lan patung+ déwa keluarga.* Mikha ya nglantik salah siji anaké lanang dadi imam kanggo dhèwèké.+  Wektu kuwi, ora ana raja ing Israèl.+ Saben wong nindakké apa sing bener nurut karepé dhéwé.*+  Ana cah lanang saka Bètlehèm+ ing Yéhuda sing asalé saka keluarga Yéhuda. Cah lanang kuwi wong Lèwi+ sing wis suwé manggon ing kana.  Cah lanang iki ninggalké kutha Bètlehèm ing Yéhuda arep nggolèk panggonan liya. Pas ing perjalanan, dhèwèké tekan ing dhaérah pegunungan Éfraim, ing omahé Mikha.+  Terus Mikha takon, ”Kowé saka ngendi?” Cah lanang kuwi njawab, ”Aku wong Lèwi saka Bètlehèm ing Yéhuda. Saiki, aku lagi perjalanan arep nggolèk panggonan.” 10  Mikha kandha, ”Manggona ing kéné waé karo aku. Kowé kudu dadi penaséhat* lan imamku. Kowé bakal tak wènèhi sepuluh dhuwit pérak saben taun, sak setèl klambi, lan panganan.” Terus, wong Lèwi kuwi mlebu ing omahé Mikha. 11  Wong Lèwi kuwi setuju manggon bareng karo Mikha lan dadi kaya anaké Mikha. 12  Terus, Mikha nglantik wong Lèwi kuwi dadi imamé,+ lan wong kuwi manggon ing omahé Mikha. 13  Mikha kandha, ”Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah bakal mberkahi aku, merga wong Lèwi kuwi wis dadi imamku.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”nyucèkké”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”térafim”.
Utawa ”apa sing dhèwèké anggep bener”.
Lit.: ”bapak”.