Para Hakim 18:1-31

  • Suku Dan nggolèk tanah warisan (1-31)

    • Brahalané Mikha dirampas, lan imamé digawa lunga (14-20)

    • Lais direbut lan dijenengi Dan (27-29)

    • Penyembahan brahala ing Dan (30, 31)

18  Wektu kuwi, ora ana raja ing Israèl.+ Suku Dan+ lagi nggolèk dhaérah kanggo dienggoni merga nganti wektu kuwi suku Dan durung nampa tanah warisané ing antarané suku-suku Israèl.+  Mula, wong Dan ngutus wong lima sing isa diendelké saka sukuné lan kandha, ”Lungaa menyang kabèh wilayah ing negara kuwi.” Terus, para utusan kuwi lunga saka Zora lan Èstaol+ bèn isa ngamati lan njlajahi negara kuwi. Wektu tekan ing dhaérah pegunungan Éfraim, para utusan kuwi nginep ing omahé Mikha.+  Pas ing cedhak omahé Mikha, para utusan kuwi nitèni swarané* cah lanang Lèwi mau. Mula, para utusan kuwi marani cah lanang kuwi lan takon, ”Sapa sing ngejak kowé mréné? Ngapa kowé ing kéné? Ngapa kowé manggon ing kéné?”  Cah lanang Lèwi mau nyritakké apa sing wis ditindakké Mikha marang dhèwèké lan kandha, ”Mikha mbayar aku bèn dadi imamé.”+  Para utusan kuwi kandha, ”Tulung takokna Gusti Allah apa perjalananku iki bakal berhasil.”  Imam kuwi kandha, ”Lungaa, ora usah kuwatir. Yéhuwah nglindhungi kowé ing perjalananmu.”  Mula, wong lima mau lunga lan tekan ing Lais.+ Wong lima kuwi ndelok nèk wong-wong ing Lais uripé kaya wong Sidon sing ora bergantung karo sapa-sapa. Wong Lais uripé tenang lan ora gampang curiga.+ Ora ana wong sing nindhes lan ngganggu wong Lais. Wong Lais adoh saka wong Sidon lan ora urusan karo wong liyané.  Wektu para utusan kuwi bali marang sedulur-seduluré ing Zora lan Èstaol,+ sedulur-seduluré takon, ”Piyé ing kana?”  Para utusan kuwi njawab, ”Dhaérah kuwi apik banget. Ayo diserang waé. Ora usah ragu-ragu. Ayo langsung mangkat lan ngrebut dhaérah kuwi. 10  Nèk wis tekan kana, kowé bakal ndelok nèk wong-wongé ora gampang curiga.+ Gusti Allah wis nyerahké dhaérah kuwi marang kowé. Dhaérah kuwi amba lan ora kekurangan apa-apa.”+ 11  Terus, 600 wong sing nggawa senjata lan sing siap perang saka suku Dan mangkat saka Zora lan Èstaol.+ 12  Wong-wong kuwi lunga menyang panggonan sing ana ing sisih kuloné Kiriat-yéarim+ ing Yéhuda, terus kémah ing kono. Mula, nganti saiki panggonan kuwi disebut Mahané-dan.*+ 13  Saka kono, wong-wong kuwi lunga menyang dhaérah pegunungan Éfraim lan tekan ing omahé Mikha.+ 14  Terus, wong lima sing sakdurungé dikongkon ngamati Lais+ kandha marang sedulur-seduluré, ”Kowé ngerti ora? Ing omah-omah iki ana éfod,* patung déwa keluarga,* patung pahatan, lan patung logam.*+ Karepmu kuwi arep mbok apakké.” 15  Mula, wong-wong kuwi mandheg ing kono lan mlebu ing panggonané cah lanang Lèwi mau,+ ing cedhak omahé Mikha, terus nakonké kabaré. 16  Wektu kuwi, 600 wong Dan+ sing nggawa senjata lan sing siap perang padha ngadeg ing gerbang. 17  Terus, wong lima sing sakdurungé dikongkon ngamati dhaérah kuwi+ mlebu arep njupuk patung pahatan, éfod,+ patung déwa keluarga,*+ lan patung logam.*+ (Imam+ kuwi ngadeg ing gerbang bareng karo 600 wong sing nggawa senjata lan sing siap perang.) 18  Wong-wong kuwi mlebu ing omahé Mikha, terus njupuk patung pahatan, éfod, patung déwa keluarga,* lan patung logam.* Imam kuwi takon, ”Kowé kuwi ngapa, ta?” 19  Ning wong-wong kuwi njawab, ”Menenga waé. Aja takon-takon. Mèlua aku waé dadi penaséhat* lan imamku. Endi sing menurutmu luwih apik, dadi imam kanggo wong sak omah+ utawa dadi imam kanggo sak keluarga lan sak suku ing Israèl?”+ 20  Imam kuwi dadi seneng, terus njupuk éfod, patung déwa keluarga,* lan patung pahatan.+ Bar kuwi, dhèwèké lunga bareng wong-wong kuwi. 21  Terus, wong-wong kuwi neruské perjalanané. Ing ngarepé wong-wong kuwi, ana anak-anak, ternak, lan barang-barangé sing berharga. 22  Sakwisé wong Dan mlaku rada adoh saka omahé Mikha, tangga-tanggané Mikha bareng-bareng nututi wong Dan. 23  Tangga-tanggané kuwi mbengoki wong Dan. Mula, wong Dan nolèh lan takon marang Mikha, ”Ana apa? Ngapa kok kowé nggawa wong semono akèhé?” 24  Mikha kandha, ”Kowé wis njupuk déwa-déwa sing tak gawé, lan kowé ya lunga bareng karo imam kuwi. Aku wis ora nduwé apa-apa manèh. Kok isa kowé takon, ’Ana apa?’” 25  Wong Dan njawab, ”Aja nggetak-nggetak. Nèk ora, wong-wong sing nesu iki bakal nyerang kowé. Terus, kowé lan keluargamu bakal dipatèni.” 26  Mula, wong Dan neruské perjalanané. Merga ngerti nèk wong-wong kuwi luwih kuwat timbang dhèwèké, Mikha bali menyang omahé. 27  Sakwisé njupuk déwa-déwa sing digawé Mikha lan nggawa imamé, wong-wong kuwi lunga menyang Lais.+ Wong Lais kuwi uripé tenang lan ora gampang curiga.+ Wong Dan matèni wong Lais nganggo pedhang lan ngobong kutha kuwi. 28  Ora ana sing isa nylametké kutha kuwi merga kutha kuwi adoh saka Sidon lan penduduké ora urusan karo wong-wong liya. Panggonané ana ing lembah duwèké Bèt-réhob.+ Terus, wong Dan mbangun manèh kutha kuwi lan manggon ing kono. 29  Wong Dan njenengi kutha kuwi Dan+ nurut jenengé bapaké, yaiku Dan, anaké Israèl.+ Kutha kuwi mbiyèn jenengé Lais.+ 30  Terus, wong Dan ngedegké patung pahatan+ mau ing kono. Yonatan karo keturunané dadi imamé suku Dan nganti penduduk ing kono ditawan. Yonatan+ kuwi anaké Gèrsyom+ anaké Musa. 31  Patung pahatan sing digawé Mikha sing didegké wong Dan tetep ana ing kono saksuwéné omahé* Gusti Allah sing bener ana ing Syilo.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”logaté”.
Artiné ”Perkémahané Suku Dan”.
Lit.: ”térafim”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”térafim”.
Lit.: ”térafim”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”bapak”.
Lit.: ”térafim”.
Utawa ”tabernakelé”.