Para Hakim 19:1-30

  • Tumindaké wong Bènyamin sing bejat ing Gibéah (1-30)

19  Wektu kuwi, pas ora ana raja ing Israèl,+ ana wong Lèwi sing manggon ing dhaérah terpencil ing wilayah pegunungan Éfraim.+ Wong Lèwi kuwi njupuk wong wédok* saka Bètlehèm+ ing Yéhuda arep didadèkké bojo.  Ning, wong wédok kuwi ora setya lan ninggalké wong Lèwi mau terus bali menyang omahé bapaké ing Bètlehèm ing Yéhuda. Wong wédok kuwi manggon ing kana patang sasi suwéné.  Mula, bojoné nyusul arep ngrayu bèn wong wédok kuwi gelem bali. Dhèwèké nggawa pelayan lanang siji karo keledai loro. Sakwisé tekan kana, wong wédok mau nggawa bojoné mlebu ing omahé bapaké. Pas ketemu mantuné, bapak maratuwané seneng banget.  Bapak maratuwané kuwi meksa mantuné nginep ing kana telung dina suwéné. Mula, dhèwèké nginep ing kana. Terus, dhèwèké lan bapak maratuwané mangan lan ngombé.  Ing dina kepapat, pas isih ésuk banget, wong-wong kuwi tangi arep mangkat. Bapaké wong wédok kuwi kandha marang mantuné, ”Sarapan dhisik bèn nduwé tenaga, bar kuwi mangkata.”  Mula, dhèwèké lan bapak maratuwané lungguh, mangan, lan ngombé bareng-bareng. Terus, bapaké wong wédok kuwi kandha marang mantuné, ”Ayo nginep sewengi manèh lan seneng-senenga.”*  Pas wong lanang kuwi arep mangkat, bapak maratuwané meksa dhèwèké bèn nginep sewengi manèh. Mula, dhèwèké nginep sewengi manèh.  Ing dina kelima, pas dhèwèké tangi ésuk banget lan arep mangkat, bapaké wong wédok kuwi kandha, ”Ayo sarapan dhisik bèn nduwé tenaga.” Wong-wong kuwi terus ing kono nganti soré, lan wong loro kuwi padha mangan terus.  Pas wong Lèwi kuwi ngadeg arep mangkat bareng karo gundhik lan pelayané, bapak maratuwané kandha, ”Saiki wis soré, nginepa sewengi manèh. Saiki wis mèh peteng, mula nginep waé ing kéné lan seneng-senenga. Sésuk, pas isih ésuk banget, kowé isa tangi kanggo neruské perjalananmu lan bali menyang omahmu.”* 10  Ning, wong Lèwi kuwi ora gelem nginep manèh. Mula, dhèwèké mangkat lan lunga nganti tekan Yébus, yaiku Yérusalèm,+ bareng karo gundhiké, pelayané, lan keledainé loro sing ana pelanané.* 11  Wektu wong-wong kuwi mèh tekan Yébus, dinané wis mèh peteng. Mula pelayan mau takon marang majikané, ”Apa awaké dhéwé kudu mandheg dhisik ing kuthané wong Yébus iki lan nginep ing kéné?” 12  Ning, majikané kandha, ”Aja, awaké dhéwé ora éntuk mandheg ing kuthané wong asing sing dudu wong Israèl. Awaké dhéwé mlaku terus waé nganti tekan Gibéah.”+ 13  Majikané kandha manèh, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang salah siji panggonan kuwi. Mengko awaké dhéwé bakal nginep ing Gibéah utawa ing Rama.”+ 14  Mula, wong-wong kuwi neruské perjalanané. Pas matahari wis mulai terbenam, wong-wong kuwi wis mèh tekan Gibéah duwèké Bènyamin. 15  Mula, wong-wong kuwi mandheg ing kana lan mlebu ing Gibéah arep nginep. Pas wis mlebu kutha, wong-wong kuwi lungguh ing lapangan kutha kuwi, ning ora ana wong sing nawani nginep.+ 16  Akhiré bengi kuwi, ana wong lanang tuwa sing bar bali saka nyambut gawé ing ladhang. Wong lanang tuwa kuwi asalé saka dhaérah pegunungan Éfraim+ lan saiki manggon ing Gibéah. Ning, sing manggon ing Gibéah kuwi wong Bènyamin.+ 17  Wektu weruh ana wong sing lungguh ing lapangan kutha, wong lanang tuwa kuwi takon, ”Kowé saka ngendi lan arep menyang endi?” 18  Wong Lèwi kuwi njawab, ”Aku saka Bètlehèm ing Yéhuda. Saiki, aku lagi perjalanan menyang dhaérah terpencil ing wilayah pegunungan Éfraim, panggonan asalku. Aku lagi waé saka Bètlehèm ing Yéhuda+ lan saiki arep lunga menyang omahé Yéhuwah. Ning, ora ana sing nawani aku nginep. 19  Sakjané, sanguku cukup. Ana jerami lan pakan kanggo keledai-keledaiku.+ Aku ya nduwé roti+ lan anggur kanggo aku, wong wédok iki, lan pelayanku.” 20  Ning wong lanang tuwa kuwi kandha, ”Ayo menyang omahku waé.* Aku bakal nyedhiakké kabèh kebutuhanmu. Aja nginep ing lapangan kutha.” 21  Terus, wong lanang tuwa kuwi ngejak wong-wong kuwi menyang omahé lan makani keledai-keledainé wong-wong kuwi. Sikilé wong-wong kuwi diwijiki, terus padha mangan lan ngombé. 22  Pas lagi padha seneng-seneng, ana wong-wong lanang sing jahat ing kutha kuwi sing ngepung omah mau lan nggedhor-nggedhor lawangé. Wong-wong lanang kuwi bola-bali kandha marang wong lanang tuwa sing nduwé omah, ”Gawanen metu wong lanang sing mara ing omahmu bèn aku isa nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.”+ 23  Sing nduwé omah kuwi metu lan kandha, ”Aja, sedulur-sedulurku. Aja jahat karo wong-wong iki. Wong lanang iki tamu ing omahku. Aja nindakké perkara sing ngisin-isini. 24  Aku nduwé anak wédok sing isih prawan, lan ing kéné ya ana gundhiké wong lanang iki. Wong-wong wédok iki tak gawané metu, terus sak karepmu arep mbok apakké.+ Ning, wong lanang iki aja mbok apak-apakké.” 25  Ning, wong-wong lanang kuwi ora gelem ngrungokké. Mula, wong Lèwi kuwi nyekel gundhiké+ terus digawa metu marang wong-wong lanang kuwi. Wong-wong lanang kuwi memperkosa wong wédok kuwi sewengi muput nganti ésuk. Terus ésuké, wong-wong lanang kuwi ngongkon lunga wong wédok mau. 26  Pas isih ésuk banget, wong wédok kuwi mara lan ambruk ing ngarep lawang omahé wong lanang tuwa mau, yaiku panggonan nginepé bojoné.* Wong wédok kuwi nggléthak ing kono nganti padhang. 27  Ésuké, pas bojoné* tangi lan mbukak lawang arep metu kanggo neruské perjalanané, dhèwèké ndelok wong wédok mau, yaiku gundhiké, nggléthak ing ngarep omah karo tangané ing ngarep lawang. 28  Dhèwèké kandha, ”Tangia, ayo ndang mangkat.” Ning, wong wédok kuwi ora njawab. Terus, dhèwèké ndèlèhké wong wédok kuwi ing ndhuwur keledainé lan mulih menyang omahé. 29  Sakwisé tekan omah, dhèwèké njupuk pisau* lan motong-motong mayaté gundhik mau dadi 12 bagéan, terus ngirim saben bagéan menyang saben dhaérah Israèl. 30  Kabèh wong sing weruh kuwi kandha, ”Kèt wong Israèl metu saka Mesir nganti tekan saiki, durung tau ana peristiwa sing kaya ngéné iki. Ayo awaké dhéwé pikirké tenanan lan bahas+ masalah iki bareng-bareng bèn awaké dhéwé ngerti kudu piyé.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”gundhik”.
Utawa ”senengna atimu”.
Lit.: ”kémahmu”.
Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.
Lit.: ”Damai kanggo kowé”.
Lit.: ”majikané”.
Lit.: ”majikané”.
Lit.: ”pisau sing digunakké kanggo mbelèh”.