Para Hakim 21:1-25
-
Suku Bènyamin dislametké (1-25)
21 Wong Israèl wis sumpah ing Mizpa,+ ”Aja nganti ana wong siji-sijia saka antarané awaké dhéwé sing mènèhké anaké wédok dadi bojoné wong Bènyamin.”+
2 Mula, wong Israèl mara ing Bètel+ lan lungguh ing ngarepé Gusti Allah sing bener nganti bengi karo njerit lan nangis.
3 Wong Israèl kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ngapa kok iki kelakon ing Israèl? Ngapa kok dina iki ana siji suku ing Israèl sing ilang?”
4 Sésuké, wong Israèl tangi pas isih ésuk banget lan mbangun mézbah kanggo mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan.*+
5 Terus wong Israèl kandha, ”Sapa ing antarané suku-suku Israèl sing wektu kuwi ora teka kanggo ngumpul ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa?” merga wong Israèl wis tenanan sumpah nèk sapa waé sing ora teka ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa kudu dihukum mati.
6 Mula, wong Israèl sedhih karo apa sing dialami Bènyamin seduluré. Wong Israèl kandha, ”Dina iki siji suku wis ilang saka Israèl.
7 Awaké dhéwé kudu piyé supaya wong Bènyamin sing isih urip kuwi isa éntuk bojo? Awaké dhéwé kan wis sumpah demi Yéhuwah+ nèk ora bakal mènèhké anaké wédok awaké dhéwé dadi bojoné wong Bènyamin.”+
8 Wong Israèl takon, ”Sapa ing antarané suku-suku Israèl sing wektu kuwi ora teka ing ngarepé Yéhuwah ing Mizpa?”+ Jebulé ora ana siji-sijia wong saka Yabès-giléad sing wektu kuwi teka ing perkémahan panggonan jemaat kuwi padha ngumpul.
9 Pas diétung, wong Israèl ngerti nèk ora ana penduduk Yabès-giléad sing teka mrono.
10 Mula, jemaat kuwi ngutus 12.000 pejuang sing paling hébat. Para pejuang kuwi diwènèhi préntah, ”Lungaa lan patènana penduduk Yabès-giléad nganggo pedhang, termasuk wong wédok lan bocah-bocah.+
11 Iki sing kudu mbok tindakké: Saben wong lanang lan saben wong wédok sing wis tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang kudu mbok patèni.”
12 Saka antarané penduduk Yabès-giléad, ana 400 wong wédok sing isih prawan, sing ora tau nindakké hubungan sèks karo wong lanang. Wong-wong wédok kuwi digawa menyang perkémahan ing Syilo+ ing tanah Kanaan.
13 Terus, kabèh wong Israèl ngirim pesen marang wong Bènyamin sing ana ing Tebing Rimon+ kanggo ngejak damai.
14 Mula, wong Bènyamin bali menyang dhaérahé. Wong Bènyamin diwènèhi wong-wong wédok saka Yabès-giléad+ sing ora dipatèni, ning jumlahé ora cukup kanggo wong Bènyamin.
15 Wong Israèl sedhih karo apa sing dialami wong Bènyamin,+ merga Yéhuwah wis nggawé wong Bènyamin kepisah saka antarané suku-suku Israèl.
16 Para pemimpin* jemaat kandha, ”Awaké dhéwé kudu piyé bèn isa nyedhiakké bojo kanggo wong Bènyamin sing isih urip kuwi? Kabèh wong wédok saka suku Bènyamin wis mati.”
17 Terus ana sing njawab, ”Wong Bènyamin sing isih urip kudu tetep nduwé warisan bèn ora ana siji suku sing ilang saka Israèl.
18 Ning, awaké dhéwé ora éntuk mènèhké anaké wédok awaké dhéwé dadi bojoné wong Bènyamin,+ merga wong Israèl wis sumpah, ’Wong sing mènèhi bojo kanggo wong Bènyamin bakal kena kutuk.’”
19 Terus para pemimpin kuwi kandha, ”Saben taun ana perayaan kanggo Yéhuwah ing Syilo,+ sing ana ing loré Bètel, ing wétané dalan gedhé sing nanjak saka Bètel menyang Syikhèm lan ing kidulé Lébona.”
20 Wong-wong kuwi ngongkon wong Bènyamin, ”Lungaa lan nyegata ing kebon-kebon anggur.
21 Pas kowé weruh prawan-prawan* Syilo metu karo nari, saben wong ing antaramu kudu metu saka kebon anggur lan nyekel siji prawan Syilo kanggo mbok dadèkké bojo. Terus, balia menyang dhaérah Bènyamin.
22 Nèk bapaké utawa seduluré lanang prawan mau protès marang aku, aku bakal kandha, ’Tulung mesakké aku. Iki kanggo wong Bènyamin. Wong wédok sing ditawan saka perang jumlahé ora cukup kanggo didadèkké bojoné wong-wong kuwi.+ Apa manèh, kowé ya ora isa mènèhi wong-wong kuwi bojo. Merga nèk nindakké kuwi, kowé bakal salah.’”+
23 Terus, wong Bènyamin nindakké kuwi. Saben wong kuwi padha ngepèk bojo saka antarané wong-wong wédok sing nari mau. Sakwisé kuwi, wong Bènyamin bali menyang tanah warisané, mbangun kuthané manèh,+ lan manggon ing kono.
24 Terus, wong Israèl padha mencar saka Syilo menyang suku lan keluargané dhéwé-dhéwé. Saka kono, wong-wong kuwi mangkat menyang tanah warisané dhéwé-dhéwé.
25 Wektu kuwi, ora ana raja ing Israèl.+ Saben wong nindakké apa sing dhèwèké anggep bener.