Para Hakim 5:1-31

  • Nyanyian kemenangané Débora lan Barak (1-31)

    • Bintang-bintang padha perang nglawan Siséra (20)

    • Mungsuh kesèrèt banyu Kali Kisyon sing deres banget (21)

    • Wong-wong sing nresnani Yéhuwah bersinar kaya matahari (31)

5  Dina kuwi Débora+ lan Barak+ anaké Abinoam nyanyi lagu iki:+   ”Pujinen Yéhuwah! Merga wong-wong ing Israèl wis padha réla+ lan para prajurit Israèl rambuté ora dikucir.*   Raja-raja, rungokna! Para pemimpin, gatèkna! Aku bakal nyanyi kanggo Yéhuwah. Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl.+   Yéhuwah, wektu Njenengan mangkat saka Séir,+Wektu Njenengan mangkat saka dhaérah Édom,Bumi goncang lan ana udan saka langit,Lan méga-méga ngesokké banyu.   Gunung-gunung melèlèh* ing ngarepé Yéhuwah.+ Gunung Sinai ya melèlèh ing ngarepé Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl.+   Ing jamané Syamgar+ anaké Anat,Lan ing jamané Yaèl,+ dalan-dalan dadi sepi. Para pengembara lunga liwat dalan liya.   Ora ana manèh penduduk désa ing Israèl.Wong-wong kuwi ora ana manèh nganti aku, Débora,+ teka,Nganti aku teka dadi ibu ing Israèl.+   Wong-wong kuwi milih allah-allah anyar.+Terus ana perang ing gerbang kutha.+ Ora ana manèh tamèng utawa tombakIng antarané wong 40.000 ing Israèl.   Aku ndhukung para pemimpin pasukané Israèl+Sing wis réla perang karo rakyat.+ Pujinen Yéhuwah! 10  Hé kowé sing numpak keledai,Kowé sing lungguh ing karpèt sing apik,Lan kowé sing mlaku ing dalan gedhé,Pikirna tumindaké Gusti Allah! 11  Ing sumur-sumur, ana swarané wong sing nimba banyu kanggo kéwan-kéwané.Wong-wong kuwi lagi nyritakké tumindaké Yéhuwah sing apik,Lan nyritakké tumindak apiké penduduk Israèl sing manggon ing désa-désa. Terus, umaté Yéhuwah mudhun menyang gerbang-gerbang kutha. 12  Tangia Débora! Ayo tangi!+ Ayo tangi lan nyanyia!+ Ngadega, Barak!+ Gawanen tawananmu lunga, hé kowé anaké Abinoam! 13  Wong-wong sing isih urip marani para bangsawan. Umaté Yéhuwah marani aku merga arep nglawan mungsuh sing kuwat. 14  Wong-wong sing ana ing lembah asalé saka Éfraim. Hé suku Bènyamin, wong-wong kuwi ngetutké kowé bareng karo prajuritmu. Saka keturunané Makhir,+ para pemimpin pasukan padha mudhun,Lan saka Zébulon, wong-wong sing ngumpulké prajurit.* 15  Para pemimpin suku Isakhar ngancani Débora. Kaya suku Isakhar ngancani Débora, Barak ya ngono.+ Dhèwèké diutus mlaku menyang lembah.+ Ing antarané kelompok-kelompok suku Rubèn, akèh sing ragu-ragu. 16  Ngapa kok kowé lungguh kaya kéwan sing nggawa beban loroKaro ngrungokké suling sing dimainké para gembala?+ Kelompok-kelompok suku Rubèn akèh sing ragu-ragu. 17  Giléad tetep ana ing sabrangé Kali Yordan.+ Ngapa kok Dan tetep manggon ing kapal-kapal?+ Suku Asyèr mung lungguh-lungguh ing pinggir lautLan tetep manggon ing pelabuhané.+ 18  Wong Zébulon toh nyawa lan mèh mati. Wong Naftali ya toh nyawa+ ing bukit-bukit.+ 19  Ing Taanakh, cedhak mata air Mégido,+Raja-raja teka terus perang. Raja-raja Kanaan perang,+Ning raja-raja kuwi ora njarah pérak.+ 20  Saka langit, bintang-bintang padha perang. Saka jaluré, bintang-bintang perang nglawan Siséra. 21  Mungsuh-mungsuh kesèrèt banyu Kali Kisyon sing deres banget.+ Kali Kisyon kuwi wis ana kèt mbiyèn. Aku ngidak-idak mungsuhku sing kuwat. 22  Sikilé jaran-jaran mlayu pating gedrugJaran-jaran perangé mlayu cepet banget.+ 23  Malaékaté Yéhuwah kandha, ’Kutukana Méroz. Kutukana pendudukéMerga wong-wong kuwi ora mèlu mbantu Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora mbantu Yéhuwah bareng karo para pejuang sing hébat.’ 24  Wong wédok sing paling diberkahi kuwi Yaèl,+ bojoné Hèbèr+ wong Kèni. Saka antarané wong wédok sing manggon ing kémah, dhèwèké sing paling diberkahi. 25  Dhèwèké mènèhi susu pas Siséra njaluk banyu. Dhèwèké mènèhké susu kenthel*+ ing mangkok sing apik. 26  Tangané njupuk pathok kémah. Tangané tengen njupuk palu. Siséra dipalu lan diremuk sirahé. Wong wédok kuwi ngremuk lan nyuwèk pelipisé.*+ 27  Siséra tiba ing antarané sikilé Yaèl, nggléthak lan ora obah. Ing antarané sikilé Yaèl, Siséra tiba lan nggléthak. Ing panggonané Siséra tiba, ya ing kono Siséra mati. 28  Ibuné Siséra nginjen saka teralis. Wong wédok kuwi ndelok saka jendhéla karo takon’Ngapa kok kréta perangé ora teka-teka? Ngapa kok aku durung krungu swara kréta jarané?’+ 29  Para wong wédok bangsawan sing paling wicaksana bakal njawab dhèwèké. Ibuné Siséra bakal mbalèni omongan iki, 30  ’Wong-wong kuwi mesthi lagi mbagi-mbagi jarahan,Prawan siji utawa loro kanggo saben prajurit. Kain sing warna-warni kuwi kanggo Siséra,Klambi sing disulam siji, kain sing diwarnai, lan klambi sing disulam loroKanggo hiasan ing guluné wong-wong sing njarah.’ 31  Oh Yéhuwah, muga-muga kabèh mungsuh-Mu padha mati.+ Ning, muga-muga wong-wong sing nresnani Njenengan bersinar kaya matahari.” Tanah kuwi tentrem nganti 40 taun suwéné.+

Katrangan Tambahan

Mungkin iki tandha nèk wis sumpah utawa ngabdi marang Gusti Allah.
Utawa ”main musik”.
Utawa mungkin ”goncang”.
Utawa mungkin ”wong sing ngurusi perlengkapan penulis”.
Utawa ”krim”.
Utawa ”pilingané”.