Para Hakim 7:1-25

  • Gidéon lan 300 prajurité (1-8)

  • Prajurité Gidéon ngalahké wong Midian (9-25)

    • ”Perangé Yéhuwah lan perangé Gidéon!” (20)

    • Wong Midian padha bingung (21, 22)

7  Terus, Yérubaal yaiku Gidéon+ lan kabèh pasukané tangi ésuk-ésuk banget lan kémah ing cedhak Mata Air Harod. Wong Midian kémah ing sisih loré, yaiku ing lembah Bukit Moré.  Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Pasukanmu kuwi kakèhan. Nèk Aku nggawé pasukanmu menang nglawan wong Midian,+ wong Israèl bakal sombong lan kandha marang Aku, ’Aku menang merga kekuwatanku dhéwé.’+  Mula, kowé kudu kandha marang pasukanmu, ’Sapa sing wedi éntuk mulih.’”+ Gidéon ngetès pasukané. Terus, ana wong 22.000 sing bali lan sisané ana wong 10.000.  Ning, Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Kuwi isih kakèhan. Kongkonen pasukanmu menyang kali. Ing kana, Aku bakal mbantu kowé milih wong-wong kuwi. Nèk Aku ngomong, ’Sing iki bakal mèlu kowé’, wong kuwi bakal mèlu kowé. Ning, nèk Aku ngomong, ’Sing iki ora bakal mèlu kowé’, ya wong kuwi ora bakal mèlu kowé.”  Mula, Gidéon ngongkon wong-wong kuwi menyang kali. Terus, Yéhuwah ngandhani Gidéon, ”Pisahna wong sing ndilat banyu ing tangané* saka wong-wong sing ngombé banyu karo sujud.”  Jumlahé wong sing ngombé banyu nganggo tangané ana wong 300. Sing liyané ngombé banyu karo sujud.  Terus, Yéhuwah kandha marang Gidéon, ”Wong 300 sing ngombé banyu nganggo tangané kuwi sing bakal Tak gunakké kanggo nylametké kowé lan bangsamu. Aku bakal nggawé pasukanmu menang nglawan wong Midian.+ Sing liyané kongkonen mulih.”  Mula, wong 300 kuwi njupuk bekal lan trompèt* saka pasukan liyané. Bar kuwi, Gidéon ngongkon pasukan liyané mulih, kecuali wong 300 kuwi. Wektu kuwi, perkémahané wong Midian ana ing lembah,+ ing ngisoré perkémahané Gidéon.  Bengi kuwi, Yéhuwah kandha, ”Tangia, serangen perkémahané Midian, merga Aku bakal mbantu kowé ngalahké wong Midian.+ 10  Ning nèk kowé wedi, mudhuna menyang perkémahané Midian bareng karo Pura pelayanmu. 11  Rungokna wong-wong kuwi lagi padha ngomongké apa. Bar kuwi, kowé bakal kendel nyerang perkémahan kuwi.” Mula, Gidéon lan Pura pelayané mudhun menyang pinggir perkémahané pasukan Midian. 12  Wong Midian, wong Amalèk, lan wong saka Wétan+ ngebaki lembah kuwi kaya walang. Unta-untané jumlahé ora isa diétung+ kaya pasir ing pantai. 13  Wektu Gidéon tekan kono, ana wong lanang sing lagi nyritakké mimpiné marang kancané. Wong kuwi kandha, ”Aku ngimpi ana roti barli bunder sing ngglindhing menyang perkémahan Midian. Roti kuwi nerjang salah siji téndha banter banget nganti téndhané rubuh.+ Téndha kuwi njempalik lan rata karo lemah.” 14  Terus kancané kuwi kandha, ”Kuwi mesthi pedhangé Gidéon+ anaké Yoas wong Israèl. Gusti Allah wis nyerahké wong Midian lan kabèh perkémahan iki marang Gidéon.”+ 15  Pas Gidéon krungu mimpi kuwi lan artiné,+ dhèwèké sujud nyembah Gusti Allah. Bar kuwi, dhèwèké bali menyang perkémahané Israèl lan kandha, ”Tangia, Yéhuwah wis nyerahké perkémahané Midian marang kowé.” 16  Terus, Gidéon mbagi wong 300 kuwi dadi telung kelompok lan mènèhi wong-wong kuwi trompèt*+ lan kendhi gedhé isi obor. 17  Bar kuwi, Gidéon kandha, ”Gatèkna aku, lan tindakna persis kaya sing tak tindakké. Pas aku tekan ing pinggir perkémahan, tindakna apa sing tak tindakké. 18  Wektu aku lan kelompokku nyebul trompèt,* kowé ya kudu nyebul trompèt ing sak ubengé perkémahan lan mbengok, ’Perangé Yéhuwah lan perangé Gidéon!’” 19  Gidéon lan wong 100 sing bareng karo dhèwèké tekan ing pinggir perkémahan mungsuh pas awal giliran jaga tengah wengi.* Wektu kuwi, para penjaga lagi waé ganti giliran jaga. Gidéon lan kelompoké nyebul trompèt*+ lan mecah kendhi gedhé sing dicekel.+ 20  Mula, telung kelompok kuwi nyebul trompèt lan mecahké kendhiné. Oboré dicekel nganggo tangan kiwa lan trompèté nganggo tangan tengen. Wong-wong kuwi nyebul trompèté lan mbengok, ”Perangé Yéhuwah lan perangé Gidéon!” 21  Wong-wong kuwi tetep ngadeg ing panggonané dhéwé-dhéwé ing sak ubengé perkémahan. Kabèh pasukan mungsuh padha mlayu karo bengok-bengok.+ 22  Wong 300 mau terus-terusan nyebul trompèté, lan Yéhuwah nyebabké kabèh pasukan mungsuh ing perkémahan kuwi+ padha perang dhéwé-dhéwé nganggo pedhang. Pasukan mungsuh kuwi padha mlayu nganti tekan Bèt-syita, menyang Zéréra, nganti tekan pinggir Abèl-méhola+ ing cedhak Tabat. 23  Wong Israèl saka suku Naftali, Asyèr, lan kabèh keluarga suku Manasyé+ padha diklumpukké, terus ngoyak* wong Midian. 24  Gidéon ngirim utusan marang kabèh wong sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim karo kandha, ”Mudhuna lan serangen wong Midian. Lungaa ndhisiki wong Midian menyang Bèt-bara lan Kali Yordan. Jaganen panggonan nyabrang kuwi bèn wong Midian ora isa nyabrang kali.” Mula, kabèh wong Éfraim padha ngumpul lan njaga panggonan nyabrang kuwi nganti tekan Bèt-bara lan Kali Yordan. 25  Para pemimpiné Midian, yaiku Orèb lan Zéèb ya ditangkep. Orèb dipatèni ing Watu Orèb.+ Zéèb dipatèni ing Panggonan Meres Anggur Zéèb. Wong Éfraim terus ngoyak* wong Midian+ lan nggawa sirahé Orèb lan Zéèb marang Gidéon ing dhaérah Kali Yordan.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wong sing ndilat banyu nganggo ilaté kaya asu”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Kira-kira jam 10 bengi nganti jam 2 ésuk.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.