Para Hakim 9:1-57

  • Abimèlèkh dadi raja ing Syikhèm (1-6)

  • Perumpamaané Yotam (7-21)

  • Pamréntahané Abimèlèkh sing kejem (22-33)

  • Abimèlèkh nyerang Syikhèm (34-49)

  • Wong wédok nibakké watu gilingan ing sirahé Abimèlèkh; Abimèlèkh mati (50-57)

9  Terus, Abimèlèkh+ anaké Yérubaal marani sedulur-seduluré ibuné ing Syikhèm. Abimèlèkh kandha marang sedulur-seduluré ibuné kuwi lan kabèh keluargané simbahé lanang,*  ”Tulung takona marang kabèh pemimpiné* Syikhèm, ’Menurutmu, endi sing luwih apik, dipréntah 70 anaké lanang Yérubaal+ utawa dipréntah wong siji? Élinga nèk aku iki darah dagingmu dhéwé.’”*  Terus, sedulur-seduluré ibuné mau nyampèkké omongan kuwi marang kabèh pemimpiné Syikhèm. Para pemimpin kuwi luwih seneng mèlu Abimèlèkh merga wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi seduluré awaké dhéwé.”  Mula, para pemimpin kuwi mènèhi Abimèlèkh 70 dhuwit pérak saka kuil Baal-bèrit.+ Terus, Abimèlèkh nggunakké dhuwit kuwi kanggo mbayar pengangguran lan berandalan bèn dadi balané.  Bar kuwi, Abimèlèkh lunga menyang omahé bapaké ing Ofra+ lan matèni 70 seduluré,+ yaiku anak-anaké lanang Yérubaal, ing ndhuwur watu siji. Sing slamet mung Yotam, anaké Yérubaal sing terakhir, merga dhèwèké ndhelik.  Terus, kabèh pemimpin Syikhèm lan Bèt-milo padha ngumpul ing cedhak wit gedhé, ing cedhak tugu sing ana ing Syikhèm. Ing kono, Abimèlèkh didadèkké raja.+  Wektu éntuk laporan soal kuwi, Yotam langsung lunga lan ngadeg ing pucuk Gunung Gérizim,+ terus kandha, ”Hé para pemimpin Syikhèm, rungokna aku, lan Gusti Allah ya bakal ngrungokké kowé.  ”Pas wit-wit arep nglantik raja, wit-wit kuwi kandha marang wit zaitun, ’Dadia rajaku.’+  Ning wit zaitun njawab, ’Nèk aku dadi raja,* aku ora isa ngasilké manèh minyak* sing isa dienggo ngluhurké Gusti Allah lan manungsa. Aku wegah dadi raja.’ 10  Terus, wit-wit kuwi kandha marang wit ara, ’Dadia rajaku.’ 11  Ning wit ara njawab, ’Nèk aku dadi raja,* aku ora isa ngasilké manèh buah sing legi lan apik. Aku wegah dadi raja.’ 12  Terus wit-wit kuwi kandha marang wit anggur, ’Dadia rajaku.’ 13  Ning wit anggur njawab, ’Nèk aku dadi raja,* aku ora isa ngasilké manèh anggur anyar sing isa nggawé Gusti Allah lan manungsa seneng. Aku wegah dadi raja.’ 14  Akhiré wit-wit kuwi kandha marang semak belukar, ’Dadia rajaku.’+ 15  Semak belukar kuwi njawab, ’Nèk kowé bener-bener nglantik aku dadi rajamu, ayo mrénéa lan ngéyuba ing ngisorku. Nèk ora, aku bakal ngetokké geni sing isa ngobong wit-wit aras* Lébanon.’ 16  ”Wektu kowé ndadèkké Abimèlèkh raja,+ apa kowé tulus lan nindakké sing bener? Apa kuwi nduduhké nèk kowé apikan marang Yérubaal lan keluargané? Apa kuwi nduduhké nèk kowé ngajèni dhèwèké? 17  Wektu bapakku berjuang kanggo kowé,+ dhèwèké wis toh nyawa bèn isa nylametké kowé saka wong Midian.+ 18  Ning saiki, kowé nglawan keluargané bapakku lan matèni 70 anaké ing ndhuwur watu siji.+ Terus, kowé malah ndadèkké Abimèlèkh, anak saka budhaké bapakku,+ dadi raja ing Syikhèm mung merga dhèwèké kuwi sedulurmu. 19  Saiki, nèk kowé pancèn tulus lan nindakké sing bener marang Yérubaal lan keluargané, seneng-senenga karo Abimèlèkh lan bèn waé dhèwèké ya seneng-seneng karo kowé. 20  Ning nèk ora, bèn waé geni metu saka Abimèlèkh lan ngobong para pemimpin Syikhèm lan Bèt-milo+ nganti entèk. Terus, bèn waé geni metu saka para pemimpin Syikhèm lan Bèt-milo lan ngobong Abimèlèkh nganti entèk.”+ 21  Terus, Yotam+ mlayu metu menyang Béèr lan manggon ing kana merga wedi karo Abimèlèkh seduluré. 22  Abimèlèkh mréntah* Israèl telung taun suwéné. 23  Terus, Gusti Allah meneng waé wektu Abimèlèkh lan para pemimpin Syikhèm padha mungsuhan. Para pemimpin kuwi nggawé rencana licik marang Abimèlèkh. 24  Kuwi kelakon kanggo mbales kejahatan sing ditindakké marang 70 anaké Yérubaal. Abimèlèkh wis matèni sedulur-seduluré, lan para pemimpin Syikhèm wis mbantu Abimèlèkh. Mula, kabèh wong kuwi kudu tanggung jawab karo kesalahané.+ 25  Para pemimpin Syikhèm ngatur wong kanggo nggawé serangan dadakan marang Abimèlèkh ing pucuk-pucuk gunung. Para pemimpin kuwi ngrampok kabèh sing liwat kono. Akhiré, kuwi dilaporké marang Abimèlèkh. 26  Terus, Gaal anaké Èbèd lan sedulur-seduluré nyabrang menyang Syikhèm.+ Para pemimpin Syikhèm percaya karo Gaal. 27  Wong Syikhèm lunga menyang ladhang lan ngumpulké buah anggur ing keboné, terus ngidak-idak anggur kuwi kanggo didadèkké minuman lan nganakké pésta. Bar kuwi, wong Syikhèm lunga menyang kuil allahé,+ terus mangan lan ngombé karo ngutuki Abimèlèkh. 28  Terus, Gaal anaké Èbèd kandha, ”Sapa ta Abimèlèkh, lan sapa ta Syikhèm* kok awaké dhéwé kudu nglayani wong-wong kuwi? Dhèwèké kuwi kan anaké Yérubaal,+ lan Zébul kuwi wakilé. Ngapa awaké dhéwé nglayani dhèwèké? Mendhing nglayani anak-anaké Hamor bapaké Syikhèm waé. 29  Nèk aku dadi pemimpiné wong-wong iki, Abimèlèkh bakal tak singkirké.” Terus, dhèwèké nantang Abimèlèkh lan kandha, ”Jumlahé pasukanmu tambahana lan metua perang nglawan aku.” 30  Pas krungu omongané Gaal anaké Èbèd, Zébul pejabat kutha kuwi dadi nesu. 31  Mula, meneng-meneng Zébul ngirim utusan marang Abimèlèkh kanggo kandha, ”Gaal anaké Èbèd lan sedulur-seduluré saiki lagi ana ing Syikhèm lan lagi ngojok-ojoki penduduk kutha bèn nglawan kowé. 32  Mula, kowé lan pasukanmu kudu teka pas bengi lan ngentèni ing njaba kutha. 33  Ésuk-ésuk banget wektu matahari terbit, kowé kudu tangi lan nyerang kutha kuwi. Wektu Gaal lan pasukané metu arep nglawan kowé, ngupayaa sak isa-isané ngalahké dhèwèké.” 34  Mula, Abimèlèkh lan kabèh pasukané mangkat bengi-bengi lan ngentèni ing njaba kutha Syikhèm. Pasukan kuwi dibagi dadi patang kelompok. 35  Wektu Gaal anaké Èbèd metu lan ngadeg ing gerbang kutha, Abimèlèkh lan pasukané metu saka panggonané ndhelik. 36  Pas weruh pasukané Abimèlèkh, Gaal kandha marang Zébul, ”Deloken kaé, ana wong-wong sing mudhun saka pucuk gunung.” Ning Zébul kandha, ”Sing mbok delok kuwi mung bayangané gunung sing kétok kaya wong.” 37  Gaal kandha manèh, ”Deloken! Ana wong-wong sing mudhun saka bagéan tengah lan ana sak pasukan sing teka liwat dalan ing cedhaké wit gedhé Méonénim.” 38  Zébul njawab, ”Apa kowé lali karo omonganmu, ’Sapa ta Abimèlèkh, kok awaké dhéwé kudu nglayani dhèwèké?’+ Wong-wong kuwi kan wis mbok rèmèhké, ta? Saiki majua lan lawanen wong-wong kuwi.” 39  Terus, Gaal maju ing ngarepé para pemimpin Syikhèm lan nglawan Abimèlèkh. 40  Abimèlèkh ngoyak* Gaal, terus Gaal mlayu. Ana akèh sing dipatèni lan mayaté pating glimpang nganti tekan gerbang kutha. 41  Abimèlèkh tetep manggon ing Aruma, lan Zébul+ ngusir Gaal karo sedulur-seduluré metu saka Syikhèm. 42  Sésuké, wong-wong metu menyang njaba kutha, lan Abimèlèkh dikandhani soal kuwi. 43  Mula, Abimèlèkh nglumpukké lan mbagi wong-wong dadi telung kelompok, terus ngentèni ing njaba kutha. Pas ndelok wong-wong metu saka kutha, dhèwèké nyerang lan matèni wong-wong sing metu kuwi. 44  Abimèlèkh lan wong-wong sing bareng dhèwèké nyerbu lan ngrebut gerbang kutha. Wektu kuwi, rong kelompok liyané nyerang lan matèni kabèh wong sing ana ing njaba kutha. 45  Abimèlèkh nyerang nganti sedina muput lan ngrebut kutha kuwi. Dhèwèké matèni penduduké lan ngrubuhké kutha kuwi,+ terus dhèwèké nyebar uyah ing kutha kuwi. 46  Wektu krungu soal kuwi, kabèh pemimpin ing Menara Syikhèm langsung mlayu menyang panggonan ndhelik* ing kuil Èl-bèrit.+ 47  Ora let suwé sakwisé Abimèlèkh éntuk laporan nèk para pemimpin ing Menara Syikhèm wis padha ngumpul bareng, 48  Abimèlèkh lan kabèh pasukané munggah menyang Gunung Zalmon. Abimèlèkh njupuk kapak lan ngethok cabang wit, terus dipanggul. Abimèlèkh kandha marang wong-wong sing bareng dhèwèké, ”Cepet tindakna kaya apa sing tak tindakké!” 49  Terus, kabèh wong kuwi ngethok cabang-cabang lan ngetutké Abimèlèkh. Bar kuwi, cabang-cabangé didèlèhké ing sekitar panggonan ndhelik mau, terus diobong. Mula, kabèh wong ing Menara Syikhèm mati. Jumlahé kira-kira 1.000 wong lanang lan wong wédok. 50  Terus, Abimèlèkh lunga menyang Tèbèz. Dhèwèké kémah ing sekitaré Tèbèz, terus ngrebut Tèbèz. 51  Ana menara sing kuwat ing tengah-tengah kutha. Kabèh wong lanang, wong wédok, lan para pemimpin kutha mlayu mrono, terus ngunci lawangé lan munggah ing atap menara kuwi. 52  Abimèlèkh teka lan nyerang menara kuwi. Pas dhèwèké nyedhak ing lawangé menara arep ngobong menara kuwi, 53  ana wong wédok sing nibakké watu gilingan* ing sirahé Abimèlèkh nganti sirahé retak.+ 54  Abimèlèkh cepet-cepet ngundang* pembantu sing nggawa senjatané lan kandha, ”Cabuten pedhangmu, terus patènana aku bèn ora ana sing ngomong, ’Dhèwèké dipatèni wong wédok.’” Mula, pembantu sing nggawa senjatané kuwi nujeb Abimèlèkh, terus Abimèlèkh mati. 55  Pas ndelok nèk Abimèlèkh wis mati, wong Israèl padha mulih. 56  Ya ngono kuwi Gusti Allah mbales Abimèlèkh merga wis tumindak jahat marang bapaké, yaiku matèni 70 sedulur-seduluré.+ 57  Gusti Allah ya nyebabké penduduk kutha Syikhèm kena akibat saka kejahatané dhéwé. Kutukané Yotam+ anaké Yérubaal+ kelakon marang penduduk Syikhèm.

Katrangan Tambahan

Utawa ”keluarga saka bapaké ibuné”.
Utawa mungkin ”sing nduwé tanah”.
Lit.: ”balung lan dagingmu”.
Lit.: ”Nèk aku goyang-goyang ing ndhuwur wit-wit liyané”.
Utawa ”buah”.
Lit.: ”Nèk aku goyang-goyang ing ndhuwur wit-wit liyané”.
Lit.: ”Nèk aku goyang-goyang ing ndhuwur wit-wit liyané”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”tumindak kaya-kaya dhèwèké kuwi pangéran ing”.
Mungkin maksudé Zébul, wakilé Syikhèm.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”bèntèng”.
Maksudé, bagéan ndhuwur saka watu gilingan tangan.
Utawa ”nyeluk”.