Pengkhotbah 6:1-12

  • Nduwé ning ora isa ngrasakké (1-6)

  • Ngrasakké seneng saka sing diduwèni saiki (7-12)

6  Aku ndelok bencana liya sing biasa dialami manungsa ing ngisoré matahari:  Gusti Allah sing bener mènèhi wong harta lan kemuliaan nganti kabèh sing dipéngini wong kuwi kelakon.* Ning, Gusti Allah sing bener ora mènèhi wong kuwi kesempatan kanggo ngrasakké kuwi kabèh. Sing ngrasakké malah wong liya. Iki ora ana gunané lan nggawé sengsara.  Nèk ana wong sing nduwé anak satus lan urip pirang-pirang taun nganti tuwa, tapi ora ngrasakké urip seneng sakdurungé mati,* menurutku uripé luwih mesakké timbang bayi sing mati pas lair.+  Ora ana gunané bayi kuwi lair. Bayi kuwi ora ana manèh, lan ora nduwé jeneng.  Senajan ora tau weruh matahari lan ora ngerti apa-apa, bayi kuwi luwih apik* timbang wong mau.+  Apa gunané urip rong éwu taun nèk ora ngrasakké seneng? Kabèh wong bakal ana ing panggonan sing padha, ta?+  Manungsa kerja keras kanggo ngisi wetengé,+ tapi ora tau puas.  Apa kelebihané wong wicaksana timbang wong bodho?+ Apa gunané wong mlarat ngerti carané tetep urip?*  Luwih apik ndelok apa sing ana ing ngarepé mata, timbang ngoyak* kepénginan sing ora bakal kelakon. Iki ya ora ana gunané kaya ngoyak* angin. 10  Kabèh sing ana kuwi wis dijenengi, lan kaya apa manungsa kuwi ya wis dingertèni. Manungsa ora isa mbantah* sing luwih kuwasa timbang dhèwèké. 11  Saya akèh ngomong, saya ora ana gunané. Apa gunané kuwi kanggo manungsa? 12  Sapa sing ngerti apa sing kuduné dilakoni manungsa saksuwéné uripé sing singkat lan ora ana gunané, sing kaya bayangan?+ Sapa sing isa ngandhani dhèwèké apa sing bakal kelakon ing ngisoré matahari sakwisé dhèwèké ora ana?

Katrangan Tambahan

Utawa ”nganti jiwané ora kekurangan apa-apa”.
Utawa ”sakdurungé dhèwèké mlebu kuburan”.
Lit.: ”luwih tentrem”.
Lit.: ”carané mlaku ing ngarepé wong urip”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”mbéla kasusé ing ngarepé”.