Purwaning Dumadi 12:1-20

  • Abram lunga saka Haran menyang Kanaan (1-9)

    • Janjiné Gusti Allah marang Abram (7)

  • Abram lan Sarai ing Mesir (10-20)

12  Yéhuwah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ninggalké tanahmu, sedulurmu, lan keluargané bapakmu, terus lunga menyang tanah sing bakal Tak duduhké marang kowé.+  Aku bakal nggawé keturunanmu dadi bangsa sing gedhé, lan Aku bakal mberkahi kowé.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal, lan kowé bakal dadi berkah kanggo wong liya.  Aku bakal mberkahi wong sing mberkahi kowé, lan Aku bakal ngutuk wong sing ngutuk kowé.+ Kabèh keluarga ing bumi mesthi bakal éntuk berkah liwat kowé.”+  Mula Abram lunga, kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah. Lot mèlu dhèwèké. Umuré Abram 75 taun wektu dhèwèké lunga saka Haran.+  Abram mangkat menyang Kanaan karo Sarai+ bojoné lan karo Lot ponakané.+ Wong-wong kuwi nggawa barang-barang sing wis dikumpulké+ lan budhak-budhak sing dikumpulké ing Haran. Wektu wong-wong kuwi tekan ing tanah Kanaan,+  Abram njlajahi tanah kuwi nganti tekan dhaérah Syikhèm,+ cedhak wit-wit gedhé ing Moré.+ Wektu kuwi, wong-wong Kanaan manggon ing kana.  Yéhuwah nemoni Abram lan kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah+ iki marang keturunanmu.”+ Mula ing kana, Abram mbangun mézbah kanggo Yéhuwah sing wis nemoni dhèwèké.  Terus, dhèwèké pindhah saka kana menyang dhaérah pegunungan ing wétané Bètel+ lan ngedegké kémah ing antarané Bètel lan Ai+ (Bètel ing sisih kulon, lan Ai ing sisih wétan). Ing kana, dhèwèké mbangun mézbah kanggo Yéhuwah+ lan mulai nyebut jenengé Yéhuwah.+  Sakwisé kuwi, Abram neruské perjalanané menyang Nègèb+ lan ngedegké kémah saka panggonan siji menyang panggonan liyané. 10  Wektu ana kelaparan ing tanah kuwi, Abram lunga menyang Mesir lan manggon ing kana rada suwé,+ merga kelaparan ing tanah kuwi parah banget.+ 11  Wektu arep tekan Mesir, Abram kandha marang Sarai, bojoné, ”Tulung rungokna aku. Kowé kuwi ayu banget.+ 12  Nèk wong Mesir ndelok kowé, mesthi wong-wong kuwi bakal kandha, ’Dhèwèké bojoné wong lanang kuwi.’ Wong-wong kuwi mesthi bakal matèni aku, terus kowé bakal dipèk wong-wong kuwi.* 13  Kowé kudu ngomong nèk kowé kuwi adhiku, bèn wong-wong kuwi apikan karo aku lan ora matèni aku merga kowé.”+ 14  Pas Abram tekan Mesir, wong Mesir weruh nèk wong wédok sing teka karo Abram kuwi ayu banget. 15  Para pejabaté Firaun* ya ndelok wong wédok kuwi, terus ngandhani Firaun nèk wong wédok kuwi ayu banget. Mula, wong wédok kuwi digawa ing istanané Firaun. 16  Merga wong wédok kuwi, Firaun apikan banget karo Abram lan mènèhi Abram domba, sapi, keledai lanang, keledai wédok, unta, pembantu lanang, lan pembantu wédok.+ 17  Terus, Yéhuwah nggawé Firaun lan kabèh wong ing istanané kena penyakit sing parah* merga Sarai, bojoné Abram.+ 18  Mula, Firaun ngundang* Abram lan kandha, ”Gara-gara kowé aku dadi kaya ngéné. Kok kowé ora ngandhani aku nèk dhèwèké kuwi bojomu? 19  Ngapa kok kowé kandha nèk dhèwèké kuwi adhimu?+ Dhèwèké mèh waé tak pèk bojo. Iki bojomu. Gawanen dhèwèké lunga saka kéné.” 20  Mula, Firaun mréntahké para pelayané bèn ngongkon Abram, bojoné, lan para budhaké lunga saka Mesir karo nggawa kabèh duwèké.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ning kowé bakal tetep urip”.
Sebutan kanggo raja Mesir. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kena bencana”.
Utawa ”nyeluk”.