Purwaning Dumadi 44:1-34
44 Terus, Yusuf mènèhi préntah marang wong sing ngurusi omahé, ”Karungé wong-wong kuwi kudu mbok isèni bahan pangan sak cukupé sing isa digawa wong-wong kuwi, lan dèlèhna dhuwité wong-wong kuwi ing karungé+ dhéwé-dhéwé.
2 Tapi, ing karungé anak sing terakhir, sakliyané ndèlèhké dhuwité, kowé ya kudu ndèlèhké gelas pérakku ing kono.” Mula, wong kuwi nindakké préntahé Yusuf.
3 Ésuké, pas wis padhang, wong-wong kuwi mulih karo keledai-keledainé.
4 Wektu wong-wong kuwi durung adoh saka kutha, Yusuf ngongkon wong sing ngurus omahé, ”Oyaken* wong-wong kuwi. Nèk wis ketemu, ngomonga, ’Ngapa kok kowé jahat karo majikanku, padahal dhèwèké wis apikan karo kowé?
5 Ngapa kowé njupuk gelas péraké majikanku? Gelas kuwi digunakké majikanku kanggo ngombé lan ngramal masa depan. Kowé jahat banget.’”
6 Wong kuwi ketemu karo kakang adhiné Yusuf lan ngomongké sing dipréntahké Yusuf mau.
7 Ning, kakang adhiné Yusuf njawab, ”Ngapa njenengan ngomong kaya ngono? Ora mungkin aku kaya ngono.
8 Dhuwit sing mbiyèn ana ing karungku wis tak gawa saka tanah Kanaan+ lan tak balèkké manèh marang njenengan. Dadi, ora mungkin nèk aku nyolong pérak utawa emas saka omahé majikané njenengan.
9 Nèk nganti ana salah siji sing njupuk barang kuwi, bèn waé dhèwèké dipatèni, lan sing liyané bèn waé dadi budhaké njenengan.”
10 Wong kuwi njawab, ”Ya wis. Tapi, mung wong sing njupuk barang kuwi sing bakal dadi budhakku, sing liyané dianggep ora salah.”
11 Terus, kakang adhiné Yusuf cepet-cepet ngedhunké lan mbukak karung-karungé.
12 Wong mau tenanan nggolèki gelas kuwi, mulai saka karungé anak pertama nganti anak terakhir. Akhiré, gelas kuwi ketemu ing karungé Bènyamin.+
13 Terus, kakang adhiné Yusuf nyuwèk klambiné lan ngunggahké manèh karungé ing keledainé, lan wong-wong kuwi bali menyang kutha.
14 Wektu Yéhuda+ lan kakang adhiné mlebu ing omahé Yusuf, Yusuf isih ana ing kana. Terus, wong-wong kuwi langsung sujud ing ngarepé Yusuf.+
15 Yusuf kandha karo wong-wong kuwi, ”Kok wani-waniné kowé nyolong gelasku? Apa kowé ora ngerti nèk aku isa ngramal masa depan?”+
16 Yéhuda njawab, ”Aku ora ngerti kudu ngomong apa. Aku ora ngerti kudu njelaské apa manèh. Piyé carané mbuktèkké nèk aku ora salah? Gusti Allah sing bener wis nduduhké kesalahanku.+ Saiki aku kabèh bakal dadi budhaké njenengan, aku lan wong sing karungé ana gelasé njenengan.”
17 Ning, Yusuf kandha, ”Ora kabèh kudu dadi budhakku. Mung sing karungé ana gelasku sing bakal dadi budhakku.+ Sing liyané éntuk mulih ing omahé bapakmu.”
18 Yéhuda nyedhaki Yusuf lan kandha, ”Pak, tulung rungokna aku lan aja nesu karo aku, merga kuwasané njenengan kaya Firaun.+
19 Njenengan wis tau takon karo aku apa aku nduwé bapak utawa adhi sing liyané.
20 Mula aku njawab, ’Aku isih nduwé bapak sing wis tuwa lan adhi sing terakhir+ sing lair pas bapakku wis tuwa. Adhiku kuwi nduwé kakang saka ibu+ sing padha, tapi kakangé wis mati,+ mula mung tinggal dhèwèké thok. Bapaké sayang banget karo dhèwèké.’
21 Bar kuwi njenengan kandha, ’Gawanen adhimu mréné bèn aku isa ketemu karo dhèwèké.’+
22 Ning, aku njawab, ’Bocah kuwi ora isa ninggalké bapaké. Nèk dhèwèké lunga, bapaké mesthi bakal mati.’+
23 Terus njenengan kandha, ’Aja nemoni aku manèh nèk adhimu ora mbok gawa mréné.’+
24 ”Terus aku mulih lan ngandhani bapakku soal omongané njenengan.
25 Akhiré bapakku kandha, ’Balia mrana lan tukua panganan ing kana.’+
26 Ning, aku kandha, ’Aku ora isa lunga mrana. Aku bakal lunga mrana nèk adhiku sing terakhir mèlu, soalé aku ora éntuk nemoni wong kuwi manèh nèk ora ngejak adhiku sing paling cilik.’+
27 Terus bapakku kandha, ’Kowé ngerti dhéwé nèk bojoku mung nglairké anak lanang loro.+
28 Ning, aku wis kélangan sing sijiné merga dhèwèké wis dipatèni kéwan buas.+ Aku wis ora tau ketemu dhèwèké manèh.
29 Nèk kowé ya njupuk bocah iki, terus ana apa-apa lan dhèwèké mati, kowé mesthi bakal nggawé aku sing wis tuwa iki mati*+ merga sedhih.’+
30 ”Bapakku sayang banget karo bocah iki, ngluwihi nyawané dhéwé. Dadi, nèk aku bali lan ora nggawa bocah iki,
31 terus bapakku ngerti nèk bocah iki ora ana, bapakku mesthi bakal langsung mati, lan aku sing nyebabké bapakku sing wis tuwa mati* merga sedhih.
32 Aku wis kandha karo bapakku nèk aku njamin bocah iki mesthi bakal slamet. Aku kandha, ’Nèk aku ora isa nggawa dhèwèké bali, aku bakal dosa marang Bapak nganti saklawasé.’+
33 Dadi, tulung, aku waé sing nggantèni bocah iki dadi budhaké njenengan, bèn bocah iki mulih karo kakang-kakangé.
34 Aku ora mungkin bali nèk ora karo bocah iki. Aku ora péngin ndelok bapakku susah.”
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”Uberen”.
^ Lit.: ”nggawa uwanku mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”nggawa uwané bapakku mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.