Wilangan 13:1-33

  • Rolas mata-mata diutus menyang Kanaan (1-24)

  • Laporan sing èlèk saka 10 mata-mata (25-33)

13  Terus Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Utusen wong-wong lanang bèn dadi mata-mata ing tanah Kanaan, yaiku tanah sing arep Tak wènèhké marang wong Israèl. Saka saben sukuné wong Israèl, utusen wong siji. Wong-wong lanang kuwi kudu para pemimpin.”+  Mula, Musa ngutus wong-wong lanang kuwi saka Padhang Belantara Paran+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Kabèh wong lanang kuwi para pemimpiné Israèl.  Iki jenengé wong-wong lanang kuwi: Saka suku Rubèn, Syamua anaké Zakur.  Saka suku Siméon, Syafat anaké Hori.  Saka suku Yéhuda, Kalèb+ anaké Yéfuné.  Saka suku Isakhar, Igal anaké Yusuf.  Saka suku Éfraim, Hosyéa+ anaké Nun.  Saka suku Bènyamin, Palti anaké Rafu. 10  Saka suku Zébulon, Gadièl anaké Sodi. 11  Saka suku Yusuf+ (yaiku suku Manasyé),*+ Gaddi anaké Susi. 12  Saka suku Dan, Amièl anaké Gémali. 13  Saka suku Asyèr, Sétur anaké Mikhaèl. 14  Saka suku Naftali, Nahbi anaké Wofsi. 15  Saka suku Gad, Géuèl anaké Makhi. 16  Kuwi jeneng-jenengé wong lanang sing diutus Musa dadi mata-mata ing tanah Kanaan. Musa njenengi Hosyéa anaké Nun, Yosua.*+ 17  Pas Musa ngutus wong-wong lanang kuwi bèn dadi mata-mata ing tanah Kanaan, Musa kandha, ”Lungaa menyang Nègèb, terus munggaha ing dhaérah pegunungan.+ 18  Deloken kaya apa tanah kuwi.+ Wong-wong sing manggon ing kono kuwi kuwat apa lemah, sithik apa akèh. 19  Terus deloken tanah kuwi apik apa èlèk, kutha-kuthané nduwé bèntèng apa mung perkémahan thok, 20  tanahé subur apa ora, lan ana wit-witané apa ora.+ Kowé kudu kendel+ lan gawanen buah-buahan saka tanah kuwi.” Wektu kuwi, lagi awal musim anggur.+ 21  Mata-mata kuwi padha lunga lan ngamati tanah kuwi saka Padhang Belantara Zin+ tekan Réhob,+ cedhaké Lébo-hamat.*+ 22  Pas arep menyang Nègèb, mata-mata kuwi tekan ing Hébron.+ Ahiman, Syésyai, lan Talmai,+ yaiku wong Anakim,*+ manggon ing kono. Hébron dibangun pitung taun sakdurungé Zoan ing Mesir. 23  Pas tekan ing Lembah* Èskol,+ mata-mata kuwi ngethok cabang wit anggur sing ana buah angguré sak tandan, terus dipikul wong loro nganggo kayu. Mata-mata kuwi ya nggawa sebagéan buah delima lan ara.+ 24  Wong-wong nyebut panggonan kuwi Lembah* Èskol*+ merga wong Israèl ngethok sak tandan buah anggur ing kono. 25  Sakwisé ngamati tanah kuwi 40 dina,+ mata-mata kuwi padha bali. 26  Terus, mata-mata kuwi padha nemoni Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl ing Padhang Belantara Paran, ing Kadès.+ Mata-mata kuwi nyampèkké laporan marang kabèh wong Israèl lan nduduhké buah-buahan saka tanah Kanaan. 27  Mata-mata kuwi kandha marang Musa, ”Aku wis mlebu ing tanah sing njenengan kongkon bèn tak parani. Tanah kuwi pancèn akèh susu lan maduné.+ Iki hasilé.+ 28  Ning wong-wong ing tanah kuwi kuwat, lan bèntèng-bèntèngé ya gedhé banget. Ing kono ya ana wong Anakim.+ 29  Wong Amalèk+ manggon ing tanah Nègèb.+ Wong Hèt, wong Yébus,+ lan wong Amori+ manggon ing dhaérah pegunungan. Wong Kanaan+ manggon ing cedhak laut+ lan ing sepanjang Kali Yordan.” 30  Terus ing ngarepé Musa, Kalèb nggawé bangsa kuwi tenang. Dhèwèké kandha, ”Ayo ndang maju waé! Awaké dhéwé mesthi isa ngalahké wong-wong kuwi lan ngrebut tanah kuwi.”+ 31  Ning, wong-wong lanang sing lunga bareng Kalèb kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal isa nglawan wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi luwih kuwat timbang awaké dhéwé.”+ 32  Wong-wong lanang kuwi terus ngomongké sing èlèk-èlèk+ marang wong Israèl soal tanah sing dimata-matai. Wong-wong lanang kuwi kandha, ”Tanah sing tak mata-matai kuwi tanah sing bahaya, lan kowé mesthi bakal mati. Kabèh wong sing tak delok ing kono kuwi gedhé-gedhé banget.+ 33  Aku ya ndelok raksasa-raksasa* keturunané Anak.+ Wong-wong kuwi keturunané Néfilim. Nèk dibandhingké wong-wong kuwi, awaké dhéwé iki mung kaya walang. Wong-wong kuwi mesthi ya nganggep awaké dhéwé kaya ngono.”

Katrangan Tambahan

Manasyé kuwi anaké Yusuf.
Utawa ”Yéhosyua”, artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Wong-wong sing awaké gedhé lan kuwat banget.
Utawa ”Wadi”.
Utawa ”Wadi”.
Artiné ”Tandan Buah Anggur”.
Lit.: ”Nèfilim”.