Wilangan 14:1-45

  • Wong Israèl péngin bali menyang Mesir (1-10)

    • Laporan sing apik saka Yosua lan Kalèb (6-9)

  • Yéhuwah nesu; Musa dadi penengah (11-19)

  • Hukuman: 40 taun ing padhang belantara (20-38)

  • Wong Israèl dikalahké wong Amalèk (39-45)

14  Terus, kabèh wong Israèl padha mbengok lan nangis banter banget sewengi muput.+  Kabèh wong Israèl protès marang Musa lan Harun.+ Kabèh wong kuwi sambat, ”Mendhing aku tak mati waé ing Mesir apa mati ing padhang belantara iki!  Ngapa Yéhuwah ndadak nggawa awaké dhéwé ing tanah iki?+ Apa bèn awaké dhéwé dipatèni nganggo pedhang?+ Anak lan bojoku bakal dadi tawanan. Mendhing awaké dhéwé bali waé menyang Mesir.”+  Malah wong-wong kuwi padha rasan-rasan, ”Ayo awaké dhéwé ngangkat pemimpin lan bali menyang Mesir!”+  Musa karo Harun langsung sujud, lan kabèh jemaat Israèl ndelok kuwi.  Yosua+ anaké Nun lan Kalèb+ anaké Yéfuné, sing mèlu ngamati tanah kuwi, padha nyuwèk klambiné.  Wong loro kuwi kandha marang kabèh jemaat Israèl, ”Tanah sing tak mata-matai kuwi apik, apik banget.+  Nèk Yéhuwah seneng karo awaké dhéwé, Dhèwèké mesthi bakal nggawa awaké dhéwé menyang tanah sing akèh susu lan maduné kuwi.+ Dhèwèké ya mesthi bakal mènèhké kuwi marang awaké dhéwé.  Ning, kowé aja mbrontak nglawan Yéhuwah lan aja wedi karo wong-wong ing tanah kuwi+ merga wong-wong kuwi bakal gampang dikalahké.* Ora ana sing nglindhungi wong-wong kuwi, ning Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé.+ Dadi, aja wedi karo wong-wong kuwi.” 10  Senajan ngono, kabèh wong Israèl malah arep mbandhemi*+ Yosua lan Kalèb nganggo watu. Tapi, kemuliaané Yéhuwah kétok ing kémah pertemuan lan didelok wong Israèl.+ 11  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, ”Nganti kapan bangsa iki ora ngajèni Aku?+ Nganti kapan bangsa iki ora nduwé iman marang Aku, padahal Aku wis nggawé akèh mukjijat* ing antarané bangsa iki?+ 12  Bangsa iki bakal Tak hukum nganggo wabah penyakit lan bakal Tak tumpes. Mendhing keturunanmu waé sing Tak dadèkké bangsa sing luwih gedhé lan luwih kuwat timbang bangsa iki.”+ 13  Ning, Musa kandha marang Yéhuwah, ”Njenengan wis nggawa bangsa iki metu saka Mesir nganggo kuwasa-Mu. Dadi, nèk Njenengan tumindak kaya ngono, terus wong Mesir krungu,+ 14  wong Mesir bakal nyritakké kuwi marang penduduk ing tanah Kanaan, sing wis padha krungu nèk Njenengan, Yéhuwah, ana ing antarané bangsa iki,+ lan Njenengan jelas nduduhké sapa Njenengan kuwi marang bangsa iki.+ Penduduk ing tanah Kanaan ya wis krungu nèk Njenengan kuwi Yéhuwah, lan méga saka Njenengan ana ing ndhuwuré bangsa iki. Njenengan mlaku ing ngarepé bangsa iki ing njero tugu méga* pas awan lan ing njero tugu geni* pas bengi.+ 15  Nèk bangsa iki langsung Njenengan patèni kabèh, bangsa-bangsa sing wis krungu soal kehébatan-Mu bakal kandha, 16  ’Yéhuwah ora isa nggawa bangsa kuwi menyang tanah sing wis dijanjèkké nganggo sumpah arep diwènèhké marang wong-wong kuwi, mula kabèh wong kuwi dipatèni ing padhang belantara.’+ 17  Mula, tulung Yéhuwah, duduhna kuwasa-Mu sing hébat kaya sing wis Njenengan janjèkké mbiyèn. Njenengan kandha, 18  ’Yéhuwah sabar lan nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ ngapura kesalahan lan pelanggaran, ning wong sing salah ora bakal bébas saka hukuman. Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.’+ 19  Kaya sing wis Njenengan tindakké kèt saka Mesir nganti saiki, tulung kesalahané bangsa iki Njenengan apura, merga Njenengan nduwé katresnan* sing gedhé banget.”+ 20  Terus Yéhuwah kandha, ”Aku wis ngapura wong-wong kuwi kaya sing mbok jaluk.+ 21  Senajan ngono, Aku sumpah demi Aku dhéwé,* bumi sak isiné bakal dikebaki kemuliaané Yéhuwah.+ 22  Tapi kabèh wong sing wis ndelok kemuliaan lan mukjijat-Ku*+ ing Mesir lan ing padhang belantara, ning bola-bali* ora percaya karo* Aku+ lan ora gelem ngrungokké omongan-Ku,+ 23  wong-wong kuwi ora bakal ndelok tanah sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang nènèk moyangé. Ora ana wong siji-sijia sing wis ngrèmèhké Aku sing bakal ndelok tanah kuwi.+ 24  Ning, merga Kalèb+ abdi-Ku nduwé watak sing béda lan terus manut saktulusé ati marang Aku, Aku mesthi bakal nggawa dhèwèké mlebu ing tanah sing wis dhèwèké parani kuwi lan kuwi bakal dadi duwèké keturunané.+ 25  Merga wong Amalèk lan wong Kanaan+ manggon ing lembah, sésuk kowé kudu mbalik menyang padhang belantara liwat dalan sing ngarah menyang Laut Merah.”+ 26  Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 27  ”Nganti kapan bangsa iki protès terus marang Aku?+ Aku wis krungu wong Israèl protès marang Aku.+ 28  Kandhanana wong-wong kuwi, ’Yéhuwah kandha, ”Aku sumpah demi Aku dhéwé,* omonganmu sing wis Tak rungokké kuwi bakal Tak turuti.+ 29  Kowé kabèh sing umuré 20 taun munggah sing wis kedaftar, sing protès marang Aku,+ mayatmu bakal pating glimpang+ ing padhang belantara iki. 30  Ora ana wong siji-sijia saka antaramu sing bakal mlebu ing tanah sing wis Tak janjèkké marang kowé nganggo sumpah bèn mbok enggoni,+ kecuali Kalèb anaké Yéfuné lan Yosua anaké Nun.+ 31  ”’”Anak-anakmu sing jarému bakal dadi tawanan,+ cah-cah kuwi sing bakal Tak gawa mlebu ing kono. Cah-cah kuwi sing bakal manggon ing tanah sing wis mbok tolak.+ 32  Ning, mayat-mayatmu bakal pating glimpang ing padhang belantara iki. 33  Anak-anakmu lanang bakal dadi gembala ing padhang belantara 40 taun suwéné.+ Wong-wong kuwi bakal nanggung dosamu* nganti kabèh wong ing antaramu mati ing padhang belantara.+ 34  Kowé bakal nanggung kesalahanmu 40 taun+ suwéné padha kaya jumlahé dina pas kowé ngamati tanah kuwi, yaiku 40 dina,+ sedina diétung setaun, supaya kowé ngerti akibaté nèk nglawan Aku.* 35  ”’”Aku, Yéhuwah, wis kandha. Iki sing bakal Tak tindakké marang kabèh wong jahat iki, sing wis sepakat nglawan Aku: Ing padhang belantara iki, wong-wong jahat kuwi bakal entèk. Ing kéné, wong-wong jahat kuwi bakal mati.+ 36  Wong-wong lanang sing diutus Musa bèn ngamati tanah kuwi, lan sing wis nggawé kabèh wong Israèl dadi protès nglawan Musa pas wong-wong lanang kuwi bali karo nggawa laporan sing èlèk soal tanah kuwi,+ 37  wong-wong kuwi bakal dihukum lan mati ing ngarepé Yéhuwah.+ 38  Ning, Yosua anaké Nun lan Kalèb anaké Yéfuné sing mèlu ngamati tanah kuwi mesthi bakal tetep urip.”’”+ 39  Pas Musa nyampèkké omongan kuwi marang kabèh wong Israèl, wong-wong kuwi dadi sedhih banget. 40  Wong-wong kuwi ya tangi ésuk banget terus munggah menyang pucuk gunung lan kandha, ”Aku wis dosa. Ning, saiki aku siap mangkat menyang panggonan sing wis diomongké Yéhuwah.”+ 41  Tapi Musa kandha, ”Ngapa kok kowé arep nglanggar préntahé Yéhuwah? Kuwi ora bakal berhasil. 42  Aja mangkat, merga Yéhuwah ora ndhukung kowé. Kowé mesthi bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ 43  Ing kana, kowé bakal ngadhepi wong Amalèk lan wong Kanaan.+ Kowé bakal dipatèni nganggo pedhang. Merga kowé ora manut marang Yéhuwah, Yéhuwah ya ora bakal ndhukung kowé.”+ 44  Ning, wong-wong kuwi tetep padha nékad munggah menyang pucuk gunung kuwi,+ tapi Musa lan pethi perjanjiané Yéhuwah tetep ana ing tengah-tengah perkémahan.+ 45  Terus, wong Amalèk lan wong Kanaan sing manggon ing gunung kuwi padha mudhun lan ngalahké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi kocar-kacir nganti tekan Horma.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”merga wong-wong kuwi roti kanggo awaké dhéwé”.
Utawa ”mbalangi”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”keturunané sing ketelu lan keturunané sing kepapat”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”demi Aku sing urip”.
Lit.: ”nguji”.
Lit.: ”ping sepuluh”.
Lit.: ”tandha-Ku”.
Lit.: ”demi Aku sing urip”.
Lit.: ”pelacuranmu”.
Utawa ”nèk dadi mungsuh-Ku”.