Wilangan 16:1-50

  • Korah, Datan, lan Abiram mbrontak (1-19)

  • Hukuman kanggo wong-wong sing mbrontak (20-50)

16  Terus, Korah+ sekongkol karo Datan, Abiram, lan On. Korah kuwi anaké Izhar,+ anaké Kohat,+ anaké Lèwi.+ Datan lan Abiram kuwi anaké Èliab,+ lan On kuwi anaké Pèlèth. Datan, Abiram, lan On kuwi keturunané Rubèn.+  Wong-wong kuwi sekongkol nglawan Musa bareng karo 250 wong Israèl liyané yaiku wong-wong penting, para pemimpin, lan wakilé kabèh wong Israèl.  Mula, wong-wong kuwi padha ngumpul ngadhep+ Musa lan Harun. Wong-wong kuwi kandha, ”Wis cukup! Bangsa iki suci+ lan Yéhuwah ana ing tengah-tengahé bangsa iki.+ Mula, ngapa kok kowé nganggep awakmu luwih unggul timbang jemaaté Yéhuwah?”  Pas krungu kuwi, Musa langsung sujud.  Terus Musa kandha marang Korah lan para pendukungé, ”Sésuk ésuk, Yéhuwah bakal nduduhké sapa sing dadi duwèké,+ sapa sing suci, lan sapa sing kudu nyedhak marang Dhèwèké.+ Sapa waé sing Dhèwèké pilih+ bakal nyedhak marang Dhèwèké.  Hé Korah lan kabèh pendukungé,+ jupuken wadhah bara,+  dèlèhna bara ing njeroné lan sésuk obongen dupa ing ngarepé Yéhuwah. Wong sing bakal dipilih Yéhuwah,+ wong kuwi suci. Kowé keturunané Lèwi+ wis kebangeten!”  Terus Musa kandha marang Korah, ”Hé kowé keturunané Lèwi, rungokna.  Gusti Allahé Israèl wis misahké kowé saka kabèh wong Israèl+ lan ngéntukké kowé nyedhak marang Dhèwèké bèn isa nglayani ing tabernakelé Yéhuwah lan nglayani wong Israèl.+ Apa kuwi perkara sing sepélé? 10  Gusti Allah ya wis nggawa kowé lan para sedulurmu yaiku keturunané Lèwi, nyedhak marang Dhèwèké. Apa kanggomu kuwi ya perkara sing sepélé? Apa kowé ya isih péngin dadi imam?+ 11  Kuwi sebabé, kowé lan kabèh pendukungmu sakjané sekongkol nglawan Yéhuwah. Terus, Harun kuwi sapa ta kok nganti mbok protès?”+ 12  Bar kuwi, Musa ngutus wong kanggo ngundang* Datan lan Abiram,+ anak-anaké Èliab. Ning, wong loro kuwi kandha, ”Aku wegah teka! 13  Kowé wis nggawa aku lan bangsaku metu saka tanah sing akèh susu lan maduné mung bèn dipatèni ing padhang belantara.+ Apa kanggomu kuwi perkara sing sepélé? Terus saiki kowé ya péngin dadi pemimpinku? 14  Endi tanah sing akèh susu lan maduné+ sing mbok omongké kuwi? Jarému kowé arep mènèhi aku ladhang lan kebon anggur ing tanah kuwi bèn dadi warisanku. Apa kowé mung péngin wong-wong kuwi* ngetutké kowé thok kaya wong wuta?* Aku wegah teka!” 15  Musa dadi nesu banget, lan kandha marang Yéhuwah, ”Persembahan biji-bijiané wong-wong kuwi aja Njenengan tampa. Aku ora tau njupuk siji-sijia keledainé wong-wong kuwi, aku ya ora tau njahati wong-wong kuwi.”+ 16  Terus Musa kandha marang Korah, ”Sésuk, kowé lan kabèh pendukungmu kudu teka ing ngarepé Yéhuwah. Kowé, para pendukungmu, lan Harun. 17  Saben wong kudu nggawa wadhah bara, terus kuwi kudu diisi dupa lan digawa ing ngarepé Yéhuwah, jumlahé kabèh 250 wadhah. Kowé lan Harun kudu teka bareng wong-wong kuwi lan gawanen wadhah baramu.” 18  Mula, saben wong kuwi padha njupuk wadhah bara, terus diisèni bara, lan diwènèhi dupa, terus ngadeg ing lawangé kémah pertemuan bareng karo Musa lan Harun. 19  Pas Korah nglumpukké kabèh pendukungé+ ing lawangé kémah pertemuan, kemuliaané Yéhuwah kétok lan didelok wong Israèl.+ 20  Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, 21  ”Kowé misaha saka kelompok kuwi bèn Aku isa langsung numpes wong-wong kuwi.”+ 22  Terus Musa lan Harun sujud lan kandha, ”Oh Gusti Allah, Gusti Allah sing mènèhi urip+ marang kabèh wong, apa mung merga wong siji Njenengan nesu marang kabèh wong Israèl?”+ 23  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 24  ”Kabèh wong Israèl kandhanana ngéné, ’Ngedoha saka kémahé Korah, Datan, lan Abiram!’”+ 25  Bar kuwi, Musa lan para pemimpin*+ Israèl padha nemoni Datan lan Abiram. 26  Musa kandha marang kabèh wong Israèl, ”Ngedoha saka kémahé wong-wong jahat iki lan aja ndemèk apa waé duwèké wong-wong kuwi bèn kowé ora mèlu mati merga dosané wong-wong kuwi.” 27  Wong-wong kuwi langsung ngedohi kémahé Korah, Datan, lan Abiram. Bar kuwi, Datan lan Abiram metu terus ngadeg ing lawang kémahé bareng karo bojo, anak-anak, lan bayiné wong-wong kuwi. 28  Terus Musa kandha, ”Liwat apa sing arep kelakon iki, kowé bakal ngerti nèk aku diutus Yéhuwah nindakké kabèh iki, lan iki dudu karepku dhéwé: 29  Nèk wong-wong iki matiné kaya wong umumé lan nèk hukumané wong-wong kuwi padha kaya sing dialami kabèh manungsa, berarti aku ora diutus Yéhuwah.+ 30  Ning, nèk Yéhuwah nganti nindakké perkara sing durung tau kelakon, lan nèk tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi karo kabèh duwèké nyemplung ing kono, terus wong-wong kuwi mlebu urip-urip ing Kuburan,* kowé bakal ngerti nèk wong-wong iki ora ngajèni Yéhuwah.” 31  Lagi waé Musa rampung ngomong, tanah ing ngisoré wong-wong kuwi mbelah.+ 32  Tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi, keluargané, lan kabèh pendukungé Korah+ karo kabèh duwèké nyemplung ing kono. 33  Mula, wong-wong kuwi lan kabèh pendukungé mlebu urip-urip ing Kuburan* lan tanah ing ndhuwuré wong-wong kuwi nutup, mula kabèh wong kuwi lenyap saka jemaat kuwi.+ 34  Kabèh wong Israèl padha mlayu kewedèn merga krungu jeritané wong-wong kuwi lan kandha, ”Aja nganti awaké dhéwé ya nyemplung ing tanah kuwi!” 35  Terus, Yéhuwah nekakké geni+ sing ngobong 250 wong sing mènèhké dupa kuwi.+ 36  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 37  ”Kowé kudu ngongkon Èléazar anaké Imam Harun bèn njupuk kabèh wadhah bara kuwi+ saka geni mau merga kabèh kuwi suci. Kowé ya kudu ngongkon dhèwèké nyebarké bara kuwi* ing panggonan sing adoh. 38  Wadhah barané wong-wong sing mati merga dosa kuwi kudu digawé dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah,+ merga kuwi kabèh wis diwènèhké ing ngarepé Yéhuwah lan dadi suci. Kuwi kudu dadi tandha kanggo wong Israèl.”+ 39  Mula, Imam Èléazar njupuki wadhah-wadhah bara saka tembaga duwèké wong-wong sing diobong mau. Wadhah bara kuwi dibentuk nganggo palu dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah, 40  kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa. Kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl nèk ora ana wong sing éntuk nyedhak kanggo ngobong dupa ing ngarepé Yéhuwah+ sakliyané keturunané Harun, lan ora ana sing éntuk niru Korah lan para pendukungé.+ 41  Sésuké, kabèh wong Israèl protès marang Musa lan Harun,+ ”Kowé wis matèni umaté Yéhuwah.” 42  Pas kabèh wong kuwi padha ngumpul nglawan Musa lan Harun, wong-wong kuwi nolèh ing arah kémah pertemuan lan ndelok méga nutupi kémah kuwi. Kemuliaané Yéhuwah mulai kétok.+ 43  Musa lan Harun teka ing ngarepé kémah pertemuan,+ 44  lan Yéhuwah kandha marang Musa, 45  ”Misaha saka kabèh wong iki bèn Aku isa langsung numpes wong-wong kuwi.”+ Terus Musa lan Harun langsung sujud.+ 46  Bar kuwi Musa kandha marang Harun, ”Jupuken wadhah bara, terus isènana bara saka mézbah,+ lan wènèhana dupa. Bar kuwi ndang paranana kabèh wong kuwi lan njaluka bèn dosané wong-wong kuwi diapura+ merga Yéhuwah wis nesu. Bencana wis mulai!” 47  Harun langsung njupuk kuwi kaya sing dipréntahké Musa lan mlayu ing tengah-tengahé jemaat kuwi. Jebulé, wong-wong kuwi wis padha kena bencana. Mula Harun ndèlèhké dupa ing wadhah kuwi lan njaluk bèn dosané wong-wong kuwi diapura. 48  Dhèwèké tetep ngadeg ing antarané wong-wong sing mati lan sing isih urip, lan akhiré bencana kuwi mandheg. 49  Ana 14.700 wong sing mati merga bencana kuwi, durung termasuk sing mati merga pembrontakané Korah. 50  Harun bali manèh marang Musa ing lawangé kémah pertemuan sakwisé bencana kuwi mandheg.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”wong-wong lanang kuwi”. Maksudé, wong-wong sing mèlu mbrontak.
Lit.: ”Apa kowé arep nyungkil mripaté wong-wong kuwi?”
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”bumi mbukak cangkemé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Bumi mbukak cangkemé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin sisa areng utawa awu sing ana ing njero utawa cedhaké wadhah dupa kuwi.