Wilangan 17:1-13

  • Tongkaté Harun sing metu kembangé dadi tandha (1-13)

17  Terus Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kongkonen wong Israèl mènèhi kowé tongkat siji saka saben suku.* Saben pemimpin suku*+ mènèhi tongkat siji. Dadi, kabèh jumlahé 12 tongkat. Tulisen jenengé para pemimpin kuwi ing tongkaté dhéwé-dhéwé.  Tulisen jenengé Harun ing tongkaté Lèwi, merga saben pemimpin suku kudu nduwé tongkat siji.  Simpenen kabèh tongkat kuwi ing kémah pertemuan ing ngarepé Pethi Kesaksian,*+ yaiku panggonan sing biasané Aku nemoni kowé.+  Tongkaté wong sing Tak pilih+ bakal metu tunasé, lan Aku bakal nggawé wong Israèl, sing protès marang Aku+ lan kowé, ora protès manèh.”+  Terus, Musa nyampèkké omongan kuwi marang wong Israèl. Bar kuwi, kabèh pemimpin mènèhké tongkaté marang Musa, saben pemimpin suku* mènèhké tongkat siji, kabèh jumlahé ana 12 tongkat, lan tongkaté Harun ya ana ing antarané tongkat-tongkat kuwi.  Terus Musa nyimpen kabèh tongkat kuwi ing ngarepé Yéhuwah ing njero kémah sing isiné Kesaksian.  Sésuké, pas Musa mlebu ing kémah sing isiné Kesaksian, jebulé tongkaté Harun kanggo suku Lèwi metu tunasé, kembangé, lan buah almond sing mateng.  Terus, Musa nggawa metu kabèh tongkat kuwi saka ngarepé Yéhuwah lan diduduhké marang kabèh wong Israèl. Wong Israèl padha ndelok kuwi terus njupuk tongkaté dhéwé-dhéwé. 10  Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Balèkna manèh tongkaté Harun+ ing ngarepé Pethi Kesaksian bèn disimpen dadi tandha+ kanggo wong-wong sing mbrontak kuwi,+ supaya wong-wong kuwi ora protès manèh marang Aku lan ora bakal mati.” 11  Musa langsung nindakké kuwi. Dhèwèké nindakké persis kaya préntahé Yéhuwah marang dhèwèké. 12  Terus wong Israèl kandha marang Musa, ”Aku mesthi bakal mati, aku mesthi musnah, aku mesthi mati kabèh! 13  Wong sing nyedhak-nyedhak tabernakelé Yéhuwah mesthi mati!+ Apa aku bakal mati kabèh?”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”saben keluarga pihak bapak”.
Lit.: ”pemimpin keluarga pihak bapak”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.
Lit.: ”keluarga pihak bapak”.