Wilangan 2:1-34

  • Kémah nurut kelompok sing isiné telung suku (1-34)

    • Kelompok Yéhuda ing sisih wétan (3-9)

    • Kelompok Rubèn ing sisih kidul (10-16)

    • Wong Lèwi ana ing tengah (17)

    • Kelompok Éfraim ing sisih kulon (18-24)

    • Kelompok Dan ing sisih lor (25-31)

    • Jumlah wong lanang sing didaftar (32-34)

2  Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun,  ”Wong Israèl kudu kémah ing panggonan sing wis ditentokké ing kelompok sing isiné telung suku,+ nurut bendérané* keluarga pihak bapaké. Wong-wong kuwi kudu kémah ing sak ubengé kémah pertemuan, ngadhep kémah kuwi.  ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Yéhuda bakal kémah ing sisih wétan, ing arah matahari terbit, nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Yéhuda yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab.  Sing kedaftar ing pasukan Yéhuda ana 74.600.+  Suku Isakhar bakal kémah ing sampingé suku Yéhuda. Pemimpiné suku Isakhar yaiku Nétanèl+ anaké Zuar.  Sing kedaftar ing pasukan Isakhar ana 54.400.+  Ing sampingé suku Yéhuda ya ana suku Zébulon. Pemimpiné suku Zébulon yaiku Èliab+ anaké Hélon.  Sing kedaftar ing pasukan Zébulon ana 57.400.+  ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Yéhuda ana 186.400. Wong-wong kuwi kelompok pertama sing kudu mangkat dhisik.+ 10  ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Rubèn+ bakal kémah ing sisih kidul nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Rubèn yaiku Èlizur+ anaké Syédéur. 11  Sing kedaftar ing pasukan Rubèn ana 46.500.+ 12  Suku Siméon bakal kémah ing sampingé suku Rubèn. Pemimpiné suku Siméon yaiku Syélumièl+ anaké Zurisyadai. 13  Sing kedaftar ing pasukan Siméon ana 59.300.+ 14  Ing sampingé suku Rubèn ya ana suku Gad. Pemimpiné suku Gad yaiku Èliasaf+ anaké Réuèl. 15  Sing kedaftar ing pasukan Gad ana 45.650.+ 16  ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Rubèn ana 151.450. Wong-wong kuwi kelompok keloro sing kudu mangkat.+ 17  ”Nèk kémah pertemuané arep dipindhah,+ wong Lèwi kudu ana ing tengah-tengahé kelompok-kelompok liyané. ”Wong Israèl kudu mlaku nurut urutan sing padha kaya nèk pas kémah,+ ing panggonané dhéwé-dhéwé, nurut kelompok sing isiné telung suku. 18  ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Éfraim bakal kémah ing sisih kulon nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Éfraim yaiku Èlisyama+ anaké Amihud. 19  Sing kedaftar ing pasukan Éfraim ana 40.500.+ 20  Suku Manasyé+ bakal kémah ing sampingé suku Éfraim. Pemimpiné suku Manasyé yaiku Gamalièl+ anaké Pédahzur. 21  Sing kedaftar ing pasukan Manasyé ana 32.200.+ 22  Ing sampingé suku Éfraim ya ana suku Bènyamin. Pemimpiné suku Bènyamin yaiku Abidan+ anaké Gidéoni. 23  Sing kedaftar ing pasukan Bènyamin ana 35.400.+ 24  ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Éfraim ana 108.100. Wong-wong kuwi kelompok ketelu+ sing kudu mangkat. 25  ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Dan bakal kémah ing sisih lor nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Dan yaiku Ahièzèr+ anaké Amisyadai. 26  Sing kedaftar ing pasukan Dan ana 62.700.+ 27  Suku Asyèr bakal kémah ing sampingé suku Dan. Pemimpiné suku Asyèr yaiku Pagièl+ anaké Okhran. 28  Sing kedaftar ing pasukan Asyèr ana 41.500.+ 29  Ing sampingé suku Dan ya ana suku Naftali. Pemimpiné suku Naftali yaiku Ahira+ anaké Énan. 30  Sing kedaftar ing pasukan Naftali ana 53.400.+ 31  ”Kabèh sing kedaftar ing kelompok pasukan sing dipimpin suku Dan ana 157.600. Wong-wong kuwi kelompok terakhir+ sing kudu mangkat nurut kelompok sing isiné telung suku.” 32  Kuwi wong-wong Israèl sing kedaftar nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Kabèh sing isa dadi prajurit jumlahé 603.550.+ 33  Ning, wong Lèwi ora didaftar+ bareng karo wong Israèl liyané,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 34  Wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. Ya ngono kuwi carané wong-wong kuwi kémah lan mangkat,+ yaiku nurut kelompok sing isiné telung suku,+ nurut suku lan keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”tandhané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.
Lit.: ”pasukané”.