Wilangan 20:1-29
20 Ing sasi pertama, kabèh wong Israèl tekan ing Padhang Belantara Zin lan manggon ing Kadès.+ Miriam+ mati lan dikubur ing kono.
2 Wektu kuwi ora ana banyu.+ Mula, wong Israèl padha ngumpul nglawan Musa lan Harun.
3 Wong-wong kuwi padu karo Musa+ lan kandha, ”Mendhing aku tak mèlu mati waé wektu sedulur-sedulurku mati ing ngarepé Yéhuwah!
4 Ngapa kowé nggawa jemaaté Yéhuwah menyang padhang belantara iki? Apa bèn aku lan ternakku mati ing kéné?+
5 Ngapa kowé nggawa aku metu saka Mesir menyang panggonan sing ora nyenengké iki?+ Panggonan iki ora isa ditanduri benih, buah ara, tanduran anggur, lan delima. Banyu waé ora ana!”+
6 Terus, Musa lan Harun lunga saka ngarepé jemaat kuwi menyang lawangé kémah pertemuan. Bar kuwi, wong loro kuwi sujud, terus kemuliaané Yéhuwah kétok lan didelok wong loro kuwi.+
7 Terus Yéhuwah kandha marang Musa,
8 ”Jupuken tongkat kuwi, terus kowé lan Harun kakangmu kudu nglumpukké kabèh wong Israèl. Ing ngarepé wong-wong kuwi, kongkonen tebing watu kuwi bèn ngetokké banyu. Terus, banyu bakal metu saka tebing watu kuwi lan kowé bakal mènèhi ngombé wong-wong kuwi lan ternaké.”+
9 Mula, Musa njupuk tongkat kuwi saka ngarepé Yéhuwah,+ kaya sing dipréntahké marang dhèwèké.
10 Bar kuwi, Musa lan Harun nglumpukké jemaat kuwi ing ngarepé tebing watu. Terus Musa kandha, ”Rungokna, hé para pembrontak! Apa aku lan Harun kudu ngetokké banyu saka tebing watu iki kanggo kowé?”+
11 Terus, Musa ngangkat tangané lan nggebug tebing watu mau nganggo tongkaté ping loro. Bar kuwi, banyuné metu akèh banget, terus kabèh wong kuwi lan ternaké padha ngombé.+
12 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun, ”Merga kowé ora nduwé iman marang Aku lan ora nduduhké ing ngarepé bangsa Israèl nèk Aku iki suci, kowé ora bakal nggawa jemaat iki menyang tanah sing arep Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.”+
13 Kuwi Mata Air Mériba,*+ panggonané wong Israèl padu karo Yéhuwah. Ing kono, Gusti Allah nduduhké ing ngarepé wong-wong kuwi nèk Dhèwèké suci.
14 Saka Kadès, Musa ngutus wong marani raja Édom+ kanggo nyampèkké pesen, ”Wong Israèl sedulurmu+ kandha ngéné, ’Njenengan ngerti tenan kabèh kesusahan sing wis tak alami.
15 Mbiyèn, nènèk moyangku lunga menyang Mesir+ lan manggon suwé ing kana.+ Wong Mesir nindhes aku lan nènèk moyangku.+
16 Akhiré aku njaluk tulung marang Yéhuwah+ lan Dhèwèké ngrungokké aku, terus ngutus malaékaté+ lan nggawa aku metu saka Mesir. Saiki aku tekan Kadès, ing perbatasan wilayahé njenengan.
17 Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja.* Aku ora bakal ménggok ngiwa nengen nganti aku metu saka wilayahé njenengan.’”+
18 Ning, raja Édom njawab, ”Kowé ora éntuk liwat ing tanahku. Nèk kowé nékad, aku bakal nyerang kowé nganggo pedhang.”
19 Wong Israèl njawab, ”Aku mung arep liwat ing dalan gedhé. Nèk misalé aku utawa ternakku nganti ngombé banyuné njenengan, mengko bakal tak bayar.+ Aku mung arep liwat thok.”+
20 Ning raja Édom tetep kandha, ”Kowé ora éntuk liwat.”+ Terus raja Édom teka bareng karo pasukané sing gedhé lan kuwat, arep nyerang wong-wong kuwi.
21 Ya ngono kuwi raja Édom ora ngéntukké wong Israèl ngliwati wilayahé. Mula wong Israèl mbalik arah.+
22 Bangsa kuwi, yaiku kabèh wong Israèl, mangkat saka Kadès lan tekan ing Gunung Hor.+
23 Terus Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun ing Gunung Hor, ing perbatasané tanah Édom,
24 ”Harun bakal mati lan dikubur kaya nènèk moyangé.+ Dhèwèké ora bakal mlebu ing tanah sing bakal Tak wènèhké marang wong Israèl, merga kowé lan Harun wis ora manut préntah-Ku ing Mata Air Mériba.+
25 Ajaken Harun lan Èléazar anaké munggah menyang Gunung Hor.
26 Copoten klambi imam sing dienggo Harun+ terus enggokna marang Èléazar anaké.+ Harun bakal mati ing kono.”
27 Musa nindakké persis kaya préntahé Yéhuwah. Wong telu kuwi munggah menyang Gunung Hor, lan kabèh wong Israèl padha ndelok kuwi.
28 Terus, Musa nyopot klambi imam sing dienggo Harun lan nganggokké kuwi marang Èléazar anaké Harun. Bar kuwi, Harun mati ing kana, ing pucuk gunung.+ Terus, Musa lan Èléazar mudhun saka gunung kuwi.
29 Pas kabèh wong Israèl ngerti nèk Harun wis mati, wong-wong kuwi nangisi Harun 30 dina suwéné.+