Wilangan 21:1-35

  • Raja Arad dikalahké (1-3)

  • Ula tembaga (4-9)

  • Israèl ngubengi Moab (10-20)

  • Sihon rajané wong Amori dikalahké (21-30)

  • Og rajané wong Amori dikalahké (31-35)

21  Wektu raja saka Arad,+ yaiku wong Kanaan sing manggon ing Nègèb, krungu nèk wong Israèl wis teka liwat jalur Atarim, dhèwèké nyerang Israèl lan sebagéan wong Israèl didadèkké tawanan.  Mula, wong Israèl janji marang Yéhuwah, ”Nèk Njenengan nggawé aku isa ngalahké bangsa iki, kutha-kuthané wong-wong kuwi mesthi bakal tak singkirké.”  Yéhuwah ngrungokké wong Israèl lan nggawé wong Israèl ngalahké wong Kanaan. Wong Israèl nyingkirké wong-wong kuwi lan kutha-kuthané. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Horma.*+  Saka Gunung Hor,+ wong-wong kuwi mlaku ing dalan sing ngarah menyang Laut Merah bèn ora ngliwati tanah Édom.+ Wong-wong kuwi padha kesel merga perjalanan kuwi.  Wong-wong kuwi protès marang Gusti Allah lan Musa,+ ”Ngapa kowé nggawa aku metu saka Mesir? Apa bèn aku mati ing padhang belantara iki? Ing kéné ora ana panganan lan banyu.+ Aku ya wis bosen* karo roti sing njijiki iki.”+  Mula, Yéhuwah nekakké ula-ula beracun ing antarané wong Israèl. Ula-ula kuwi nyokot wong-wong kuwi nganti akèh sing mati.+  Mula, wong-wong kuwi nemoni Musa lan kandha, ”Aku wis dosa merga wis protès marang Yéhuwah lan kowé.+ Tulung ndongaa marang Yéhuwah bèn nyingkirké ula-ula iki.” Terus Musa ndonga kanggo bangsa kuwi.+  Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Gawéa patung ula beracun lan dèlèhna kuwi ing cagak. Nèk ana sing dicokot, wong kuwi kudu ndelok patung kuwi bèn tetep urip.”  Musa langsung nggawé patung ula saka tembaga+ lan ndèlèhké kuwi ing cagak.+ Nèk ana wong sing dicokot ula lan ndelok patung kuwi, dhèwèké slamet.+ 10  Bar kuwi, wong Israèl mangkat lan kémah ing Obot.+ 11  Saka Obot, wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing Iyé-abarim,+ ing padhang belantara sing madhep Moab ing sisih wétan. 12  Saka kono, wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing Lembah* Zèrèd.+ 13  Terus, saka kono wong-wong kuwi mangkat lan kémah ing wilayah Arnon.+ Arnon kuwi ana ing padhang belantara, sing wilayahé dimulai saka perbatasan wilayahé wong Amori. Arnon kuwi ya perbatasan wilayah Moab, antara wilayahé Moab lan wong Amori. 14  Kuwi sebabé Buku Perangé Yéhuwah nyebutké soal ”Wahèb ing Sufa lan lembah-lembah* ing Arnon, 15  lan lèrèng lembah-lembah.* Lèrèng kuwi ambané nganti tekan Ar lan perbatasan Moab”. 16  Terus, wong-wong kuwi lunga menyang Béèr. Soal sumur iki, Yéhuwah tau kandha marang Musa, ”Klumpukna bangsa kuwi lan Aku bakal mènèhi wong-wong kuwi banyu.” 17  Wektu kuwi, Israèl nyanyi lagu iki,”Hé sumur, tokna banyumu! Ayo nyanyia! 18  Sumur sing digawé para pemimpin, sing digali para bangsawan,Nganggo tongkaté wong-wong kuwi dhéwé, nganggo tongkat kekuasaan.” Terus saka padhang belantara, wong-wong kuwi lunga menyang Matana, 19  saka Matana menyang Nahalièl, saka Nahalièl menyang Bamot.+ 20  Saka Bamot, wong-wong kuwi lunga menyang lembah ing wilayah* Moab,+ ing puncak Pisga,+ sing madhep Yésyimon.*+ 21  Terus wong Israèl ngutus wong nemoni Sihon, rajané wong Amori, kanggo nyampèkké pesen,+ 22  ”Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja* nganti aku metu saka wilayahé njenengan.”+ 23  Ning, Sihon ora ngéntukké wong Israèl ngliwati tanahé. Dhèwèké malah nglumpukké kabèh pasukané terus nyerang Israèl ing padhang belantara. Pas tekan Yahaz, pasukan kuwi perang nglawan Israèl.+ 24  Israèl ngalahké pasukan kuwi nganggo pedhang+ lan ngrebut tanahé,+ saka Arnon+ nganti tekan Yabok,+ ing cedhak wilayahé wong Ammon. Tapi, wilayah sing direbut mung nganti tekan Yazèr+ merga Yazèr kuwi perbatasan wilayahé wong Ammon.+ 25  Mula, wong Israèl ngrebut kabèh kutha kuwi lan mulai manggon ing kabèh kuthané wong Amori,+ ing Hésbon lan kabèh kutha ing sekitaré. 26  Hésbon kuwi kuthané Sihon, rajané wong Amori. Sihon tau perang nglawan raja Moab lan ngrebut kabèh tanahé nganti tekan Arnon. 27  Kuwi sebabé wong-wong nganti nggawé puisi sing ngécé iki, ”Maraa ing Hésbon. Bèn waé wong-wong padha teka terus mbangun lan ngukuhké kuthané Sihon. 28  Geni wis metu saka Hésbon, geni sing murub saka kuthané Sihon. Geni kuwi wis ngobong nganti entèk kutha Ar-Moab, ngobong nganti entèk wong-wong sing nduwé panggonan-panggonan dhuwur* ing Arnon. 29  Cilaka kowé, Moab! Kowé mesthi bakal musnah, hé wong-wong sing nyembah Khémos!+ Dhèwèké wis nggawé anak-anaké lanang dadi buronan, lan anak-anaké wédok dadi tawanané Sihon rajané wong Amori. 30  Ayo wong-wong kuwi dipanah waé;Hésbon bakal ditumpes nganti tekan Dibon;+Ayo dihancurké nganti tekan Nofa;Geni bakal murub nganti tekan Médéba.”+ 31  Mula, wong Israèl mulai manggon ing tanahé wong Amori. 32  Terus, Musa ngutus wong dadi mata-mata ing Yazèr.+ Wong-wong kuwi ngrebut kutha-kutha ing sekitaré lan ngusir wong Amori sing ana ing kono. 33  Sakwisé kuwi, wong-wong kuwi mbalik lan mangkat ngliwati dalan menyang Basyan. Terus, Og+ raja Basyan bareng karo kabèh pasukané mangkat perang nglawan wong-wong kuwi ing Édréi.+ 34  Yéhuwah kandha marang Musa, ”Aja wedi karo dhèwèké+ merga Aku bakal nyerahké dhèwèké, kabèh pasukané, lan tanahé ing tanganmu.+ Kowé bakal ngalahké Og, kaya kowé ngalahké Sihon rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon.”+ 35  Mula, wong-wong kuwi ngalahké dhèwèké, kabèh anaké, lan kabèh pasukané. Ora ana sing slamet.+ Terus, wong-wong kuwi ngrebut tanahé.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Dikhususké kanggo Disingkirké”.
Utawa ”jijik”.
Utawa ”Wadi”.
Utawa ”wadi-wadi”.
Utawa ”wadi-wadi”.
Utawa mungkin ”gurun; padhang belantara”.
Lit.: ”padhang”.
Maksudé dalan gedhé.