Wilangan 25:1-18

  • Wong Israèl dosa merga wong wédok Moab (1-5)

  • Tumindaké Pinéhas (6-18)

25  Pas wong Israèl manggon ing Syitim,+ wong-wong kuwi nindakké hubungan sèks karo wong-wong wédok Moab.+  Wong-wong wédok kuwi ngejak wong Israèl mènèhké korban kanggo allah-allahé.+ Terus, wong Israèl mulai mangan lan sujud nyembah allah-allahé wong Moab.+  Mula wong Israèl mèlu nyembah Baal Péor.+ Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl.  Yéhuwah kandha marang Musa, ”Cekelen kabèh pemimpiné wong-wong kuwi, terus patènana lan gantungen mayaté wong-wong kuwi ing ngarepé Yéhuwah, ing ngarepé kabèh wong,* bèn Yéhuwah ora nesu manèh karo Israèl.”  Terus Musa kandha marang para hakim ing Israèl,+ ”Kowé kudu matèni kabèh wong sing nyembah Baal Péor kuwi.”+  Ning ujug-ujug, ana wong lanang Israèl nggawa wong wédok Midian+ menyang perkémahan, ing ngarepé Musa lan ing ngarepé kabèh wong Israèl sing lagi nangis ing lawangé kémah pertemuan.  Pas Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun ndelok kuwi, dhèwèké langsung lunga saka tengah-tengahé wong Israèl terus njupuk tombak.  Bar kuwi, dhèwèké mlebu ing kémahé wong lanang Israèl kuwi, terus nusuk wong lanang lan wong wédok kuwi. Wong wédok kuwi ditusuk nganti nembus wetengé.* Mula wabah penyakit sing dialami wong Israèl mandheg.+  Sing mati merga wabah kuwi ana 24.000.+ 10  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 11  ”Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun kuwi wis nggawé Aku ora nesu manèh karo wong Israèl, merga dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Aku.+ Kuwi sebabé Aku ora numpes wong Israèl, senajan Aku péngin bèn wong-wong mung nyembah Aku thok.+ 12  Mula, kandhanana Pinéhas nèk Aku bakal nggawé perjanjian damai karo dhèwèké. 13  Merga perjanjian kuwi, dhèwèké lan keturunané bakal dadi imam sakterusé.+ Dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Gusti Allahé+ lan dhèwèké wis nggawé dosané wong Israèl diapura.’” 14  Jenengé wong lanang Israèl sing dipatèni bareng karo wong wédok Midian kuwi Zimri anaké Salu. Zimri kuwi pemimpin keluarga pihak bapaké suku Siméon. 15  Jenengé wong Midian sing dipatèni kuwi Kozbi anaké Zur.+ Zur kuwi pemimpin keluarga pihak bapak ing Midian.+ 16  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 17  ”Serangen lan patènana wong Midian,+ 18  merga wong-wong kuwi wis nglawan kowé nganggo cara sing licik soal Péor+ lan soal Kozbi, anaké wédok pemimpin Midian. Kozbi dipatèni+ pas ana wabah penyakit merga Péor mau.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”wektu awan”.
Lit.: ”bagian kelaminé”.