Wilangan 26:1-65

  • Sènsus keloro kanggo suku-suku Israèl (1-65)

26  Sakwisé wabah penyakit kuwi,+ Yéhuwah kandha marang Musa lan Èléazar, anaké Imam Harun,  ”Étungen jumlahé kabèh wong Israèl sing umuré 20 taun munggah nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Étungen kabèh sing isa dadi prajurit ing Israèl.”+  Mula Musa lan Imam Èléazar+ kandha marang wong Israèl ing Padhang Gurun Moab,+ ing pinggiré Kali Yordan cedhak Yérikho,+  ”Étungen jumlahé kabèh wong sing umuré 20 taun munggah, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.”+ Iki wong-wong Israèl sing metu saka Mesir:  Suku Rubèn+ anak pertamané Israèl; keturunané Rubèn:+ saka Hanokh, keluarga keturunané Hanokh; saka Palu, keluarga keturunané Palu;  saka Hézron, keluarga keturunané Hézron; saka Karmi, keluarga keturunané Karmi.  Kuwi keluarga-keluarga keturunané Rubèn, lan sing kedaftar jumlahé ana 43.730.+  Anaké lanang Palu yaiku Èliab.  Anaké lanang Èliab yaiku Némuèl, Datan, lan Abiram. Datan lan Abiram kuwi wong-wong sing wis dipilih saka kabèh wong Israèl. Wong loro kuwi sing nglawan Musa+ lan Harun bareng karo kelompoké Korah+ wektu wong-wong kuwi nglawan Yéhuwah.+ 10  Terus, tanah kuwi mbelah* lan wong-wong kuwi nyemplung ing kono. Nèk Korah, dhèwèké mati bareng karo para pendukungé pas geni ngobong 250 wong kuwi.+ Sing dialami wong-wong kuwi dadi peringatan.+ 11  Ning anak-anaké lanang Korah ora mati.+ 12  Keturunané Siméon+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Némuèl, keluarga keturunané Némuèl; saka Yamin, keluarga keturunané Yamin; saka Yakhin, keluarga keturunané Yakhin; 13  saka Zérah, keluarga keturunané Zérah; saka Syaul, keluarga keturunané Syaul. 14  Kuwi keluarga-keluarga keturunané Siméon. Jumlahé kabèh ana 22.200.+ 15  Keturunané Gad+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Zéfon, keluarga keturunané Zéfon; saka Hagi, keluarga keturunané Hagi; saka Syuni, keluarga keturunané Syuni; 16  saka Ozni, keluarga keturunané Ozni; saka Èri, keluarga keturunané Èri; 17  saka Arod, keluarga keturunané Arod; saka Arèli, keluarga keturunané Arèli. 18  Kuwi keluarga-keluarga keturunané Gad, lan sing kedaftar jumlahé ana 40.500.+ 19  Anaké lanang Yéhuda+ yaiku Èr lan Onan.+ Ning, Èr lan Onan mati ing tanah Kanaan.+ 20  Keturunané Yéhuda nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Syéla,+ keluarga keturunané Syéla; saka Pèrèz,+ keluarga keturunané Pèrèz; saka Zérah,+ keluarga keturunané Zérah. 21  Keturunané Pèrèz: Saka Hézron,+ keluarga keturunané Hézron; saka Hamul,+ keluarga keturunané Hamul. 22  Kuwi keluarga-keluarga Yéhuda, lan sing kedaftar jumlahé ana 76.500.+ 23  Keturunané Isakhar+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Tola,+ keluarga keturunané Tola; saka Puwa, keluarga keturunané Puni; 24  saka Yasyub, keluarga keturunané Yasyub; saka Syimron, keluarga keturunané Syimron. 25  Kuwi keluarga-keluarga Isakhar, lan sing kedaftar jumlahé ana 64.300.+ 26  Keturunané Zébulon+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Sèrèd, keluarga keturunané Sèrèd; saka Élon, keluarga keturunané Élon; saka Yahléèl, keluarga keturunané Yahléèl. 27  Kuwi keluarga-keluarga keturunané Zébulon, lan sing kedaftar jumlahé ana 60.500.+ 28  Keturunané Yusuf+ nurut keluargané wong-wong kuwi yaiku Manasyé lan Éfraim.+ 29  Keturunané Manasyé:+ Saka Makhir,+ keluarga keturunané Makhir; Makhir kuwi bapaké Giléad;+ saka Giléad, keluarga keturunané Giléad. 30  Iki keturunané Giléad: Saka Ièzèr, keluarga keturunané Ièzèr; saka Hèlèk, keluarga keturunané Hèlèk; 31  saka Asrièl, keluarga keturunané Asrièl; saka Syikhèm, keluarga keturunané Syikhèm; 32  saka Syémida, keluarga keturunané Syémida; saka Hèfèr, keluarga keturunané Hèfèr. 33  Zéloféhad anaké lanang Hèfèr ora nduwé anak lanang, mung nduwé anak wédok.+ Jenengé anak-anaké Zéloféhad+ yaiku Mahla, Noa, Hogla, Milka, lan Tirza. 34  Kuwi keluarga-keluarga Manasyé, lan sing kedaftar jumlahé ana 52.700.+ 35  Iki keturunané Éfraim+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Syutéla,+ keluarga keturunané Syutéla; saka Bèkhèr, keluarga keturunané Bèkhèr; saka Tahan, keluarga keturunané Tahan. 36  Iki keturunané Syutéla: Saka Éran, keluarga keturunané Éran. 37  Kuwi keluarga-keluarga keturunané Éfraim, lan sing kedaftar jumlahé ana 32.500.+ Kuwi keturunané Yusuf nurut keluargané wong-wong kuwi. 38  Keturunané Bènyamin+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Béla,+ keluarga keturunané Béla; saka Asbèl, keluarga keturunané Asbèl; saka Ahiram, keluarga keturunané Ahiram; 39  saka Syéfufam, keluarga keturunané Syéfufam; saka Hufam, keluarga keturunané Hufam. 40  Keturunané Béla yaiku Arèd lan Naaman:+ Saka Arèd, keluarga keturunané Arèd; saka Naaman, keluarga keturunané Naaman. 41  Kuwi keturunané Bènyamin nurut keluargané wong-wong kuwi, lan sing kedaftar jumlahé ana 45.600.+ 42  Iki keturunané Dan+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Syuham, keluarga keturunané Syuham. Kuwi keluarga-keluargané Dan nurut keluargané wong-wong kuwi. 43  Sing kedaftar saka kabèh keluargané Syuham jumlahé ana 64.400.+ 44  Keturunané Asyèr+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Imnah, keluarga keturunané Imnah; saka Iswi, keluarga keturunané Iswi; saka Béria, keluarga keturunané Béria; 45  saka keturunané Béria: Saka Hèbèr, keluarga keturunané Hèbèr; saka Malkhièl, keluarga keturunané Malkhièl. 46  Anaké wédok Asyèr jenengé Sérah. 47  Kuwi keluarga-keluarga keturunané Asyèr, lan sing kedaftar jumlahé ana 53.400.+ 48  Keturunané Naftali+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Yahzéèl, keluarga keturunané Yahzéèl; Saka Guni, keluarga keturunané Guni; 49  saka Yèzèr, keluarga keturunané Yèzèr; saka Syilèm, keluarga keturunané Syilèm. 50  Kuwi keluarga-keluargané Naftali nurut keluargané wong-wong kuwi, lan sing kedaftar jumlahé ana 45.400.+ 51  Jumlahé kabèh wong Israèl sing kedaftar ana 601.730.+ 52  Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Musa, 53  ”Tanah kuwi kudu mbok bagi-bagi dadi warisan sesuai karo jeneng-jeneng* sing wis kedaftar.+ 54  Kanggo kelompok sing luwih gedhé, tambahana warisané. Kanggo kelompok sing luwih cilik, kurangana warisané.+ Warisan saben kelompok kudu diwènèhké sesuai jumlahé wong sing kedaftar. 55  Ning, tanah kuwi kudu dibagi nganggo cara diundhi.+ Wong-wong kuwi kudu nampa warisan sesuai karo sukuné nènèk moyangé. 56  Saben warisan bakal ditentokké nganggo cara diundhi, lan dibagi marang saben kelompok, embuh kuwi kelompok sing gedhé utawa sing cilik.” 57  Iki wong-wong sing kedaftar saka keturunané Lèwi+ nurut keluargané wong-wong kuwi: Saka Gèrsyon, keluarga keturunané Gèrsyon; saka Kohat,+ keluarga keturunané Kohat; saka Mérari, keluarga keturunané Mérari. 58  Iki keluarga-keluarga keturunané Lèwi: keluarga keturunané Libni,+ keluarga keturunané Hébron,+ keluarga keturunané Mahli,+ keluarga keturunané Musyi,+ keluarga keturunané Korah.+ Kohat kuwi bapaké Amram.+ 59  Bojoné Amram jenengé Yokhèbèd,+ anaké Lèwi sing lair ing Mesir. Terus, Yokhèbèd nglairké Harun, Musa, lan Miriam. Miriam+ kuwi mbakyuné Harun lan Musa. 60  Harun nduwé anak jenengé Nadab, Abihu, Èléazar, lan Itamar.+ 61  Ning, Nadab lan Abihu mati merga mènèhké persembahan* marang Yéhuwah sing ora sesuai karo hukum.+ 62  Jumlahé kabèh wong lanang saka suku Lèwi sing umuré sesasi munggah sing kedaftar ana 23.000.+ Wong-wong kuwi ora didaftar bareng karo wong Israèl liyané,+ merga ing antarané wong Israèl, wong-wong kuwi ora éntuk jatah warisan.+ 63  Kuwi wong-wong sing didaftar Musa lan Èléazar pas wong Israèl diétung ing Padhang Gurun Moab, ing pinggir Kali Yordan cedhak Yérikho. 64  Ning, wong-wong sing diétung Musa lan Harun ing Padhang Belantara Sinai ora ana ing antarané wong-wong kuwi.+ 65  Yéhuwah wis tau kandha, ”Wong-wong kuwi* bakal mati ing padhang belantara.”+ Mula, saka antarané wong-wong kuwi, sing isih urip mung Kalèb anaké Yéfuné lan Yosua anaké Nun.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”bumi mbukak cangkemé”.
Utawa ”jumlahé wong”.
Lit.: ”geni”.
Maksudé, wong-wong sing diétung ing Padhang Belantara Sinai.