Wilangan 3:1-51

  • Anak-anaké lanang Harun (1-4)

  • Wong Lèwi dipilih kanggo nglayani (5-39)

  • Tebusan kanggo anak pertama (40-51)

3  Iki keturunané Harun lan Musa wektu Yéhuwah kandha marang Musa ing Gunung Sinai.+  Iki jenengé anak-anaké lanang Harun: Sing pertama jenengé Nadab, terus Abihu,+ Èléazar,+ lan Itamar.+  Kuwi jenengé anak-anaké lanang Harun. Wong-wong kuwi wis dilantik lan diangkat kanggo nglayani dadi imam.+  Ning, pas ana ing Padhang Belantara Sinai, Nadab lan Abihu mati ing ngarepé Yéhuwah+ wektu mènèhké persembahan* marang Yéhuwah sing ora sesuai karo hukum. Wong loro kuwi ya ora nduwé anak. Tapi, Èléazar+ lan Itamar+ terus nglayani dadi imam bareng karo Harun bapaké.  Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kongkonen wong Lèwi+ maju lan ngadeg ing ngarepé Imam Harun. Wong Lèwi bakal dadi pelayané+ Harun.  Wong Lèwi kudu nindakké tanggung jawabé marang Harun lan marang kabèh wong Israèl ing ngarepé kémah pertemuan nganggo cara nglayani ing tabernakel.  Wong Lèwi kudu ngurusi kabèh perlengkapan+ kémah pertemuan lan nindakké tanggung jawabé marang wong Israèl nganggo cara nglayani ing tabernakel.+  Kowé kudu mènèhké wong Lèwi marang Harun lan anak-anaké lanang. Saka antarané wong Israèl, wong-wong kuwi wis ditugaské mbantu Harun.+ 10  Kowé kudu nglantik Harun lan anak-anaké lanang kanggo nindakké tugas dadi imam.+ Wong sing nyedhak ing panggonan suci padahal dhèwèké dudu imam* kudu dipatèni.”+ 11  Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 12  ”Aku wis milih wong Lèwi saka antarané wong Israèl bèn dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ Wong Lèwi bakal dadi duwèk-Ku. 13  Kabèh anak pertama kuwi duwèk-Ku.+ Wektu Aku matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+ Aku misahké* kabèh anak pertama ing Israèl kanggo Aku, embuh kuwi anak pertamané manungsa utawa kéwan.+ Kuwi kabèh bakal dadi duwèk-Ku. Aku iki Yéhuwah.” 14  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa ing Padhang Belantara Sinai,+ 15  ”Daftaren kabèh wong lanang saka keturunané Lèwi nurut suku lan keluarga pihak bapaké. Sing umuré sesasi munggah kudu mbok daftar.”+ 16  Terus, Musa ndaftar wong-wong kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 17  Iki jenengé anak-anaké lanang Lèwi: Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+ 18  Anak-anaké lanang Gèrsyon yaiku Libni lan Syiméi.+ Jenengé wong loro kuwi dadi jeneng keluarga kanggo keturunané wong-wong kuwi. 19  Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar, Hébron, lan Uzièl.+ Jenengé wong papat kuwi dadi jeneng keluarga kanggo keturunané wong-wong kuwi. 20  Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli+ lan Musyi.+ Jenengé wong loro kuwi dadi jeneng keluarga kanggo keturunané wong-wong kuwi. Iki keluarga-keluargané suku Lèwi nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. 21  Saka keturunané Gèrsyon: Keluarga Libni+ lan keluarga Syiméi. Kuwi keluarga-keluarga keturunané Gèrsyon. 22  Kabèh wong lanang sing umuré sesasi munggah sing kedaftar ana 7.500.+ 23  Kabèh keluarga keturunané Gèrsyon kémah ing mburiné tabernakel,+ ing sisih kulon. 24  Pemimpin keluarga pihak bapak keturunané Gèrsyon yaiku Èliasaf anaké Laèl. 25  Tugasé keturunané Gèrsyon+ ing kémah pertemuan yaiku ngurus tabernakel,+ termasuk kabèh penutupé,+ kordhèn+ kanggo lawang kémah pertemuan, 26  kordhèn kanggo halaman,+ kordhèn+ kanggo gerbang halaman, yaiku sing ngubengi tabernakel lan mézbah, tali-tali kémah, lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh. 27  Saka keturunané Kohat: Keluargané Amram, keluargané Izhar, keluargané Hébron, lan keluargané Uzièl. Kuwi keluarga-keluarga keturunané Kohat.+ 28  Kabèh wong lanang sing umuré sesasi munggah ana 8.600. Wong-wong kuwi tugasé ngurus panggonan suci.+ 29  Kabèh keluarga keturunané Kohat kémah ing kidulé tabernakel.+ 30  Pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh keluarga keturunané Kohat yaiku Èlizafan anaké Uzièl.+ 31  Tugasé wong-wong kuwi yaiku ngurusi Pethi,+ méja,+ wadhah lampu,+ mézbah-mézbah,+ kabèh perlengkapan sing digunakké+ ing panggonan suci, kordhèn,+ lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh.+ 32  Pemimpiné wong Lèwi yaiku Èléazar+ anaké lanang Imam Harun. Èléazar ngawasi kabèh wong sing éntuk tugas ngurusi panggonan suci. 33  Saka keturunané Mérari: Keluargané Mahli lan keluargané Musyi. Kuwi keluarga-keluarga keturunané Mérari.+ 34  Kabèh wong lanang sing umuré sesasi munggah sing kedaftar ana 6.200.+ 35  Pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh keluarga keturunané Mérari yaiku Zurièl anaké Abihail. Wong-wong kuwi kémah ing sisih loré tabernakel.+ 36  Tugasé keturunané Mérari yaiku ngurusi rangkané tabernakel,+ palang-palangé,+ cagak-cagaké,+ alasé, kabèh perlengkapané,+ lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh,+ 37  termasuk kabèh cagak pembatas halaman lan alasé,+ pathok-pathoké kémah, lan tali-tali kémah. 38  Musa, Harun, lan anak-anaké lanang Harun kémah ing ngarepé tabernakel ing sisih wétan, yaiku ing ngarepé kémah pertemuan, ing arah matahari terbit. Tugasé wong-wong kuwi yaiku ngurusi panggonan suci. Kuwi kewajibané wong-wong kuwi kanggo wong Israèl. Wong sing nyedhak ing panggonan suci padahal dhèwèké dudu imam* kudu dipatèni.+ 39  Kabèh wong lanang saka suku Lèwi sing umuré sesasi munggah didaftar karo Musa lan Harun nurut keluargané, kaya sing dipréntahké Yéhuwah. Jumlahé kabèh ana 22.000. 40  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, ”Daftaren kabèh anak pertamané wong Israèl sing umuré sesasi munggah,+ étungen wong-wong kuwi, lan gawénen daftar jenengé wong-wong kuwi. 41  Pisahna wong Lèwi kanggo Aku dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ Pisahna ternaké wong Lèwi dadi gantiné kabèh anak pertama ternaké wong Israèl.+ Aku iki Yéhuwah.” 42  Terus, Musa ndaftar kabèh anak pertamané wong Israèl kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 43  Kabèh anak pertama sing umuré sesasi munggah sing jenengé wis kedaftar jumlahé ana 22.273. 44  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa, 45  ”Pisahna wong Lèwi dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl. Pisahna ternaké wong Lèwi dadi gantiné kabèh anak pertama ternaké wong Israèl. Wong Lèwi kudu dadi duwèk-Ku. Aku iki Yéhuwah. 46  Jumlah anak pertamané wong Israèl luwih akèh timbang jumlahé wong Lèwi,+ selisihé ana 273 wong. Mula, kanggo nebus+ wong-wong kuwi, 47  kowé kudu nglumpukké limang syèkel* kanggo saben wong+ nurut syèkel* panggonan suci. Sak syèkel padha karo 20 géra.*+ 48  Kowé kudu mènèhké dhuwit kuwi marang Harun lan anak-anaké lanang dadi rega tebusané wong 273 mau.” 49  Mula, Musa nglumpukké dhuwit kanggo nebus wong-wong sing jumlahé luwih akèh timbang wong Lèwi mau. 50  Saka kabèh anak pertamané wong Israèl, Musa nampa dhuwit 1.365 syèkel nurut syèkel* panggonan suci. 51  Terus, Musa mènèhké dhuwit tebusan kuwi marang Harun lan anak-anaké lanang sesuai karo omongané Yéhuwah, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”geni”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
Utawa ”nyucèkké”.
Lit.: ”wong asing”, maksudé wong sing dudu keluargané Harun.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
1 géra = 0,57 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.