Wilangan 32:1-42

  • Panggonan ing sisih wétané Yordan (1-42)

32  Keturunané Rubèn+ lan keturunané Gad+ nduwé ternak akèh banget. Wong-wong kuwi ndelok nèk wilayah Yazèr+ lan Giléad cocog kanggo ngingu ternak.  Mula, wong-wong kuwi nemoni Musa, Imam Èléazar, lan para pemimpiné bangsa kuwi, terus kandha,  ”Atarot, Dibon, Yazèr, Nimra, Hésbon,+ Éléalé, Sébam, Nébo,+ lan Béon+  kuwi wilayah sing dikalahké Yéhuwah kanggo wong Israèl.+ Kabèh wilayah kuwi cocog kanggo ngingu ternak, lan para abdimu iki nduwé akèh ternak.”+  Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Nèk éntuk, wilayah kuwi mbok diwènèhké aku, lan aku aja dikongkon nyabrang Kali Yordan.”  Terus Musa kandha marang keturunané Gad lan keturunané Rubèn, ”Sedulur-sedulurmu arep perang, mosok kowé tetep ing kéné?  Ngapa kok kowé nggawé wong Israèl dadi ora semangat kanggo nyabrang menyang tanah sing mesthi bakal diwènèhké Yéhuwah marang wong-wong kuwi?  Kuwi sing ditindakké nènèk moyangmu pas aku ngongkon wong-wong kuwi saka Kadès-barnéa kanggo ngamati tanah kuwi.+  Pas wong-wong kuwi munggah ing Lembah* Èskol+ lan ndelok tanah kuwi, wong-wong kuwi nggawé wong Israèl dadi ora semangat nganti wong Israèl ora gelem mlebu menyang tanah sing arep diwènèhké Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+ 10  Yéhuwah nesu lan sumpah,+ 11  ’Kabèh wong sing metu saka Mesir, sing umuré 20 taun munggah, ora bakal ndelok tanah+ sing wis Tak janjèkké nganggo sumpah marang Abraham, Ishak, lan Yakub,+ merga wong-wong kuwi ora saktulusé ati manut karo Aku. 12  Ning Kalèb+ anaké Yéfuné, wong Kénaz kuwi, lan Yosua+ anaké Nun ora termasuk ing antarané wong-wong kuwi, merga wong loro kuwi saktulusé ati manut karo Yéhuwah.’+ 13  Wektu kuwi Yéhuwah nesu banget marang wong Israèl lan Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi dadi pengembara ing padhang belantara 40 taun+ suwéné nganti kabèh wong* sing nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah entèk kabèh.+ 14  Kelakuanmu kuwi kaya nènèk moyangmu. Kowé dadi kaya komplotané wong dosa sing nggawé Yéhuwah nesu banget marang kabèh wong Israèl. 15  Nèk kowé ora manut karo Gusti Allah, Dhèwèké mesthi bakal ninggalké bangsa iki manèh ing padhang belantara. Kowé bakal nggawé bangsa iki disingkirké.” 16  Bar kuwi, wong-wong kuwi nemoni Musa lan kandha, ”Nèk éntuk, aku arep nggawé kandhang-kandhang watu kanggo ternakku lan kutha-kutha kanggo anak-anakku ing kéné. 17  Aku bakal tetep maju perang.+ Aku bakal maju ing ngarepé wong Israèl nganti kabèh wong Israèl tak gawa menyang panggonané. Ning, anak-anakku bèn manggon ing kéné waé, ing kutha-kutha sing ana bèntèngé, supaya aman saka penduduk ing tanah kuwi. 18  Aku ora bakal mulih nèk wong Israèl durung éntuk tanah warisané dhéwé-dhéwé.+ 19  Aku ora arep nampa tanah warisan bareng wong-wong kuwi sing ana ing sabrangé Kali Yordan merga aku wis nampa tanah warisan ing sisih wétané Kali Yordan iki.”+ 20  Musa njawab, ”Nèk ngono, kowé kudu ngéné: Siap-siapa perang kaya sing dipréntahké Yéhuwah,+ 21  lan sabrangana Kali Yordan terus peranga kanggo Yéhuwah. Wektu Gusti Allah ngusir mungsuh-mungsuhé saka ngarepé+ 22  lan tanah kuwi mbok kalahké nganggo bantuané Yéhuwah,+ kowé lagi éntuk bali.+ Dadi, kowé bébas saka kesalahan marang Yéhuwah lan Israèl. Sakwisé kuwi, wilayah iki bakal dadi wilayah sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé.+ 23  Ning, nèk kowé ora nindakké kaya ngono kuwi, kowé dosa marang Yéhuwah lan bakal nanggung akibaté. 24  Kowé éntuk mbangun kutha-kutha kanggo anak-anakmu lan kandhang-kandhang kanggo ternakmu,+ ning kowé kudu nepati janjimu.” 25  Terus keturunané Gad lan keturunané Rubèn njawab, ”Para abdimu iki bakal nindakké persis kaya sing njenengan préntahké. 26  Anak-anakku, bojoku, ternakku, lan kabèh kéwan peliharaanku bakal manggon ing kana, ing kutha-kutha ing Giléad.+ 27  Ning, kabèh abdimu iki bakal nyabrang Kali Yordan lan siap perang ing ngarepé Yéhuwah,+ kaya sing njenengan préntahké.” 28  Mula, Musa mènèhi préntah marang Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl. 29  Musa kandha, ”Nèk kabèh keturunané Gad lan keturunané Rubèn nyabrang Kali Yordan lan siap perang ing ngarepé Yéhuwah bareng kowé, terus tanah kuwi dikalahké ing ngarepmu, kowé kudu mènèhké wilayah Giléad kanggo wong-wong kuwi.+ 30  Ning, nèk wong-wong kuwi ora siap perang lan ora nyabrang bareng kowé, wong-wong kuwi kudu manggon bareng kowé ing tanah Kanaan.” 31  Keturunané Gad lan keturunané Rubèn njawab, ”Para abdimu iki bakal nindakké apa sing dipréntahké Yéhuwah. 32  Aku siap perang lan bakal nyabrang menyang tanah Kanaan+ bèn isa perang kanggo Yéhuwah, ning tanah warisanku tetep ing sisih wétané Kali Yordan iki.” 33  Mula Musa mènèhké kerajaan Sihon,+ rajané wong Amori, lan kerajaan Og,+ raja Basyan, yaiku tanah sing ana ing kutha-kutha ing wilayah kuwi lan kutha-kutha sekitaré, marang keturunané Gad, keturunané Rubèn,+ lan setengahé suku Manasyé+ anaké Yusuf. 34  Terus, keturunané Gad mbangun* Dibon,+ Atarot,+ Aroèr,+ 35  Atrot-syofan, Yazèr,+ Yogbéha,+ 36  Bèt-nimra+ lan Bèt-haran,+ yaiku kutha-kutha sing ana bèntèngé. Wong-wong kuwi ya nggawé kandhang-kandhang watu kanggo ternaké. 37  Keturunané Rubèn mbangun Hésbon,+ Éléalé,+ Kiriataim,+ 38  Nébo,+ Baal-méon,+ (jeneng-jenengé wis diganti) lan Sibma. Wong-wong kuwi mulai ngganti jenengé kutha-kutha sing dibangun manèh. 39  Keturunané Makhir+ anaké Manasyé nyerang lan ngrebut Giléad, terus ngusir wong-wong Amori sing manggon ing kono. 40  Mula Musa mènèhké Giléad marang keturunané Makhir anaké Manasyé, terus wong-wong kuwi manggon ing kono.+ 41  Yair keturunané Manasyé nyerang lan ngrebut perkémahané Giléad, terus njenengi kuwi Hawot-yair.*+ 42  Nobah nyerang lan ngrebut Kénat karo kutha-kutha ing sekitaré lan njenengi kuwi Nobah kaya jenengé dhéwé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Wadi”.
Lit.: ”generasi”.
Utawa ”mbangun manèh”.
Artiné ”Kampung-Kampung Perkémahan Yair”.