Wilangan 34:1-29

  • Batas-batasé Kanaan (1-15)

  • Wong-wong lanang ditugasi kanggo mbagi-mbagi negara (16-29)

34  Terus Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Wektu kowé mlebu menyang tanah Kanaan,+ yaiku tanah sing bakal Tak wènèhké marang kowé, iki batas-batasé tanah kuwi.+  ”’Batas sisih kidul dimulai saka Padhang Belantara Zin ing sepanjang wilayahé Édom lan batas sisih kidul sing paling wétan yaiku ujung Laut Garam.*+  Batas wilayah kidul kuwi bakal ménggok ngidul menyang Tanjakan Akrabim+ nganti tekan Zin lan mentog ing kidulé Kadès-barnéa.+ Batasé isih terus tekan Hazar-adar+ nganti Azmon.  Ing Azmon, batasé bakal ménggok menyang Wadi* Mesir, lan mentog ing Laut.*+  ”’Batas sisih kulon yaiku Laut Besar* lan pantainé. Kuwi batas wilayahmu sisih kulon.+  ”’Iki batas sisih lor wilayahmu: Saka Laut Besar terus nganti tekan Gunung Hor.  Saka Gunung Hor, terus nganti tekan Lébo-Hamat*+ lan mentog ing Zédad.+  Batesé isih terus tekan Zifron lan mentog ing Hazar-énan.+ Kuwi batas wilayahmu sisih lor. 10  ”’Terus ing sisih wétan, batasé saka Hazar-énan nganti tekan Syéfam. 11  Saka Syéfam, batasé isih terus tekan Ribla, tekan sisih wétan Ain, lan mudhun nganti tekan lèrèng wétan Laut Khinèrèt.*+ 12  Batasé isih terus tekan Kali Yordan lan mentog ing Laut Garam.+ Kuwi sing bakal dadi tanahmu+ lan batas-batas ing sekitaré.’” 13  Terus Musa kandha marang wong Israèl, ”Kuwi tanah sing kudu mbok bagi-bagi dadi duwèkmu nganggo cara diundhi.+ Kaya sing dipréntahké Yéhuwah, kuwi bakal diwènèhké marang sanga setengah suku. 14  Suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé wis padha nampa tanah warisané dhéwé-dhéwé.+ 15  Loro setengah suku kuwi wis padha nampa tanah warisané, yaiku ing sisih wétané Yordan ing cedhak Yérikho, ing arah matahari terbit.”+ 16  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 17  ”Jenengé wong-wong lanang sing bakal mbagi-mbagi tanah kuwi bèn dadi duwèkmu yaiku Imam Èléazar+ lan Yosua+ anaké Nun. 18  Terus saka saben suku, pilihen pemimpin siji kanggo mbagi-mbagi tanah kuwi dadi warisanmu.+ 19  Iki jenengé wong-wong lanang kuwi: Saka suku Yéhuda,+ Kalèb+ anaké Yéfuné; 20  saka suku Siméon,+ Syémuèl anaké Amihud; 21  saka suku Bènyamin,+ Èlidad anaké Khislon; 22  saka suku Dan,+ sing dadi pemimpin, Buki anaké Yogli; 23  saka keturunané Yusuf,+ saka suku Manasyé,+ sing dadi pemimpin, Hanièl anaké Éfod; 24  saka suku Éfraim,+ sing dadi pemimpin, Kémuèl anaké Syiftan; 25  saka suku Zébulon,+ sing dadi pemimpin, Èlizafan anaké Parnakh; 26  saka suku Isakhar,+ sing dadi pemimpin, Paltièl anaké Azan; 27  saka suku Asyèr,+ sing dadi pemimpin, Ahihud anaké Syélomi; 28  lan saka suku Naftali,+ sing dadi pemimpin, Pédahèl anaké Amihud.” 29  Kuwi wong-wong lanang sing dipréntahké Yéhuwah kanggo mbagi-mbagi tanah ing tanah Kanaan marang wong Israèl.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Laut Mati.
Maksudé, Laut Tengah.
Maksudé, Laut Tengah.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Maksudé, Danau Génésarèt, utawa Laut Galiléa.