Wilangan 35:1-34

  • Kutha-kuthané wong Lèwi (1-8)

  • Kutha perlindungan (9-34)

35  Yéhuwah kandha manèh marang Musa ing Padhang Gurun Moab, ing pinggiré Kali Yordan+ cedhak Yérikho,  ”Préntahna wong Israèl bèn mènèhké sebagéan kutha sing wis dadi warisané supaya dienggoni wong Lèwi.+ Wong-wong kuwi ya kudu mènèhké padhang rumput ing sekitaré kutha-kutha+ kuwi marang wong Lèwi.  Wong Lèwi bakal manggon ing kutha-kutha kuwi, lan padhang rumputé kanggo ternak, barang-barang, lan kabèh kéwan liyané.  Padhang-padhang rumput sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi ambané 1.000 hasta,* diétung saka témbok ing sak ubengé kutha.  Saka njaba kutha ing sisih wétan ukuren 2.000 hasta, sisih kidul 2.000 hasta, sisih kulon 2.000 hasta lan ing sisih lor ya 2.000 hasta. Kuthané ana ing tengah. Kuwi sing bakal dadi padhang rumputé kutha-kuthané wong-wong kuwi.  ”Kutha-kutha sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi yaiku 6 kutha perlindungan,+ supaya wong sing ora sengaja matèni wong liya isa mlayu mrana.+ Sakliyané kuwi, wènèhna 42 kutha liyané.  Dadi, jumlahé kutha sing kudu mbok wènèhké wong Lèwi kuwi ana 48 kutha karo padhang-padhang rumputé.+  Kutha-kutha sing mbok wènèhké kudu dijupuk saka duwèké wong Israèl.+ Saka kelompok sing luwih gedhé jupuken sing akèh, saka kelompok sing luwih cilik jupuken sithik.+ Saben kelompok kudu mènèhké kutha-kuthané marang wong Lèwi sesuai karo warisan sing ditampa.”  Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 10  ”Wong Israèl kandhanana ngéné, ’Kowé bakal nyabrang Kali Yordan menyang tanah Kanaan.+ 11  Pilihen kutha-kutha sing menurutmu cocog dadi kutha perlindungan. Nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya, wong kuwi isa mlayu mrana.+ 12  Kutha-kutha kuwi bakal dadi panggonan perlindungan saka wong sing nduwé hak kanggo mbales,+ bèn wong sing matèni kuwi ora dipatèni sakdurungé diadili ing ngarepé kabèh wong Israèl.+ 13  Kuwi tujuané enem kutha perlindungan sing mbok sedhiakké. 14  Sedhiakna kutha-kutha bèn dadi kutha perlindungan, telung kutha ing sisih wétan Kali Yordan+ iki lan telung kutha ing tanah Kanaan.+ 15  Enem kutha kuwi bakal dadi panggonan perlindungan kanggo wong Israèl, penduduk asing,+ lan penduduk sementara ing antarané wong-wong kuwi, bèn sapa waé sing ora sengaja matèni+ wong liya isa mlayu mrana. 16  ”’Ning nèk dhèwèké nggebug wong liya nganggo barang saka wesi nganti mati, dhèwèké kuwi pembunuh. Pembunuh kudu dipatèni.+ 17  Nèk dhèwèké mbandhem* wong liya nganggo watu sing isa nyebabké wong dadi mati, lan wong kuwi mati, dhèwèké kuwi pembunuh. Pembunuh kudu dipatèni. 18  Nèk dhèwèké nggebug wong liya nganggo barang saka kayu sing isa nyebabké wong dadi mati, lan wong kuwi mati, dhèwèké kuwi pembunuh. Pembunuh kudu dipatèni. 19  ”’Wong sing nduwé hak kanggo mbales kuwi sing kudu matèni pembunuh mau. Pas ketemu pembunuh mau, wong sing nduwé hak kanggo mbales kudu matèni pembunuh mau. 20  Nèk ana sing njorokké wong liya merga sengit utawa mbandhem*+ wong liya merga nduwé maksud jahat lan wong kuwi mati, 21  utawa nèk ana sing njotos wong liya nganti wong kuwi mati merga sengit karo wong kuwi, dhèwèké kudu dipatèni. Dhèwèké kuwi pembunuh. Wong sing nduwé hak kanggo mbales kudu matèni pembunuh kuwi pas ketemu dhèwèké. 22  ”’Ning, nèk dhèwèké njorokké wong kuwi tanpa sengaja lan ora merga sengit, utawa dhèwèké mbandhem* wong kuwi lan ora nduwé maksud jahat,+ 23  utawa nèk dhèwèké nibakké watu terus watu kuwi nibani wong merga dhèwèké ora ndelok wong kuwi terus wong kuwi mati, ning dhèwèké ora nduwé maksud nyilakani lan wong sing mati kuwi ya dudu mungsuhé, 24  wong Israèl kudu ngadili dhèwèké lan wong sing nduwé hak kanggo mbales, nurut peraturan-peraturan iki.+ 25  Wong Israèl kudu nylametké pembunuh kuwi saka wong sing nduwé hak kanggo mbales, terus nggawa pembunuh kuwi bali menyang kutha perlindungan, yaiku panggonané berlindung. Pembunuh kuwi kudu manggon ing kono nganti imam agung sing dilantik nganggo minyak suci mati.+ 26  ”’Ning nèk pembunuh kuwi metu saka batas kutha perlindungan, yaiku panggonané berlindung, 27  lan ketemu karo wong sing nduwé hak kanggo mbales ing njaba batas kutha perlindungan, terus wong sing nduwé hak kanggo mbales mau matèni pembunuh kuwi, wong sing nduwé hak kanggo mbales kuwi ora utang getih. 28  Pembunuh kuwi kudu manggon ing kutha perlindungan nganti imam agung mati. Ning, sakwisé imam agung mati, pembunuh mau olèh bali menyang tanahé dhéwé.+ 29  Kuwi kabèh kudu dadi hukum kanggo kowé lan keturunanmu, ing endi waé kowé manggon. 30  ”’Nèk ana seksi luwih saka siji sing mbuktèkké+ nèk ana wong sing matèni wong liya, pembunuh+ kuwi kudu dipatèni. Ning nèk seksiné mung siji, wong kuwi ora éntuk dipatèni. 31  Aja nampa tebusan kanggo nyawané pembunuh sing pantes mati merga dhèwèké kudu dipatèni.+ 32  Aja nampa tebusan kanggo wong sing mlayu menyang kutha perlindungan, yaiku tebusan supaya dhèwèké éntuk bali menyang tanahé sakdurungé imam agung mati. 33  ”’Aja nggawé najis tanah sing mbok enggoni, merga getih nggawé tanah dadi najis,+ lan tanah ora isa disucèkké* saka getih sing wis diwutahké kecuali nganggo getihé wong sing ngutahké kuwi.+ 34  Aja nggawé najis tanah sing mbok enggoni, yaiku tanah sing Tak enggoni. Merga Aku, Yéhuwah, ana ing tengah-tengahé wong Israèl.’”+

Katrangan Tambahan

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalang”.
Utawa ”mbalang”.
Utawa ”mbalang”.
Lit.: ”lan tanah ora bakal diapura”.