Wilangan 6:1-27

  • Janji khusus arep dadi wong Nazir (1-21)

  • Imam mberkahi wong Israèl (22-27)

6  Terus Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang utawa wong wédok sing nggawé janji khusus arep dadi wong Nazir*+ kanggo Yéhuwah,  wong kuwi ora éntuk ngombé anggur lan minuman keras liyané. Wong kuwi ya ora éntuk ngombé cuka anggur utawa cuka apa waé sing digawé saka minuman keras.+ Wong kuwi ora éntuk ngombé minuman apa waé sing digawé saka buah anggur, lan ora éntuk mangan buah anggur, embuh kuwi sing isih seger utawa sing wis dikeringké.  Saksuwéné dadi wong Nazir, wong kuwi ora éntuk mangan apa waé sing dihasilké saka wit anggur, embuh kuwi saka anggur sing durung mateng utawa saka kulité.  ”’Saksuwéné netepi janjiné dadi wong Nazir, wong kuwi ora éntuk nyukur rambuté.+ Wong kuwi kudu tetep suci, carané yaiku rambuté kudu tetep dawa nganti dhèwèké rampung netepi janjiné marang Yéhuwah.  Wong kuwi ora éntuk nyedhaki wong mati saksuwéné netepi janjiné marang Yéhuwah.  Rambuté sing dawa kuwi dadi tandha nèk dhèwèké kuwi wong Nazir kanggo Gusti Allahé. Mula, senajan sing mati kuwi bapaké, ibuné, seduluré lanang, utawa seduluré wédok, dhèwèké ora éntuk nggawé awaké dadi najis.+  ”’Saksuwéné dadi wong Nazir, dhèwèké suci kanggo Yéhuwah.  Ning, nèk ujug-ujug ana sing mati ing cedhaké+ lan mayat kuwi ngenani wong Nazir kuwi, rambut sing dadi tandha nèk dhèwèké dipisahké kanggo Gusti Allah kuwi dadi najis. Mula, pas dhèwèké ditetapké ora najis manèh, yaiku ing dina kepitu, dhèwèké kudu nyukur rambuté.+ 10  Ing dina kewolu, wong Nazir kuwi kudu nggawa manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro marang imam ing lawang kémah pertemuan. 11  Imam kudu mènèhké manuk sing siji dadi persembahan dosa lan sing sijiné dadi persembahan bakaran. Imam bakal njaluk bèn dosané wong Nazir kuwi diapura+ merga wong kuwi wis mara nyedhaki wong mati. Terus, wong kuwi kudu nggawé sirahé dadi suci* ing dina kuwi. 12  Wong kuwi kudu mulai manèh dadi wong Nazir kanggo Yéhuwah lan kudu nggawa domba lanang siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan kesalahan. Dina-dina sing wis dilakoni bakal dianggep batal merga dhèwèké wis nggawé awaké dadi najis pas dhèwèké dadi wong Nazir. 13  ”’Iki hukum soal wong Nazir: Nèk wong kuwi wis rampung netepi janjiné dadi wong Nazir,+ dhèwèké bakal digawa menyang lawang kémah pertemuan. 14  Ing kono, dhèwèké kudu mènèhké persembahan marang Yéhuwah, yaiku domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ domba wédok siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan dosa,+ lan domba lanang siji dadi korban kerukunan.*+ Kabèh kéwan kuwi kudu sing séhat. 15  Dhèwèké ya kudu mènèhké sak kranjang roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang sing digawé saka tepung alus lan dicampur minyak, roti tipis tanpa ragi sing diolèsi minyak, persembahan biji-bijian+ lan persembahan minumané.+ 16  Imam kudu mènèhké kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah, terus mènèhké persembahan dosa lan persembahan bakaran mau. 17  Imam bakal mènèhké domba lanang kuwi dadi korban kerukunan* kanggo Yéhuwah bareng karo sak kranjang roti tanpa ragi kuwi. Imam ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian+ lan persembahan minumané. 18  ”’Wong Nazir kuwi kudu nyukur rambuté ing lawang kémah pertemuan, terus njupuk rambut sing dicukur+ kuwi lan dicemplungké ing geni sing ana ing ngisoré korban kerukunan.* 19  Terus, imam kudu njupuk bagéan pupu ngarep saka domba lanang sing wis digodhog,+ roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, lan roti tipis tanpa ragi siji. Terus, imam kudu ndèlèhké kuwi kabèh ing tlapak tangané wong Nazir kuwi sakwisé wong kuwi nyukur tandha sing nduduhké nèk dhèwèké kuwi wong Nazir. 20  Imam kudu ngayun-ayunké kuwi kabèh ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.+ Kuwi kabèh suci lan kanggo imam, termasuk bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun, lan bagéan sikil yaiku bagéan sing suci.+ Bar kuwi, wong Nazir kuwi éntuk ngombé anggur. 21  ”’Iki hukum soal wong Nazir+ sing wis nggawé janji: Nèk dhèwèké janji arep mènèhi persembahan marang Yéhuwah ngluwihi sing wis ditentokké, dhèwèké kudu netepi janji kuwi nurut hukum soal wong Nazir.’” 22  Terus Yéhuwah kandha manèh marang Musa, 23  ”Kowé kudu kandha marang Harun lan anak-anaké lanang, ’Nèk kowé arep mberkahi+ wong Israèl kandhaa ngéné, 24  ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi+ lan nglindhungi kowé. 25  Muga-muga Yéhuwah nampa kowé,+ lan muga-muga Dhèwèké seneng karo kowé. 26  Muga-muga Yéhuwah apikan karo kowé lan mènèhi kowé rasa tentrem.”’+ 27  Wong-wong kuwi kudu nggunakké jeneng-Ku kanggo mberkahi bangsa Israèl+ bèn Aku mberkahi bangsa kuwi.”+

Katrangan Tambahan

Artiné ”Wong sing Dikhususké; Wong sing Ditetapké kanggo Ngabdi; Wong sing Dipisahké”.
Mungkin carané ndawakké rambuté.