Wilangan 7:1-89

  • Persembahan kanggo peresmian tabernakel (1-89)

7  Pas Musa rampung ngedegké tabernakel,+ dhèwèké nyipratké+ minyak ing* tabernakel lan nggawé kuwi kabèh dadi suci, termasuk kabèh perabotan,+ mézbah, lan kabèh perlengkapané. Wektu dhèwèké rampung nyipratké minyak lan nggawé kuwi kabèh dadi suci,+  para pemimpin Israèl,+ yaiku para pemimpin suku,* padha mènèhi persembahan. Wong-wong kuwi pemimpin suku sing ngawasi pendaftaran.  Wong-wong kuwi nggawa persembahan ing ngarepé Yéhuwah, yaiku grobag sing ana atapé 6 lan sapi lanang 12. Saben pemimpin loro mènèhi grobag siji, lan saben pemimpin mènèhi sapi lanang siji. Wong-wong kuwi nggawa kuwi kabèh ing ngarepé tabernakel.  Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kabèh persembahan kuwi tampanen merga kuwi kabèh bakal digunakké kanggo pelayanan ing kémah pertemuan. Wènèhna kuwi kabèh marang wong Lèwi sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé.”  Mula, Musa nampa kabèh grobag lan sapi lanang kuwi, terus mènèhké kuwi marang wong Lèwi.  Musa mènèhké grobag loro lan sapi lanang papat marang keturunané Gèrsyon sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé.+  Musa mènèhké grobag papat lan sapi lanang wolu marang keturunané Mérari sesuai karo sing dibutuhké bèn isa nindakké tugasé. Kabèh tugasé wong-wong kuwi diawasi Itamar anaké Imam Harun.+  Ning, keturunané Kohat ora diwènèhi apa-apa merga tugasé wong-wong kuwi mikul+ barang-barang sing digunakké ing panggonan suci.+ 10  Para pemimpin ya mènèhké persembahan kanggo peresmian+ mézbah wektu mézbah kuwi diciprati minyak.* Pas para pemimpin nggawa persembahan kuwi ing ngarep mézbah, 11  Yéhuwah kandha marang Musa, ”Saben dina, siji pemimpin kudu mènèhké persembahané kanggo peresmian mézbah.” 12  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-1 yaiku Nahsyon+ anaké Aminadab saka suku Yéhuda. 13  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel* lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 14  lan cangkir* emas siji sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 15  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 16  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 17  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Nahsyon anaké Aminadab.+ 18  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-2 yaiku Nétanèl+ anaké Zuar pemimpiné suku Isakhar. 19  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 20  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 21  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 22  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 23  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Nétanèl anaké Zuar. 24  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-3 yaiku Èliab+ anaké Hélon pemimpiné suku Zébulon. 25  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 26  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 27  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 28  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 29  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èliab+ anaké Hélon. 30  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-4 yaiku Èlizur+ anaké Syédéur pemimpiné suku Rubèn. 31  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 32  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 33  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 34  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 35  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èlizur+ anaké Syédéur. 36  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-5 yaiku Syélumièl+ anaké Zurisyadai pemimpiné suku Siméon. 37  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 38  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 39  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 40  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 41  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Syélumièl+ anaké Zurisyadai. 42  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-6 yaiku Èliasaf+ anaké Déuèl, pemimpiné suku Gad. 43  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 44  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 45  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 46  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 47  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èliasaf+ anaké Déuèl. 48  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-7 yaiku Èlisyama+ anaké Amihud, pemimpiné suku Éfraim. 49  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 50  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 51  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 52  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 53  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Èlisyama+ anaké Amihud. 54  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-8 yaiku Gamalièl+ anaké Pédahzur, pemimpiné suku Manasyé. 55  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 56  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 57  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 58  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 59  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Gamalièl+ anaké Pédahzur. 60  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-9 yaiku Abidan+ anaké Gidéoni, pemimpiné+ suku Bènyamin. 61  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 62  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 63  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 64  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 65  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Abidan+ anaké Gidéoni. 66  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-10 yaiku Ahièzèr+ anaké Amisyadai, pemimpiné suku Dan. 67  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 68  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 69  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 70  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 71  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Ahièzèr+ anaké Amisyadai. 72  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-11 yaiku Pagièl+ anaké Okhran, pemimpiné suku Asyèr, 73  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 74  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 75  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 76  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 77  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Pagièl+ anaké Okhran. 78  Sing mènèhké persembahan ing dina ke-12 yaiku Ahira+ anaké Énan, pemimpiné suku Naftali. 79  Persembahané yaiku piring pérak siji sing aboté 130 syèkel lan mangkok pérak siji sing aboté 70 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ loro-loroné kebak karo tepung alus sing dicampur minyak dadi persembahan biji-bijian,+ 80  lan cangkir emas sing aboté 10 syèkel, kebak karo dupa. 81  Dhèwèké ya mènèhi sapi lanang enom siji, domba lanang siji, lan domba lanang enom siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan bakaran,+ 82  lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+ 83  Dhèwèké ya mènèhi korban kerukunan*+ yaiku sapi lanang loro, domba lanang lima, kambing lanang lima, lan domba lanang enom lima sing umuré setaun. Kuwi persembahané Ahira+ anaké Énan. 84  Iki persembahané para pemimpin Israèl kanggo peresmian+ mézbah wektu mézbah kuwi diciprati minyak:* Piring pérak 12, mangkok pérak 12, lan cangkir emas 12.+ 85  Saben piring pérak aboté 130 syèkel lan saben mangkok aboté 70 syèkel. Jumlahé pérak sing dienggo nggawé piring lan gelas kuwi aboté 2.400 syèkel nurut syèkel* panggonan suci,+ 86  terus 12 cangkir emas sing kebak karo dupa kuwi, saben cangkir aboté 10 syèkel nurut syèkel* panggonan suci. Jumlahé emas sing dienggo nggawé kabèh cangkir kuwi aboté 120 syèkel. 87  Jumlahé ternak kanggo persembahan bakaran yaiku sapi lanang 12, domba lanang 12, lan domba lanang enom sing umuré setaun jumlahé 12. Kuwi kabèh diwènèhké bareng karo persembahan biji-bijian. Jumlahé ternak kanggo persembahan dosa yaiku kambing enom 12. 88  Jumlahé ternak kanggo korban kerukunan* yaiku sapi lanang 24, domba lanang 60, kambing lanang 60, lan domba lanang enom sing umuré setaun jumlahé 60. Kuwi persembahan kanggo peresmian+ mézbah sakwisé mézbah kuwi diciprati minyak.*+ 89  Kapan waé Musa mlebu ing kémah pertemuan kanggo omong-omongan karo Gusti Allah,+ dhèwèké bakal krungu swara saka tengah-tengahé kerub+ sing ana ing ndhuwuré+ Pethi Kesaksian.* Ya ngono kuwi Gusti Allah omong-omongan karo dhèwèké.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”dhèwèké nglantik”.
Lit.: ”pemimpin keluarga pihak bapak”.
Lit.: ”mézbah kuwi dilantik”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”mangkok cilik”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Lit.: ”mézbah kuwi dilantik”.
Utawa ”ukuran berat”.
Utawa ”ukuran berat”.
Lit.: ”mézbah kuwi dilantik”.
Deloken ctn. ing Pa 16:34.