Wilangan 8:1-26

  • Harun ngurubké pitu lampu (1-4)

  • Wong Lèwi disucèkké, mulai nglayani (5-22)

  • Batas umur kanggo wong Lèwi sing éntuk tugas (23-26)

8  Yéhuwah kandha marang Musa,  ”Kowé kudu kandha marang Harun, ’Wektu kowé ngurubké lampu, lampu pitu kuwi kudu madhangi dhaérah ing ngarepé wadhah lampu kuwi.’”+  Mula, Harun nindakké kuwi. Dhèwèké ngurubké lampu kuwi bèn isa madhangi dhaérah ing ngarepé wadhah lampu kuwi,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.  Iki carané nggawé wadhah lampu kuwi: Kuwi digawé saka emas sing dibentuk nganggo palu. Saka gagang nganti kembang-kembangé digawé nganggo cara dibentuk nganggo palu.+ Wadhah lampu kuwi digawé sesuai karo wahyu+ sing diwènèhké Yéhuwah marang Musa.  Yéhuwah kandha manèh marang Musa,  ”Pisahna wong Lèwi saka antarané wong Israèl lan sucèkna wong-wong kuwi.+  Iki carané nggawé wong-wong kuwi dadi suci: Kowé kudu nyipratké banyu kanggo ngresiki dosa marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kudu nyukur rambuté lan rambut ing awaké nganggo pisau cukur, terus ngumbah klambiné lan ngresiki awaké.+  Terus, wong-wong kuwi kudu njupuk sapi lanang enom+ siji lan persembahan biji-bijian+ yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Kowé ya kudu njupuk sapi lanang enom siji manèh dadi persembahan dosa.+  Gawanen wong Lèwi menyang ngarep kémah pertemuan lan klumpukna kabèh wong Israèl.+ 10  Pas kowé nggawa wong Lèwi ing ngarepé Yéhuwah, wong Israèl kudu ndèlèhké tangané ing sirahé wong Lèwi.+ 11  Terus, Harun kudu mènèhké* wong Lèwi ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun+ saka bangsa Israèl. Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas nglayani Yéhuwah.+ 12  ”Terus, wong Lèwi kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi-sapi lanang kuwi.+ Sapi siji diwènèhké dadi persembahan dosa, lan sing sijiné manèh dadi persembahan bakaran marang Yéhuwah bèn dosa-dosané wong Lèwi diapura.+ 13  Kongkonen wong Lèwi ngadeg ing ngarepé Harun lan anak-anaké lanang, terus kowé kudu mènèhké* wong-wong kuwi dadi persembahan sing diayun-ayun marang Yéhuwah. 14  Pisahna wong Lèwi saka antarané wong Israèl, lan wong Lèwi bakal dadi duwèk-Ku.+ 15  Sakwisé kuwi, wong Lèwi bakal teka lan nglayani ing kémah pertemuan. Ya ngono kuwi carané kowé nggawé wong-wong kuwi dadi suci lan mènèhké* wong-wong kuwi dadi persembahan sing diayun-ayun. 16  Kuwi wong-wong sing wis diwènèhké marang Aku saka antarané wong Israèl. Aku milih wong-wong kuwi kanggo Aku. Wong-wong kuwi dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ 17  Saben anak lanang pertama ing Israèl kuwi duwèk-Ku, embuh kuwi anak lanang pertamané manungsa utawa kéwan.+ Pas matèni kabèh anak pertama ing Mesir,+ Aku misahké* kuwi kabèh kanggo Aku. 18  Aku milih wong Lèwi kanggo gantiné kabèh anak pertama ing Israèl. 19  Saka antarané wong Israèl, Aku bakal mènèhké wong Lèwi marang Harun lan anak-anaké lanang. Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas kanggo wong Israèl ing kémah pertemuan+ lan njaluk bèn dosa-dosané wong Israèl diapura, supaya wong Israèl ora kena bencana+ merga nyedhaki panggonan suci.” 20  Terus, Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl nindakké kabèh sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa soal wong Lèwi. 21  Mula, wong Lèwi nggawé awaké dadi suci lan ngumbah klambiné.+ Bar kuwi, Harun mènèhké* wong-wong kuwi ing ngarepé Yéhuwah+ dadi persembahan sing diayun-ayun. Terus, Harun njaluk bèn dosa-dosané wong-wong kuwi diapura bèn wong-wong kuwi suci.+ 22  Sakwisé kuwi, wong Lèwi mara ing kémah pertemuan kanggo nindakké tugas sing diawasi karo Harun lan anak-anaké lanang. Kuwi sing ditindakké marang wong Lèwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa. 23  Yéhuwah kandha marang Musa, 24  ”Iki peraturan kanggo wong Lèwi: Wong lanang sing umuré 25 taun munggah kudu gabung karo kelompok sing tugas ing kémah pertemuan. 25  Ning nèk umuré wis 50, wong kuwi kudu pènsiun saka tugas kuwi lan ora nglayani manèh. 26  Wong kuwi éntuk mbantu sedulur-seduluré sing isih nglayani ing kémah pertemuan, ning ora éntuk nglayani ing kono. Kuwi sing kudu mbok tindakké soal wong Lèwi lan tugas-tugasé.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.
Utawa ”nyucèkké”.
Lit.: ”ngayunké”. Maksudé, ngongkon wong-wong kuwi gerak maju mundur.