Yosua 1:1-18

  • Yéhuwah nguwatké Yosua (1-9)

    • Maca lan mikirké tenanan hukum Taurat (8)

  • Persiapan nyabrang Kali Yordan (10-18)

1  Sakwisé Musa abdiné Yéhuwah kuwi mati, Yéhuwah kandha marang Yosua*+ anaké Nun, pelayané+ Musa,  ”Musa abdi-Ku wis mati.+ Mula saiki kowé lan bangsa iki kudu siap-siap. Nyabranga Kali Yordan lan lungaa menyang tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi, yaiku wong Israèl.+  Panggonan endi waé sing mbok tekani bakal Tak wènèhké marang kowé kaya sing wis Tak janjèkké marang Musa.+  Wilayahmu dimulai saka padhang belantara nganti tekan Lébanon* lan Kali Éfrat,* yaiku kali gedhé kuwi, lan tekan Laut Besar* ing sisih kulon,*+ termasuk kabèh dhaérahé wong Hèt.+  Saksuwéné kowé urip, ora bakal ana sing isa ngalahké kowé.+ Aku bakal nglindhungi kowé kaya aku nglindhungi Musa.+ Aku mesthi mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.+  Kowé kudu kendel lan kuwat+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki bèn isa nduwèni tanah sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangé.+  ”Kowé kudu kendel lan bener-bener kuwat. Manuta tenanan karo kabèh Hukum sing wis dipréntahké Musa abdi-Ku. Aja nganti kowé ora manut+ supaya kowé isa terus dadi wong sing wicaksana.*+  Kowé kudu terus ngomongké isiné buku Hukum iki.+ Kowé kudu maca lan mikirké kuwi tenanan* awan lan bengi supaya kowé isa manut karo sing ditulis ing kono.+ Nèk kuwi mbok lakoni, sing mbok tindakké bakal berhasil lan kowé dadi wong sing wicaksana.+  Kowé Tak wènèhi préntah manèh, kowé kudu kendel lan kuwat. Aja wedi, merga ing endi waé kowé lunga, Yéhuwah Gusti Allahmu nglindhungi kowé.”+ 10  Terus, Yosua mréntahké para pemimpiné bangsa kuwi, 11  ”Lungaa menyang perkémahan lan préntahna bangsa iki, ’Siapna panganan merga telung dina manèh kowé bakal nyabrang Kali Yordan kanggo ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé kabèh.’”+ 12  Yosua kandha marang suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé, 13  ”Élinga karo sing dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé:+ ’Yéhuwah Gusti Allahmu wis mènèhi kowé tanah iki supaya kowé isa tentrem manggon ing kéné. 14  Bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu bakal manggon ing sisih wétané Kali Yordan,+ ing tanah sing diwènèhké Musa marang kowé. Ning kowé kabèh, para pejuang sing hébat,+ kudu ngatur barisan tempur lan nyabrang kali iki ndhisiki sedulurmu.+ Kowé kabèh kudu mbantu sedulurmu 15  nganti Yéhuwah nggawé sedulurmu isa manggon tentrem kaya kowé lan isa ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu. Sakwisé kuwi, balia menyang tanah sing wis diwènèhké marang kowé supaya mbok enggoni, yaiku tanah ing sisih wétané Kali Yordan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah marang kowé.’”+ 16  Wong-wong kuwi njawab, ”Aku bakal nglakoni kabèh sing mbok préntahké lan lunga menyang endi waé kowé ngutus aku.+ 17  Aku bakal ngrungokké kowé kaya aku ngrungokké Musa. Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu ndhukung kowé kaya Dhèwèké ndhukung Musa.+ 18  Sapa waé sing mbrontak lan ora manut karo préntahmu bakal dihukum mati.+ Kowé kudu kendel lan kuwat.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Yéhosyua”, artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.
Maksudé, batas sisih wétan.
Utawa ”ing arah matahari terbenam”.
Maksudé, Laut Tengah.
Maksudé, batas sisih lor.
Utawa ”lan maca nganggo swara lirih”.