Yosua 10:1-43

  • Israèl mbéla wong Gibéon (1-7)

  • Yéhuwah perang kanggo Israèl (8-15)

    • Udan watu nibani mungsuh-mungsuh (11)

    • Matahari mandheg (12-14)

  • Lima raja dipatèni (16-28)

  • Kutha-kutha ing sisih kidul direbut (29-43)

10  Raja Adoni-zèdèk saka Yérusalèm krungu nèk Yosua wis ngrebut Ai lan ngremuk kutha kuwi. Dhèwèké krungu nèk Yosua wis ngremuk Ai lan matèni rajané,+ kaya pas Yosua ngremuk Yérikho lan matèni rajané.+ Dhèwèké ya krungu nèk penduduk Gibéon wis damai karo Israèl+ lan manggon bareng karo wong Israèl.  Mula, Raja Adoni-zèdèk dadi wedi banget+ merga Gibéon kuwi kutha sing gedhé kaya kutha sing dipréntah raja. Kutha kuwi luwih gedhé timbang Ai+ lan kabèh wong lanangé kuwi pejuang.  Terus, Adoni-zèdèk raja Yérusalèm ngirim pesen marang Hoham raja Hébron,+ Piram raja Yarmut, Yafia raja Lakhis, lan Débir raja Églon:+  ”Bantunen aku. Ayo nyerang Gibéon merga wong Gibéon wis damai karo Yosua lan wong Israèl.”+  Mula lima rajané wong Amori,+ yaiku raja Yérusalèm, raja Hébron, raja Yarmut, raja Lakhis, lan raja Églon ngumpul bareng karo pasukané. Kabèh padha baris lan ngepung Gibéon arep nyerang kutha kuwi.  Terus, wong Gibéon ngirim pesen marang Yosua ing perkémahan ing Gilgal:+ ”Aja ninggalké* budhak-budhakmu iki.+ Ndang mrénéa! Slametna lan tulungana aku. Kabèh rajané wong Amori saka wilayah pegunungan padha bersatu arep nglawan aku.”  Mula, Yosua mangkat saka Gilgal bareng karo kabèh prajurit lan para pejuang sing hébat.+  Terus Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi karo raja-raja kuwi+ merga kabèh wis Tak serahké marang kowé.+ Ora ana sing isa nglawan kowé.”+  Sakwisé mlaku sewengi muput saka Gilgal, Yosua nyerang wong-wong kuwi dadakan. 10  Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi bingung.+ Wong Israèl matèni wong akèh banget ing Gibéon. Sisané sing isih urip dioyak* lan dipatèni ing dalan munggah menyang Bèt-horon nganti tekan Azéka lan Makéda. 11  Wektu wong-wong kuwi mlayu lan mudhun saka Bèt-horon, Yéhuwah nggawé udan watu gedhé saka langit sing nibani wong-wong kuwi nganti tekan Azéka lan wong-wong kuwi mati. Sing mati merga udan watu luwih akèh timbang sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang. 12  Pas Yéhuwah ngalahké wong Amori ing ngarepé wong Israèl, Yosua kandha marang Yéhuwah ing ngarepé wong Israèl, ”Matahari, mandhega+ ing ndhuwuré Gibéon,+Lan bulan ing ndhuwuré Lembah Aiyalon!” 13  Mula, matahari mandheg lan bulan ora obah nganti bangsa Israèl ngalahké mungsuh-mungsuhé. Kuwi kabèh ditulis ing buku Yasyar.+ Dina kuwi matahari ora terbenam. Matahariné kétok nganti sedina muput. 14  Durung tau ana dina sing kaya ngono. Sakdurungé utawa sakwisé, Yéhuwah durung tau nuruti sing dijaluk manungsa nganggo cara kaya ngono.+ Yéhuwah dhéwé sing perang kanggo Israèl.+ 15  Bar kuwi, Yosua lan kabèh prajurit Israèl bali menyang perkémahan ing Gilgal.+ 16  Ning, lima raja kuwi mlayu lan ndhelik ing guwa ing Makéda.+ 17  Terus Yosua éntuk laporan, ”Lima raja kuwi ndhelik ing njero guwa ing Makéda.”+ 18  Mula Yosua kandha, ”Tutupen guwa kuwi nganggo watu sing gedhé lan tugasna penjaga ing kono. 19  Ning, sing liyané aja meneng waé. Kowé kudu ngoyak* mungsuh-mungsuhmu lan serangen saka mburi.+ Aja nganti wong-wong kuwi mlebu ing kuthané merga Yéhuwah Gusti Allahmu wis nyerahké wong-wong kuwi.” 20  Yosua lan wong Israèl wis matèni wong akèh banget nganti mèh kabèh wong kuwi disingkirké, kecuali wong sing mlayu lan mlebu ing kutha sing ana bèntèngé. 21  Bar kuwi, kabèh prajurit isa slamet lan marani Yosua ing perkémahan ing Makéda. Ora ana sing wani nantang* wong Israèl. 22  Terus Yosua kandha, ”Bukaken guwané, lan lima raja kuwi gawanen mréné.” 23  Bar kuwi, para prajurit nggawa metu lima raja kuwi, yaiku raja Yérusalèm, raja Hébron, raja Yarmut, raja Lakhis, lan raja Églon.+ 24  Pas para prajurit nggawa lima raja kuwi marang Yosua, Yosua ngundang* kabèh wong lanang Israèl, lan kandha marang para pemimpin prajurit sing mèlu dhèwèké, ”Mrénéa. Idaken guluné* raja-raja iki.” Mula, para pemimpin kuwi ngidak guluné raja-raja kuwi.+ 25  Terus Yosua kandha marang wong-wong lanang Israèl, ”Aja wedi.+ Kowé kudu kendel lan kuwat merga kuwi sing bakal ditindakké Yéhuwah marang kabèh mungsuh sing bakal mbok lawan.”+ 26  Terus, Yosua matèni lan nggantung lima raja kuwi ing cagak.* Mayaté tetep digantung ing cagak nganti soré. 27  Pas matahari terbenam, Yosua mréntahké bèn mayaté raja-raja kuwi diedhunké saka cagak+ lan diuncalké ing guwa sing mau dienggo ndhelik. Terus guwa kuwi ditutup nganggo watu gedhé, lan kuwi isih ana nganti saiki. 28  Dina kuwi, Yosua ngrebut Makéda+ lan matèni wong-wong ing kutha kuwi nganggo pedhang. Dhèwèké matèni rajané lan wong-wong ing kutha kuwi nganti ora ana sing slamet.+ Dhèwèké matèni raja Makéda+ kaya dhèwèké matèni raja Yérikho. 29  Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Makéda menyang Libna lan nyerang Libna.+ 30  Yéhuwah ya nyerahké kutha kuwi lan rajané+ marang wong Israèl. Wong Israèl ngremuk kutha Libna lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang nganti ora ana sing slamet. Wong Israèl matèni raja Libna kaya matèni raja Yérikho.+ 31  Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Libna menyang Lakhis.+ Wong Israèl kémah ing kono lan nyerang kutha kuwi. 32  Yéhuwah nyerahké Lakhis marang wong Israèl. Terus, wong Israèl ngrebut kutha kuwi ing dina keloro. Wong Israèl ngremuk kutha Lakhis lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang+ kaya ngremuk kutha Libna. 33  Terus, Horam raja Gèzèr+ teka arep mbantu Lakhis, ning Yosua nyerang dhèwèké lan prajurité nganti ora ana sing slamet. 34  Bar kuwi, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Lakhis menyang Églon.+ Wong-wong kuwi kémah ing kono lan nyerang kutha kuwi. 35  Dina kuwi, wong Israèl ngrebut lan ngremuk kutha Églon nganggo pedhang. Wong Israèl ya matèni wong-wong sing ana ing kono kaya matèni wong Lakhis.+ 36  Terus, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mangkat saka Églon menyang Hébron+ lan nyerang kutha kuwi. 37  Wong-wong kuwi ngrebut lan ngremuk kutha kuwi, rajané, kutha-kutha ing sekitaré, lan matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang nganti ora ana sing slamet. Yosua ngremuk kutha kuwi lan matèni wong-wong ing kono kaya ngremuk Églon. 38  Akhiré, Yosua lan kabèh prajurit Israèl mbalik lan lunga menyang Débir,+ terus nyerang kutha kuwi. 39  Yosua ngrebut lan nyerang kutha kuwi, rajané, lan kutha-kutha ing sekitaré nganggo pedhang. Wong Israèl matèni wong-wong ing kono+ nganti ora ana sing slamet.+ Wong Israèl matèni wong Débir lan rajané kaya matèni wong Hébron lan Libna termasuk rajané. 40  Yosua ngalahké kabèh dhaérah ing pegunungan, Nègèb, Syéféla,+ lan dhaérah lèrèng, termasuk kabèh rajané nganti ora ana sing slamet. Dhèwèké matèni kabèh wong+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 41  Yosua ngalahké wong-wong kuwi saka Kadès-barnéa+ nganti tekan Gaza,+ lan kabèh tanah Gosyèn+ nganti tekan Gibéon.+ 42  Yosua ngalahké kabèh raja kuwi sak kutha-kuthané, merga sing perang kanggo wong Israèl kuwi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 43  Bar kuwi, Yosua lan kabèh prajurit Israèl bali menyang perkémahan ing Gilgal.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Aja ngeculké tanganmu saka”.
Utawa ”diuber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”nglandhepké ilaté marang”.
Maksudé, gulu bagéan mburi.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”wit”.