Yosua 11:1-23

  • Kutha-kutha ing sisih lor direbut (1-15)

  • Sing dikalahké Yosua (16-23)

11  Sakwisé Raja Yabin saka Hazor krungu soal kuwi, dhèwèké ngirim pesen marang Raja Yobab saka Madon,+ lan marang raja saka Syimron, raja saka Akhsyaf,+  yaiku raja-raja sing ana ing dhaérah pegunungan sisih lor, raja-raja ing dataran* sisih kidulé Khinèrèt, raja-raja ing Syéféla, lan ing dhaérah lèrèng Dor+ ing sisih kulon.  Dhèwèké ya ngirim pesen marang wong Kanaan+ ing sisih wétan lan kulon, wong Amori,+ wong Hèt, wong Pèriz, wong Yébus ing dhaérah pegunungan, lan wong Hèwi+ ing ngisor Gunung Hèrmon+ ing dhaérah Mizpa.  Mula, wong-wong kuwi padha mangkat karo kabèh prajurité sing jumlahé akèh banget kaya pasir ing pantai, lan karo jaran-jaran lan kréta perangé sing akèh banget.  Kabèh raja kuwi setuju arep ketemu. Wong-wong kuwi kémah ing Mata Air Mérom merga arep perang nglawan Israèl.  Terus, Yéhuwah kandha marang Yosua, ”Aja wedi karo wong-wong kuwi+ merga sésuk ing wektu kaya ngéné iki, Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi bèn dipatèni wong Israèl. Kowé kudu nglumpuhké sikilé jaran-jarané+ lan kréta-kréta perangé kudu mbok obong.”  Yosua lan kabèh prajurit ujug-ujug nyerang wong-wong kuwi ing Mata Air Mérom.  Yéhuwah nyerahké wong-wong kuwi marang wong Israèl.+ Wong-wong Israèl ngalahké lan ngoyak* wong-wong kuwi nganti tekan Sidon Besar,+ Misréfot-maim,+ lan Lembah Mizpé ing sisih wétan, terus matèni kabèh wong kuwi nganti ora ana sing isih urip.+  Yosua nindakké kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang dhèwèké. Yosua nglumpuhké sikilé jaran-jaran lan ngobong kréta perangé wong-wong kuwi.+ 10  Bar kuwi, Yosua bali ing Hazor lan ngrebut kutha kuwi. Yosua ya matèni rajané nganggo pedhang,+ merga Hazor kuwi kutha sing paling penting ing antarané kabèh kerajaan mau. 11  Wong Israèl matèni wong-wong ing kono nganggo pedhang. Kabèh wong dipatèni nganti+ ora ana sing slamet.+ Terus, Yosua ngobong kutha Hazor. 12  Yosua ngalahké kabèh raja kuwi nganggo pedhang lan ngrebut kutha-kuthané.+ Dhèwèké matèni wong-wong kuwi+ kaya sing dipréntahké Musa abdiné Yéhuwah. 13  Ning, Israèl ora ngobong kutha-kutha sing ana ing ndhuwur bukit. Mung kutha Hazor sing diobong Yosua. 14  Kabèh barang lan ternak ing kutha-kutha kuwi dijarah wong Israèl.+ Ning, wong Israèl matèni saben wong nganggo pedhang nganti ora ana sing isih urip.+ Kabèh wong dipatèni.+ 15  Kabèh préntah sing disampèkké Yéhuwah marang Musa abdiné wis disampèkké Musa marang Yosua.+ Yosua nindakké kabèh préntah kuwi. Yosua nindakké kabèh préntahé Yéhuwah marang Musa.+ 16  Yosua ngalahké kabèh dhaérah kuwi, dhaérah pegunungan, kabèh dhaérah Nègèb,+ kabèh dhaérah Gosyèn, Syéféla,+ Araba,+ lan dhaérah pegunungan Israèl karo perbukitané,* 17  saka Gunung Halak, sing madhep Séir, nganti Baal-gad+ ing Lembah Lébanon ing ngisor Gunung Hèrmon.+ Dhèwèké nangkep lan matèni kabèh rajané. 18  Yosua perang karo kabèh raja kuwi nganti suwé. 19  Ora ana sing nggawé perjanjian damai karo wong Israèl, kecuali wong Hèwi sing manggon ing Gibéon.+ Wong Israèl perang lan ngalahké kabèh kutha liyané.+ 20  Yéhuwah sengaja meneng waé wektu kabèh raja kuwi ndableg+ lan perang nglawan Israèl, bèn kabèh raja kuwi dipatèni tanpa rasa mesakké,+ kaya sing wis dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 21  Wektu kuwi, Yosua matèni wong Anakim+ saka dhaérah pegunungan, yaiku saka Hébron, Débir, Anab, kabèh dhaérah pegunungan Yéhuda, lan kabèh dhaérah pegunungan Israèl. Yosua matèni wong Anakim sak kutha-kuthané.+ 22  Ora ana wong Anakim sing isih urip ing Israèl. Wong-wong kuwi mung ana+ ing Gaza,+ Gat,+ lan Asdod.+ 23  Mula, Yosua nguwasani kabèh dhaérah kuwi kaya sing wis dijanjèkké Yéhuwah marang Musa.+ Yosua mènèhké kuwi dadi warisan kanggo bangsa Israèl bèn dibagi ing antarané suku-suku Israèl sesuai bagéané dhéwé-dhéwé.+ Ora ana perang manèh ing tanah kuwi.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Araba”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”karo dhaérah Syéféla”.