Yosua 12:1-24

  • Raja-raja sing dikalahké ing sisih wétané Kali Yordan (1-6)

  • Raja-raja sing dikalahké ing sisih kuloné Kali Yordan (7-24)

12  Wong Israèl ngrebut dhaérah sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, saka Lembah Arnon*+ tekan Gunung Hèrmon+ lan kabèh dhaérah Araba sisih wétan.+ Iki raja-raja sing dikalahké wong Israèl:  Raja Sihon+ yaiku rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon. Dhèwèké nguwasani Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon.*+ Dhèwèké ya nguwasani tengah-tengahé lembah kuwi lan setengahé Giléad nganti tekan Lembah* Yabok, ing batas dhaérahé wong Ammon.  Dhèwèké ya nguwasani Araba sisih wétan, saka Laut Khinèrèt*+ nganti tekan Laut Araba, yaiku Laut Garam,* termasuk Bèt-yèsyimot nganti tekan ngisor lèrèng Pisga ing sisih kidul.+  Wong Israèl ya ngalahké Raja Og+ saka Basyan. Dhèwèké kuwi salah siji wong Réfaim sing isih urip+ lan manggon ing Astarot lan Édréi.  Dhèwèké nguwasani Gunung Hèrmon, Saléka, lan kabèh dhaérah Basyan+ nganti tekan batas dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat,+ lan setengahé Giléad nganti tekan wilayahé Raja Sihon saka Hésbon.+  Musa abdiné Yéhuwah karo bangsa Israèl ngalahké raja-raja kuwi.+ Sakwisé kuwi, Musa abdiné Yéhuwah mènèhké dhaérahé raja-raja kuwi marang suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.+  Yosua lan bangsa Israèl wis ngalahké kabèh raja sing ana ing sisih kuloné Kali Yordan saka Baal-gad+ ing Lembah Lébanon+ nganti tekan Gunung Halak+ sing madhep Séir.+ Sakwisé kuwi, Yosua mènèhké dhaérahé raja-raja mau marang suku-suku Israèl sesuai karo bagéané dhéwé-dhéwé,+  yaiku ing dhaérah pegunungan, ing Syéféla, ing Araba, ing dhaérah lèrèng, ing padhang belantara, lan ing Nègèb,+ yaiku dhaérah sing dienggoni wong Hèt, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus. Iki raja-raja sing dikalahké mau:+   Raja Yérikho,+ raja Ai+ sing ana ing sebelahé Bètel, 10  raja Yérusalèm, raja Hébron,+ 11  raja Yarmut, raja Lakhis, 12  raja Églon, raja Gèzèr,+ 13  raja Débir,+ raja Gèdèr, 14  raja Horma, raja Arad, 15  raja Libna,+ raja Adulam, 16  raja Makéda,+ raja Bètel,+ 17  raja Tapua, raja Hèfèr, 18  raja Afèk, raja Lassyaron, 19  raja Madon, raja Hazor,+ 20  raja Syimron-méron, raja Akhsyaf, 21  raja Taanakh, raja Mégido, 22  raja Kèdès, raja Yoknéam+ ing Karmèl, 23  raja Dor ing lèrèng Dor,+ raja Goyim ing Gilgal, 24  lan raja Tirza. Kabèh jumlahé ana 31 raja.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Wadi Arnon”.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Laut Mati.
Maksudé, Danau Génésarèt, utawa Laut Galiléa.