Yosua 13:1-33

  • Tanah-tanah sing durung direbut (1-7)

  • Pembagian tanah warisan ing sisih wétané Kali Yordan (8-14)

  • Tanah warisané suku Rubèn (15-23)

  • Tanah warisané suku Gad (24-28)

  • Tanah warisané setengahé suku Manasyé ing sisih wétan (29-32)

  • Yéhuwah sing bakal nyedhiakké kebutuhané suku Lèwi (33)

13  Saiki Yosua wis saya tuwa lan sedhéla manèh wis arep mati.+ Mula Yéhuwah kandha, ”Kowé wis saya tuwa lan sedhéla manèh arep mati, ning isih akèh dhaérah sing kudu direbut.*  Iki dhaérah sing durung direbut:+ kabèh dhaérahé wong Filistin lan kabèh dhaérahé wong Gésyur+  (saka cabangé Kali Nil* ing sisih wétané* Mesir nganti perbatasan Ékron ing sisih lor, sing mbiyèn dianggep dhaérahé wong Kanaan)+ termasuk dhaérahé lima pemimpiné wong Filistin,+ yaiku wong Gaza, wong Asdod,+ wong Askélon,+ wong Gat,+ lan wong Ékron;+ dhaérahé wong Awim+  ing sisih kidul; kabèh dhaérahé wong Kanaan; Méara dhaérahé wong Sidon,+ nganti tekan Afèk, tekan perbatasan dhaérahé wong Amori;  dhaérahé wong Gébal+ lan kabèh dhaérah Lébanon sisih wétan, saka Baal-gad ing sikil Gunung Hèrmon tekan Lébo-Hamat;*+  kabèh dhaérahé wong Sidon sing manggon ing pegunungan saka Lébanon+ nganti tekan Misréfot-maim,+ termasuk kabèh wong Sidon.+ Aku bakal ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé wong Israèl.+ Tugasmu mung mbagi kuwi dadi warisan kanggo bangsa Israèl kaya sing Tak préntahké marang kowé.+  Saiki, baginen dhaérah iki dadi warisan kanggo sanga suku lan setengahé suku Manasyé.”+  Suku Rubèn, suku Gad, lan setengah saka suku Manasyé wis njupuk dhaérah warisan sing wis diwènèhké Musa, yaiku ing sisih wétané Kali Yordan. Dhaérah warisan sing diwènèhké Musa abdiné Yéhuwah,+ yaiku:  saka kutha Aroèr+ sing ana ing pinggir Lembah Arnon,*+ termasuk kutha ing tengah-tengahé lembah kuwi, lan kabèh dataran tinggi ing Médéba nganti tekan Dibon; 10  lan kabèh kuthané Raja Sihon yaiku rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon, nganti perbatasan dhaérahé wong Ammon;+ 11  uga Giléad lan dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat,+ lan Gunung Hèrmon sak kabèhé lan kabèh Basyan+ nganti tekan Saléka;+ 12  kabèh dhaérah kerajaané Raja Og saka Basyan, sing mréntah ing Astarot lan Édréi. (Dhèwèké kuwi salah siji wong Réfaim sing isih urip.)+ Musa ngalahké lan ngusir wong-wong kuwi.+ 13  Ning, wong Israèl ora ngusir+ wong Gésyur lan wong Maakat. Wong Gésyur lan wong Maakat kuwi isih manggon ing antarané wong Israèl nganti saiki. 14  Mung suku Lèwi sing ora diwènèhi warisan.+ Sing dadi warisané wong-wong kuwi yaiku persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl+ kaya sing dijanjèkké Gusti Allah marang suku Lèwi.+ 15  Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang suku Rubèn nurut keluargané suku Rubèn. 16  Dhaérahé mulai saka Aroèr sing ana ing pinggiré Lembah Arnon,* lan kutha ing tengah-tengahé lembah kuwi, lan kabèh dataran tinggi Médéba; 17  Hésbon lan kabèh kuthané+ sing ana ing dataran tinggi, yaiku Dibon, Bamot-baal, Bèt-baal-méon,+ 18  Yahaz,+ Kédémot,+ Méfaat,+ 19  Kiriataim, Sibma,+ lan Zèrèt-syahar ing gunung cedhaké lembah kuwi, 20  Bèt-péor, dhaérah lèrèng Pisga,+ Bèt-yèsyimot,+ 21  kabèh kutha ing dataran tinggi, lan kabèh dhaérah kerajaané Raja Sihon yaiku rajané wong Amori sing mréntah ing Hésbon.+ Musa ngalahké dhèwèké+ lan para pemimpiné wong Midian, yaiku Èwi, Rèkèm, Zur, Hur, lan Réba.+ Wong-wong kuwi manggon ing dhaérah kuwi lan tundhuk marang Raja Sihon. 22  Biléam+ anaké Béor, yaiku tukang ngramal,+ kuwi salah siji saka antarané wong-wong sing dipatèni wong Israèl nganggo pedhang. 23  Batas dhaérahé suku Rubèn kuwi Kali Yordan. Kuwi tanah warisané suku Rubèn nurut keluargané, kutha-kutha karo désa-désané. 24  Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang suku Gad nurut keluargané suku Gad, 25  lan wilayahé termasuk Yazèr,+ kabèh kutha ing Giléad, lan setengah saka dhaérahé wong Ammon,+ nganti tekan Aroèr sing ngadhep Raba;+ 26  saka Hésbon+ nganti tekan Ramat-mizpé lan Bétonim, lan saka Mahanaim+ nganti perbatasané Débir; 27  dhaérah ing lembah, yaiku Bèt-haram, Bèt-nimra,+ Sukot,+ lan Zafon, kuwi dhaérah liyané saka kerajaané Raja Sihon saka Hésbon.+ Batas wilayahé suku Gad kuwi sisih wétané Kali Yordan nganti tekan Laut Khinèrèt*+ bagéan paling kidul. 28  Kuwi tanah warisané suku Gad nurut keluargané, kutha-kutha karo désa-désané. 29  Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang setengahé suku Manasyé nurut keluargané suku Manasyé.+ 30  Wilayahé kuwi saka Mahanaim+ termasuk kabèh dhaérah Basyan, yaiku kabèh wilayah kerajaané Raja Og saka Basyan, lan kabèh kampung perkémahan Yair+ ing Basyan. Wilayahé setengah suku Manasyé kuwi ana 60 kutha. 31  Setengahé Giléad lan Astarot karo Édréi,+ kutha-kutha ing wilayah kerajaané Raja Og saka Basyan diwènèhké marang keturunané Makhir+ anaké Manasyé, yaiku marang setengah keturunané Makhir nurut keluargané. 32  Kuwi tanah warisan sing diwènèhké Musa ing padhang gurun Moab, sabrangé Yérikho, ing sisih wétané Kali Yordan.+ 33  Ning, Musa ora mènèhi warisan marang suku Lèwi.+ Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing bakal nyedhiakké kebutuhané* kaya sing wis dijanjèkké marang wong Lèwi.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”dikalahké”.
Lit.: ”ing ngarepé”.
Utawa ”saka Syihor”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Maksudé, Danau Génésarèt, utawa Laut Galiléa.
Lit.: ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl sing dadi warisané”.