Yosua 14:1-15

  • Pembagian tanah warisan ing sisih kuloné Kali Yordan  (1-5)

  • Kalèb nampa Hébron dadi tanah warisané (6-15)

14  Iki tanah warisan sing ditampa bangsa Israèl ing tanah Kanaan. Imam Èléazar, Yosua anaké Nun, lan para pemimpin keluarga pihak bapak saka kabèh suku Israèl wis mènèhké kuwi marang bangsa Israèl.+  Tanah warisan kanggo sanga setengah suku+ Israèl dibagi nganggo cara diundhi+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa.  Musa wis mènèhké tanah warisan marang loro setengah suku liyané, yaiku tanah ing sabrangé* Kali Yordan,+ lan dhèwèké ora mènèhi tanah warisan marang wong Lèwi.+  Keturunané Yusuf dibagi dadi rong suku,+ yaiku suku Manasyé lan suku Éfraim.+ Suku Lèwi ora éntuk bagéan ing tanah kuwi, kecuali kutha-kutha+ bèn dienggoni lan padhang rumput kanggo ternaké.+  Mula, bangsa Israèl mbagi-mbagi tanah kuwi kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.  Terus, wong-wong lanang saka Yéhuda marani Yosua ing Gilgal.+ Kalèb+ anaké Yéfuné wong Kénaz kandha marang Yosua, ”Kowé ngerti tenan sing diomongké Yéhuwah+ ing Kadès-barnéa+ marang Musa abdiné Gusti Allah sing bener kuwi+ soal aku lan kowé.  Musa abdiné Yéhuwah kuwi ngutus aku saka Kadès-barnéa kanggo ngamati tanah iki pas umurku 40 taun,+ lan aku mènèhi laporan sing saktenané.+  Senajan sedulur-sedulurku sing lunga bareng aku marahi bangsa iki wedi,* ning aku manut karo Yéhuwah Gusti Allahku saktulusé atiku.+  Wektu kuwi Musa janji, ’Tanah sing mbok idak iki bakal sakterusé dadi duwèkmu lan anak-anakmu merga kowé wis manut saktulusé ati marang Yéhuwah Gusti Allahku.’+ 10  Kaya sing dijanjèkké Yéhuwah,+ Dhèwèké wis nglindhungi aku+ 45 taun iki, kèt Yéhuwah ngucapké janji kuwi marang Musa wektu Israèl mlaku ing padhang belantara.+ Saiki, umurku 85 taun, lan aku isih urip. 11  Aku isih kuwat kaya pas mbiyèn Musa ngutus aku. Aku isih isa perang lan nindakké kegiatan liyané kaya wektu kuwi. 12  Mula, wènèhana aku dhaérah pegunungan sing dijanjèkké Yéhuwah dina kuwi. Senajan dina kuwi kowé krungu nèk ing kana ana wong Anakim+ sing kutha-kuthané gedhé lan ana bèntèngé,+ ning aku percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi aku,+ lan aku bakal ngusir wong-wong kuwi kaya janjiné Yéhuwah.”+ 13  Mula, Yosua mberkahi Kalèb anaké Yéfuné lan mènèhké Hébron dadi tanah warisané.+ 14  Kuwi sebabé nganti saiki, Hébron dadi duwèké Kalèb anaké Yéfuné wong Kénaz, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl saktulusé atiné.+ 15  Mbiyèn, Hébron kuwi jenengé Kiriat-arba+ (Arba kuwi jenengé wong penting ing antarané wong Anakim). Ora ana perang manèh ing tanah kuwi.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, ing sisih wétan.
Lit.: ”marahi atiné bangsa iki melèlèh”.