Yosua 15:1-63

  • Tanah warisané suku Yéhuda (1-12)

  • Anak wédoké Kalèb nampa tanah (13-19)

  • Kutha-kutha ing dhaérahé suku Yéhuda (20-63)

15  Tanah bagéané*+ suku Yéhuda nurut keluargané yaiku saka batas dhaérahé wong Édom,+ Padhang Belantara Zin, nganti tekan Nègèb bagéan paling kidul.  Batas sing sisih kidul dimulai saka ujung Laut Garam,*+ yaiku saka teluk sing madhep ngidul.  Batas kuwi isih ngidul manèh tekan Tanjakan Akrabim,+ terus tekan Zin, bar kuwi saka kidul munggah ing Kadès-barnéa,+ Hézron, Adar, lan ménggok tekan Karka.  Batasé isih terus tekan Azmon+ nganti tekan Lembah* Mesir+ lan mentog ing Laut Besar.* Kuwi batas sing sisih kidul.  Batas sing sisih wétan yaiku Laut Garam* nganti tekan Kali Yordan bagéan paling kidul. Batas paling lor yaiku teluk ing Laut Garam, ing Kali Yordan bagéan paling kidul.+  Batasé munggah manèh tekan Bèt-hogla+ ngliwati bagéan loré Bèt-araba,+ terus munggah tekan Watu Bohan.+ Bohan kuwi keturunané Rubèn.  Terus, batasé munggah ing Débir ing Lembah Akhor+ lan ménggok ngalor menyang Gilgal+ sing madhep Tanjakan Adumim ing sisih kidulé lembah.* Saka kono, batasé isih terus tekan Mata Air Èn-syèmès+ lan mentog ing Èn-rogèl.+  Batas kuwi munggah ing Lembah Putra Hinom+ menyang lèrèngé wong Yébus+ ing sisih kidul, yaiku Yérusalèm.+ Batasé isih munggah manèh tekan puncak gunung sing madhep Lembah Hinom ing sisih kulon. Gunung kuwi ana ing bagéan paling lor Lembah Réfaim.  Saka puncak gunung kuwi, batasé isih terus menyang arah Mata Air Néftoa+ nganti tekan kutha-kutha ing Gunung Éfron. Batasé isih terus tekan Baala, yaiku Kiriat-yéarim.+ 10  Saka Baala, batas kuwi ménggok ngulon ing arah Gunung Séir, tekan lèrèng Gunung Yéarim ing lor, yaiku Khésalon, terus mudhun menyang Bèt-syèmès+ lan terus tekan Timna.+ 11  Batasé isih terus tekan arah lor ing lèrèng Ékron,+ terus ing Syikéron, terus ing Gunung Baala, terus ing Yabnéèl, nganti mentog ing laut. 12  Batas sisih kulon wilayahé suku Yéhuda kuwi Laut Besar*+ lan pantainé. Kuwi batas-batas ing sak ubengé tanah sing diwènèhké marang keturunané Yéhuda nurut keluargané. 13  Kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Yosua, Yosua mènèhi Kalèb+ anaké Yéfuné tanah ing dhaérah keturunané Yéhuda, yaiku Kiriat-arba (Arba kuwi bapaké Anak), utawa Hébron.+ 14  Mula, Kalèb ngusir telu keturunané Anak+ saka kono, yaiku Syésyai, Ahiman, lan Talmai.+ Wong-wong kuwi keturunané Anak. 15  Saka kono, Yosua lunga lan nyerang penduduk Débir.+ (Mbiyèn Débir kuwi jenengé Kiriat-sèfèr.) 16  Terus Kalèb kandha, ”Wong sing ngalahké lan ngrebut Kiriat-sèfèr bakal tak dadèkké bojoné Akhsa anakku wédok.” 17  Otnièl+ anaké Kénaz,+ adhiné Kalèb, ngrebut kutha kuwi. Mula, Kalèb mènèhké Akhsa+ anaké dadi bojoné Otnièl. 18  Wektu perjalanan mulih, Akhsa meksa Otnièl supaya njaluk ladhang saka bapaké.* Terus, Akhsa mudhun saka keledainé.* Kalèb takon, ”Kowé péngin apa?”+ 19  Akhsa njawab, ”Tulung wènèhana aku hadiah kanggo tandha nèk njenengan mberkahi aku. Bapak wis mènèhi aku tanah ing sisih kidul.* Saiki tulung aku ya diwènèhi Gulot-maim.”* Mula, Kalèb mènèhké Gulot Ndhuwur lan Gulot Ngisor. 20  Iki tanah warisané suku Yéhuda nurut keluargané. 21  Kutha-kutha sing ana ing ujung dhaérahé suku Yéhuda nganti batas dhaérahé wong Édom+ ing kidul yaiku: Kabzéèl, Èdèr, Yagur, 22  Kina, Dimona, Adada, 23  Kèdès, Hazor, Itnan, 24  Zif, Tèlèm, Béalot, 25  Hazor-hadata, lan Kèriot-hézron yaiku Hazor, 26  Amam, Syéma, Molada,+ 27  Hazar-gadah, Hésmon, Bèt-pèlèt,+ 28  Hazar-syual, Béèr-syéba,+ Biziotia, 29  Baala, Iim, Èzèm, 30  Èltolad, Khèsil, Horma,+ 31  Ziklag,+ Madmana, Sansana, 32  Lébaot, Syilhim, Ain, lan Rimon.+ Kabèh jumlahé ana 29 kutha karo désa-désané. 33  Kutha-kutha ing Syéféla+ yaiku: Èstaol, Zora,+ Asna, 34  Zanoa, Èn-ganim, Tapua, Énam, 35  Yarmut, Adulam,+ Sokoh, Azéka,+ 36  Syaaraim,+ Aditaim, Gédéra lan Gédérotaim.* Kabèh jumlahé ana 14 kutha karo désa-désané. 37  Zénan, Hadasya, Migdal-gad, 38  Diléan, Mizpé, Yoktéèl, 39  Lakhis,+ Bozkat, Églon, 40  Kabon, Lahmam, Khitlis, 41  Gédérot, Bèt-dagon, Naama, lan Makéda.+ Kabèh jumlahé ana 16 kutha karo désa-désané. 42  Libna,+ Ètèr, Asyan,+ 43  Ifta, Asna, Nèzib, 44  Kéila, Akhzib, lan Marésyah. Kabèh jumlahé ana 9 kutha karo désa-désané. 45  Ékron lan kutha-kutha ing sekitaré lan désa-désané, 46  saka Ékron ngulon, kabèh sing ana ing cedhaké Asdod lan désa-désané. 47  Asdod,+ kutha-kutha ing sekitaré lan désa-désané; Gaza,+ kutha-kutha ing sekitaré karo désa-désané, terus mudhun ing Lembah* Mesir, Laut Besar,* lan pesisiré.+ 48  Ing dhaérah pegunungan: Syamir, Yatir,+ Sokoh, 49  Dana, Kiriat-sana yaiku Débir, 50  Anab, Èstémo,+ Anim, 51  Gosyèn,+ Holon, lan Gilo.+ Kabèh jumlahé ana 11 kutha karo désa-désané. 52  Arab, Duma, Ésyan, 53  Yanim, Bèt-tapua, Aféka, 54  Humta, Kiriat-arba yaiku Hébron,+ lan Zior. Kabèh jumlahé ana 9 kutha karo désa-désané. 55  Maon,+ Karmèl, Zif,+ Yuta, 56  Yizréèl, Yokdéam, Zanoa, 57  Kayin, Gibéah, lan Timna.+ Kabèh jumlahé ana 10 kutha karo désa-désané. 58  Halhul, Bèt-zur, Gédor, 59  Maarat, Bèt-anot, lan Èltékon. Kabèh jumlahé ana 6 kutha karo désa-désané. 60  Kiriat-baal yaiku Kiriat-yéarim,+ lan Raba. Kabèh jumlahé ana 2 kutha karo désa-désané. 61  Ing padhang belantara: Bèt-araba,+ Midin, Sekaka, 62  Nibsyan, Kutha Garam, lan Èn-gèdi.+ Kabèh jumlahé ana 6 kutha karo désa-désané. 63  Ning, wong-wong lanang Yéhuda ora isa ngusir+ wong Yébus+ sing manggon ing Yérusalèm.+ Mula, wong Yébus terus manggon bareng wong Yéhuda ing Yérusalèm nganti saiki.

Katrangan Tambahan

Utawa ”Tanah sing diwènèhké nganggo cara diundhi marang”.
Maksudé, Laut Mati.
Maksudé, Laut Tengah.
Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Laut Mati.
Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Laut Tengah.
Utawa mungkin ”Akhsa keplok-keplok ing ndhuwur keledainé”.
Maksudé, Kalèb.
Utawa ”dhaérah Nègèb”.
Artiné ”Tanah sing Akèh Banyuné”.
Utawa mungkin ”Gédéra lan kandhang-kandhang dombané”.
Utawa ”Wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Laut Tengah.